BTJ 1.1
Wiwitan lan Prabu Watugunung
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 2-5
BTJ 1.1.1
Punika sajarahipun para ratu ing tanah Jawi, wiwit saking Nabi Adam apêputra Sis, Êsis apêputra Nur Cahya, Nur Cahya apêputra Nur Rasa, Nur Rasa apêputra Sang Hyang Wêning, Sang Hyang Wêning apêputra Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Tunggal apêputra Bathara Guru, Bathara Guru apêputra gangsal, anama Bathara Sambo, Bathara Brama, Bathara Mahadewa, Bathara Wisnu, Dèwi Sri, Bathara Wisnu wau jumênêng ratu wontên ing pulo Jawi ajêjuluk Prabu Sèt, Kadhatonipun Bathara Guru anama ing Suralaya.
BTJ 1.1.2
Bathara Guru wau kagungan sêngkêran putri ayu ing nagari Mêndhang, karsanipun badhe kainggahakên ing swarga sarta kadamêl garwa. Anuntên Bathara Wisnu panuju sawêk pêpara, kapencut aningali putri ing Mêndhang wau, botên sumêrêp bilih sampun kasêngkêr dhatêng ingkang rama, lajêng kapêndhêt garwa, punika sangêt andadosakên dukanipun Bathara Guru. Sang Hyang Narada lajêng kautus andhawahakên dêduka dhatêng Bathara Wisnu sarta anglungsur karatonipun, Bathara Wisnu anuntên kesah saking ing nagari, atapa dhatêng ing wana wontên sangandhaping uwit wringin jèjèr pitu, ingkang garwa putri ing Mêndhang wau dipun tilar.
BTJ 1.1.3
Kacariyos nagari ing Gilingwêsi, wontên ingkang jumênêng ratu ajêjuluk Watugunung, garwanipun kêkalih,[1] satunggil nama Dèwi Sinta, kalih Dèwi Landêp, putranipun [putrani...] [...pun] pitu likur, sami kakung sadaya, anama Wukir, Kurantil, Tolu, Gumbrêg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Măndhasiya, Julungpujut, Pahang, Kuruwêlut, Marakèh, Tambir, Madhangkungan, Maktal, Wuye, Manahil, Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, Dhukut, sami patutan saking Dèwi Sinta.
BTJ 1.1.4
Kala sêmantên nagari ing Gilingwêsi kadhatêngan gêgêring agêng, kathah tiyang alit ingkang sami risak, sarta awis têdha, asring wontên grahana srêngenge utawi grahana rêmbulan, jawah salah măngsa, lindhu kaping pitu sadintên, punika sadaya anjalajati, yèn nagari ing Gilingwêsi badhe risak. Prabu Watugunung sakalangkung susah ing galih, aningali risakipun ingkang abdi, sang nata sarean wontên ing kathil gadhing, garwanipun ingkang nama Dèwi Sinta angulik, aningali yèn sang nata ciri mastakanipun buthak, matur pitakèn ingkang dados sababipun, sang prabu anyêrêpakên, yèn kalanipun taksih lare, ingkang ibu sawêg angi, sang nata mothah, lajêng dipun gitik ing enthong, ngantos mêdal rahipun, lajêng kesah sapurug-purug.
BTJ 1.1.5
Dèwi Sinta kagèt sangêt, botên sagêd ngandika amiyarsakakên pangandikanipun sang prabu, kèngêtan putranipun ingkang kesah lajêng botên mantuk-mantuk [mantuk-mantu...] [...k] amargi dipun gitik ing enthong, tètès kalihan cariyosipun sang nata, sangêt susahing galihipun, awit kagarwa dhatêng ingkang putra piyambak, ambudi marginipun sagêd uwal saking sang nata, sarèhning dangu kèndêl kemawon kadangu ingkang dados sababipun, Dèwi Sinta matur, yèn sadangunipun kèndêl anggalih jangkêping kaluhuranipun sang nata, namung kirang saprakawis, kirangipun punika dene sang nata dèrèng krama widadari ing Suralaya. Ciptanipun Dèwi Sinta, bilih sang nata anglamar widadari ing Suralaya, amêsthi dados pêrang, sang nata anêmahi seda, punika marginipun badhe uwal saking ingkang raka.
BTJ 1.1.6
Prabu Watugunung sarêng dipun aturi mêkatên, lajêng sumêja nginggahi ing Suralaya anglamar widadari, enggal andhawuhakên parentah dhatêng para punggawa sarta dhatêng anakipun pitu likur wau, angêrig prajuritipun, sang nata bidhal dhatêng ing Suralaya.
BTJ 1.1.7
Sarêng Bathara Guru mirêng yèn ratu ing Gilingwêsi badhe nginggahi ing Suralaya, lajêng animbali ing para dewa, sami dipun tantun purun akalihan botênipun amêthukakên Prabu Watugunung, sadaya aturipun ajrih. Anuntên Sang Hyang Narada asuka rêmbag dhatêng Bathara Guru, animbalana ingkang putra Bathara Wisnu, mawi dipun sagahana, bilih kadugi angawonakên ratu ing Gilingwêsi, kaapuntên [kaa...] [...puntên] sadosanipun, awit liyanipun Bathara Wisnu kadugi botên wontên ingkang kuwawi mêngsah Prabu Watugunung. Bathara Guru parêng, Sang Hyang Narada lajêng tumurun saking Suralaya, badhe angupadosi Bathara Wisnu.