BTJ 1.3

Silsilah Para Ratu nganti Raden Sesuruh

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 10-12

BTJ 1.3.1

Saking aturipun Sang Hyang Narada dhatêng Bathara Guru, Bathara Wisnu katurunakên dhatêng marcapada; dados ratunipun ing lêlêmbat. Angêrèhakên wolung panggenan. Ing rêdi Marapi, ing Pamantingan, ing Kabareyan, ing Lodaya, ing Kuwu, ing Wringin pitu, ing Kayu Landheyan, ing Roban.

BTJ 1.3.2

Bathara Brama katurunakên dhatêng marcapada jumênêng ratu wontên ing nagari ing Gilingwêsi, anggêntosi Prabu Watugunung. Pulo Jawi sampun nungkul. Lami-lami Bathara Brama apêputra èstri, anama Bramani, Bramani apêputra Tritrustha, Tritrustha apêputra Parikênan. Parikênan apêputra Manumanasa, Manumanasa apêputra Sakutrêm. Sakutrêm apêputra Sakri, Sakri apêputra Palasara, Palasara apêputra Bagawan Abiyasa, Bagawan Abiyasa apêputra Pandhu Dewanata jumênêng ratu wontên ing Ngastina, Pandhu Dewanata apêputra Arjuna, Arjuna apêputra Abimanyu, Abimanyu seda wontên ing paprangan, atilar garwa wawrat sêpuh, ambabar miyos kakung, anama Parikêsit, jumênêng ratu wontên nagari ing Ngastina ugi, Prabu Parikêsit apêputra Yudayana, Yudayana apêputra Gêndrayana, Gêndrayana apêputra Jayabaya, anuntên sirna nagarinipun. [na...] [...garinipun.]

BTJ 1.3.3

Jayabaya ing Kadhiri apêputra Jayamijaya, Jayamijaya apêputra Jayamisena, Jayamisena apêputra Kusumawicitra, Kusumawicitra apêputra Citrasoma, Citrasoma apêputra Păncadriya, Păncadriya pêputra Anglingdriya, Anglingdriya pêputra Prabu Sawelacala, angratoni ing tanah Jawi nagarinipun ing Purwacarita, Prabu Sawelacala apêputra Sri Mahapunggung, pêpatihipun anama Jugulmudha, Sri Mahapunggung apêputra Kandhihawan. Pêpatihipun anama Konthara, Kandhihawan apêputra gangsal. Ingkang pambayun anama Panuhun. Dados ratunipun tiyang tani, adêdalêm wontên ing Pagêlèn. Panggulunipun anama Sandhang Garba, dados ratunipun tiyang dagang, adalêm wontên ing Jêpara, panêngahipun anama Karungkala, karêmênanipun saba wana, dados ratunipun tuwaburu, adalêm wontên ing Prambanan, ajêjuluk Ratu Baka, sundhulanipun anama Tunggul Mêtung, karêmanipun andèrès, dados ratunipun tiyang anggaota, wuragilipun anama Rêsi Gathayu, anggêntosi ingkang rama, jumênêng ratu wontên ing Koripan. Sadhèrèk sakawan wau sami kalèrèh.

BTJ 1.3.4

Rêsi Gathayu apêputra gangsal. Pambajêngipun èstri, anama Rara Suciyan. Panggulunipun anama Lêmbu Amiluhur, jumênêng ratu ing Jênggala, panêngahipun Lêmbu Pêtêng, jumênêng ratu ing Kadhiri, sundhulanipun anama Lêmbu Pangarang, jumênêng ratu ing Gêgêlang, wuragilipun èstri, anama Ni Mrêgiwăngsa, krama angsal Lêmbu Amijaya, ingkang jumênêng ratu ing Singasari. Lêmbu Amiluhur apêputra Panji krama angsal putri ing Kadhiri, anama Dèwi Căndrakirana utawi Dèwi Galuh, Panji apêputra Kudalaleyan, jumênêng ratu ing Pajajaran. Prabu Laleyan apêputra Banjaransari, Banjaransari apêputra Mundhingsari, Mundhingsari apêputra Mundhingwangi, Mundhingwangi apêputra Sri Pamêkas. Sri Pamêkas apêputra Arya Bangah, kalih Radèn Sêsuruh, Arya Bangah jumênêng ratu wontên ing Galuh, Radèn Sêsuruh punika ingkang dipun gadhang jumênêng ratu ing nagari Pajajaran.