BTJ 1.4

Siyung Wanara lan Pajajaran

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 12-18

BTJ 1.4.1

Anuntên kacariyos wontên ajar, atapa ing rêdi Pajajaran, anama Ajar Cêpaka, misuwur yèn tasdik, sumêrêp samukawis kang dèrèng kalampahan. Wartos punika sampun katur ing sang nata, sang prabu karsa angayoni kasagêdanipun kyai ajar, adhawah dhumatêng pêpatihipun, andikakakên dhatêng rêdi, kêpanggih kalihan ki ajar, sarta ambêkta kalangênan sêlir, prênahing wêtêngipun kinandhutan bokor, sampun kados tiyang wawrat mêkatên. Supados dipun batanga dhatêng kyai ajar, jalêr èstrining wawratanipun. Ki patih lajêng [la...] [...jêng] lumampah dhatêng ing rêdi, andhawahakên timbalanipun sang nata dhatêng ki ajar, kyai ajar sumêrêp yèn dipun ayoni kasagêdanipun dhatêng sang nata, wawratan wau dipun badhe jalêr. Ki patih sampun munjuk dhatêng sang prabu, sang nata sangêt suka ing galih, awit ki ajar wau kagalih dora, sarêng sêlir dipun rucati tapihipun. Bokor botên wontên. Èstu ing wawratipun. Sang nata sangêt duka, lajêng andhawahakên parentah amêjahi ajar, sapêjahipun ki ajar wontên swara kapirêngan ing sang nata, ujaring swara, hèh Sang Ratu ing Pajajaran, aku kopatèni tanpa dosa, besuk aku malês mênyang kowe, yèn ana wong aran Siyung Wanara, ing kono ênggonku malês. Anuntên nagari ing Pajajaran kenging wêwêlak agêng, kathah têtiyang kang sami pêjah, andadosakên prihatosipun sang nata. Lajêng animbali para nujum andangu têtulaking pagêring, aturipun para nujum, sang nata kapurih suka-suka adhahar eca, sabibaring dhahar lajêng anyarenana tiyang èstri, punika ingkang minăngka têtulaking pagêring, nanging sang nata ing benjing badhe amanggih bilai, dipun sedani dhatêng putranipun piyambak, ingkang mêdal saking garwa sêlir. Sang prabu inggih anglampahi ing pitêdahipun para nujum. [nu...] [...jum.] Sabibaring kasukan dhahar eca, sang nata wuru sangêt, lajêng anyarèni sêlir, pinuju ingkang dipun batang wawrat dhatêng ki ajar wau. sarêng sampun andungkap ing măngsa wawratanipun mêdal jalêr, sang nata kèngêtan pambatangipun para nujum, jabang bayi lajêng dipun têdhani wisa, nanging botên pasah, anuntên badhe dipun suwèk-suwèk, nanging para inya amambêngi, rêmbagipun, bilih sang nata kêkah ing karsa, badhe amêjahi jabang bayi, prayogi kalêbêtna ing tabêla, kabucal ing lèpèn Karawang,

BTJ 1.4.2

sang nata inggih sampun marêngi, jabang bayi kalêbêtakên ing tabêla, lajêng dipun kèlèkakên ing lèpèn Karawang. Tabêla ingkang dipun kèlèkakên wau kapêndhêt ing tiyang mancing, anama Kyai Buyut ing Karawang, sarêng dipun bikak ing lêbêt isi jabang bayi, abagus warninipun. Kyai Buyut saklangkung suka ing manah, lajêng kabêkta mantuk, kapasrahakên dhatêng semahipun. Nyai Buyut sarèhning botên gadhah anak dados sangêt ing bingahipun. Jabang bayi dipun pulasara, sarêng sampun diwasa botên pitajêng yèn Kyai Buyut bapakipun sayêktos. Sangêt ênggènipun ngudi anêdha dipun jatènana, Kyai Buyut saking ênggènipun badhe anglêgani pitakènipun dados adamêl dora, asanjang yèn gadhah sadherekan, atapa wontên satêngahing [satê...] [...ngahing] wana, sumêrêp sadèrèng winarah, amêsthi sagêd anglêgani ingkang dados pitakèn wau, punika prayogi yèn dipun pitakènana. Ciptanipun Kyai Buyut, măngsa kalampahan Ki Jaka purun dhatêng wana, awit saking têbihipun. Ananging lêpat panyiptanipun. Ki Jaka anêdha dipun atêrêna dhatêng wana. Sarêng sami lumampah Ki Jaka aningali kêthèk, kalihan pêksi siyung, lajêng pitakèn dhatêng Kyai Buyut mênggahing wastanipun. Kyai Buyut inggih anyêrêpakên namaning bêbujêngan kalihan pêksi wau, lajêng kapêndhêt dados namanipun piyambak. Ki Jaka dados anama Siyung Wanara. Sarêng sampun dangu ênggènipun sami lumampah, Siyung Wanara pitakèn griyanipun sadherekan[3] wau. Kyai Buyut kèwêdan ing manah, anyalimpangakên, asanjang yèn sadherekanipun[4] sampun ngalih dhatêng nagari ing Pajajaran, padamêlanipun pandhe, Siyung Wanara sakalangkung bingahipun, cipta badhe sumêrêp ing nagari, anêdha dipun atêrêna dhatêng griyanipun pandhe, Kyai Buyut anuruti, sadhatênge ing griyanipun pandhe, Siyung Wanara kapasrahakên, lajêng katilar mantuk. Salamine wontên griyanipun pandhe, Siyung Wanara sinau pandhe, botên antawis lami sampun sagêd [sagê...] [...d] aparon dhêngkul, apalu asta, asupit dariji, kathah tiyang ingkang sami dhatêng griyanipun, aningali kasêktènipun Jaka Siyung Wanara. Anuju Jaka Siyung Wanara kesah dhatêng pêkên kalih Kyai Pandhe, gajahipun ratu ing Pajajaran sawêk dipun guyang, sarêng aningali dhatêng Siyung Wanara lajêng amurugi, mêndhak wontên ing ngajênganipun, yèn sagêda wicantên sêmunipun mêkatên.

BTJ 1.4.3

Gusti, suwawi kula sampeyan titihi, kula bêkta sowan dhatêng rama jêngandika sang prabu, gajah dipun usap gadhingipun. Sakathahipun ingkang aningali sami eram. Kacariyos Sang Prabu ing Pajajaran miyos sineba ing balanipun, sawêk kalangênan ngabên prang tandhing, Jaka Siyung Wanara anonton, dipun ampah dhatêng Kyai Pandhe botên kenging. Sadhatêngipun ing pasowanan lajêng jajar lênggah kalihan sang nata, botên wontên ingkang sumêrêp, anuntên lumêbêt ing kadhaton, kandhêg wontên ing bale sawo, wondene bale sawo punika bilih dipun gêpok mungêl kados găngsa sarancak. Bale lajêng dipun lênggahi dhatêng Jaka Siyung Wanara, mungêl swaranipun umyung, adamêl kagètipun sang nata, dukanipun inglangkungi[5] lajêng andhawahakên parentah, anyêpêng ingkang purun-purun anggêpok bale, para abdi mantri sami lumampah, Siyung Wanara pinanggih [pinang...] [...gih] tilêm wontên ing bale sawo, lajêng dipun tubruk. Siyung Wanara akêkirig, para mantri sami malêsat. Kathah ingkang katiwasan. Sakantunipun ingkang katiwasan sami lumajêng, angunjuki uninga ing sang prabu. Sang nata kadugi ing galih, sumêrêp kasêktènipun Siyung Wanara, lajêng kaabdèkakên, sarta asring dipun utus angirid prajurit ambêdhah nagari, sabên-sabên angsal damêl. Saking sangêt sihipun sang nata Siyung Wanara kajunjung lênggahipun, kaparingan nama Arya Banyak Widhe, sarta alênggah siti karya salêksa, kajawi saking punika kaakên putra, kawênangakên angêtrapakên paukuman badan, sarta paukuman pêjah. Arya Banyak Widhe anglampahakên sakathahing pandhe, dipun dhawahi damêl kanthil wêsi mawi kori, sarêng sampun dados sarta sampun karêngga, kaprênahakên wontên ing dalêmipun. Kala sêmantên nêgari Pajajaran kadhatêngan mêngsah, sang prabu unggul pêrangipun. Arya Banyak Widhe munjuk ing sang nata, yèn gadhah nadar bilih sang nata unggul ing pêrang, dipun aturi kasukan dhahar eca wontên ing dalêmipun. Sang nata inggih amarêngi, lajêng têdhak dhatêng dalêmipun Arya Banyak Widhe, badhe kasukan dhahar eca. Sabibaring dhahar sang nata aningali kanthil wêsi, andangu dhatêng Arya Banyak Widhe, mênggah pikantukipun adamêl kanthil kados mêkatên punika, Arya Banyak Widhe matur, kanthil punika bilih tiyang lêsu tilêm wontên ing ngriku dados sêgêr, yèn gêrah dados asrêp, yèn asrêp dados gêrah, tiyang sakit dados waluya, sang nata karsa angayoni, nuntên asarean wontên ing kanthil wêsi, sarêng Banyak Widhe aningali sang nata sarean, korining kanthil lajêng dipun kancing, rencangipun dipun kèn anjunjung, badhe dipun labuh dhatêng lèpèn Karawang. Sang nata sangêt ing dukanipun, andangu dosanipun. Wangsulanipun Banyak Widhe, sarèhning kala taksih alit kalabuh ing lèpèn Karawang, ing mangke walês[6] dhatêng sang nata, kanthil wêsi lajêng siyos kalabuh.