BTJ 1.32

Raden Pabelan lan Ratu Sekar Kedhaton

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 150-157

BTJ 1.32.1

Botên antawis lami ing nagari Pajang wontên bupati satunggil, ipenipun Senapati Ngalaga anama Tumênggung Mayang, Tumênggung Mayang wau gadhah putra jalêr satunggil, taksih anèm, sakalangkung bagus warninipun. Sanagari Pajang botên wontên kang mirib, sampun kalok sanagari Pajang bagusipun Radèn Pabelan wau, inggih punika putranipun Tumênggung Mayang, nanging Radèn Pabelan wau asring lampah awon. Angrong pasanakan, anyumur gumuling, sangêt ênggènipun brancah, dipun tantun krama dhatêng ingkang rama botên purun. Ki Tumênggung Mayang sampun kakên galihipun, awit pawulangipun botên dipun gêga, ingkang putra wau lajêng sumêja dipun krenah, supados pêjaha. Kala samantên Radèn Pabelan dipun timbali dhatêng ingkang rama, sadhatênge ing ngarsanipun ingkang rama [ra...] [...ma] angandika, kulup, yèn kowe dhasar ora gêlêm rabi isih gêlêm laku ngiwa, karêpku aja katanggungan. Putrane wadon kangjêng sultan kang jênêng ratu sêkar kadhaton iku rahên, bedhangên. Sanajan kowe matia ucape bêcik. Yèn kabênêran kowe oleh pitulunging Allah bisa dadi bojomu, ora kaya solahmu kang wis kêlakon, ênggonmu sok ambedhang anake bojoning wong, iku ora bêcik. Yèn kongsia bilahi ucape bangêt ênggone nistha. Ingkang putra matur alon. Rama, kula botên sagêd yèn angangkah ambedhang ratu sêkar kadhaton. Sabab panggenanipun salêbêting kadhaton. Ki Tumênggung ngandika, iku gampang bae, sarèhning kalumrahane wong wadon iku amêsthi padha dhêmên kêmbang wangi-wangi, aku ya wis duwe isarat arupa kêmbang capaka, iki aturna marang kangjêng ratu, luwange isaratku iki, samangsane wong wadon wis anampani sarta andêlêng, amêsthi banjur bingung ora enak ênggone mangan sarta turu, lan amêsthi banjur kongkonan. Kowe angadhanga wong kaputrèn. Abdine kangjêng ratu kang sok diutus tuku kêmbang mênyang pasar, iku konên ngaturake marang ing gustine. Radèn Pabelan sampun anampèni sêkar capaka, kawadhahan ing conthong, salêbêting sêkar kadèkèkakên [ka...] [...dèkèkakên] sêrat alit. Sakalangkung rêmit anggènipun andèkèkakên. Radèn Pabelan lajêng kesah dhatêng ing margi cêlak korining alun-alun. Anuntên wontên tiyang èstri satunggil. Abdinipun ratu sêkar kadhaton. Sumêja tumbas sêkar dhatêng ing pêkên. Lajêng dipun andhêg dhatêng Radèn Pabelan sarta dipun sukani sêkar ing conthong, kapurih angaturna ing gustinipun. Èstri wau sampun anampèni sêkar sarta sangêt bingahe manahipun. Sabab botên kangelan dhatêng pêkên lan botên mawi tumbas, lajêng pitakèn.

BTJ 1.32.2

Bilih gusti kula mangke andangu, nama sampeyan sintên. Radèn Pabelan sumaur ambêlakakakên namanipun. Tiyang èstri wau inggih lajêng mantuk dhatêng ing kadhaton, sarta sangêt kasmaraning manahipun, aningali bagusipun Radèn Pabelan. Sadhatêngipun ing kaputrèn sêkar lajêng kaaturakên ing kangjêng ratu, ratu sêkar kadhaton sarêng sampun nampèni sêkar ing conthong lajêng dipun bikak, sarta pinilihan. Anuntên ningali sêkar capaka satunggil wontên sêratipun. Enggal winaos. Ungêlipun. Saking Radèn Pabelan, sumêja ngabdi dhatêng kangjêng ratu, ing donya dumugi dêlahan. Ratu sêkar kadhaton sampuning maos sêrat, sangêt tarataban ing galihipun. Bawanipun èstri sampun [sa...] [...mpun] diwasa, dados sangêt kasmaranipun dhatêng ingkang ngaturi sêrat, kalih dene sampun asring mirêng para tiyang èstri kang sami micantên ing bagusipun Radèn Pabelan. Tiyang èstri kang sampun sami ningali angalêm sadaya, ratu sêkar kadhaton ngandika dhatêng abdinipun anama êmban Soka, biyung, kowe mêtua, anêmanana marang kang awèh kêmbang iki, yèn dhèwèke têmên anggone bakal angèngèr marang aku, mêngko bêngi konên malêbu marang kaputrèn. Êmban Soka aturipun sandika lajêng mêdal. Sampun kêpanggih kalihan Radèn Pabelan. Êmban soka wicantên, radèn dika mangke dalu dipun ajêng-ajêng dhatêng kangjêng ratu, sarta dipun cêcadhang dhêdhaharan tuwin agêm-agêman. Sampun tan botên mangke dalu sampeyan lumêbêta dhatêng kaputrèn. Radèn Pabelan wicantên. Ya bibi, matura ing kangjêng ratu, aja sumêlang galihe, mêngko bêngi aku mêsthi malêbu. Êmban Soka lajêng mantuk dhatêng kaputrèn. Radèn Pabelan nuntên sowan dhatêng ingkang rama Ki Tumênggung Mayang, Radèn Pabelan matur, rama, sêkar pêparing sampeyan sampun kêtampèn dhatêng kangjêng ratu, sarta lajêng utusan. Ing mangke dalu kula dipun timbali dhatêng kaputrèn. Kula inggih sampun sagah, nanging sangêt pakèwêding manah kula, anggèn kula badhe lumêbêt marginipun mêdal ing pundi. [pu...] [...ndi.] Ingkang rama angandika, yèn kowe malêbu ing kaputrèn, aja mêtu ing lawang, manawa konangan wong nganglang, bêcik malumpata ing pagêr bata bae, ayo taktêrake, iki wis wayah sirêp wong. Ki tumênggung sarta ingkang putra lajêng sami mangkat. Sampun dumugi pagêr banon kaputrèn. Radèn Pabelan lajêng kawulang ngèlmu angandhapakên pagêr banon. Pangandikanipun ki tumênggung, yèn kowe bakal mêtu saka kaputrèn, ênggonku amuruk mau apalna, sarta angusap pagêr bata, amêsthi pagêr bata banjur mêndhak dhewe, Radèn Pabelan aturipun nuwun, nanging Radèn Pabelan wau kawulang sisip dhatêng ingkang rama, pamrihipun supados sampun sagêd mêdal. Ki Tumênggung Mayang lajêng andonga sarta angusap pagêr banon.

BTJ 1.32.3

Pagêr banon inggih sampun mêndhak. Radèn Pabelan enggal jumangkah malêbêt. Sarêng Radèn Pabelan sampun lumêbêt. Pagêr banon nuntên kausap malih dhatêng ki tumênggung, sampun inggil kados ingkang wau-wau, ki tumênggung lajêng mantuk. Radèn Pabelan lajêng andhodhot wontên ing kêbon wingkinge dalêmipun kangjêng ratu. Wondene ratu sêkar kadhaton inggih sampun dangu anggènipun angajêng-ajêng, sarêng ing wanci sirêp tiyang lajêng mêdal saking dalêm dhatêng ing kêbon pêpungkuran. Abdinipun èstri botên wontên kang uninga, amung êmban Soka kang andhèrèk. Anuntên kêpanggih kalihan Radèn Pabelan, kalih-kalihipun sangêt anggènipun bingah, kados tiyang amanggih êmas sakranjang, sarta lajêng sami sasêtyan. Sampun tinakdir yèn Radèn Pabelan badhe dados bêbantêning nagari. Kathah tiyang èstri salêbêting kaputrèn. Abdinipun sang putri piyambak kawan dasa, utawi tiyang jalêr nganglang inggih kathah, nanging botên wontên kang uninga dhatêng Radèn Pabelan ing sadalu punika. Ratu sêkar kadhaton lajêng anganthi astanipun Radèn Pabelan. Kabêkta dhatêng pasarean. Andumugekakên ing karsanipun. Sarêng ing dalunipun malih Radèn Pabelan sumêja mantuk, nanging botên sagêd sabab pagêr banon kaputrèn dipun usap wali-wali botên sagêd mêndhak. Radèn Pabelan sampun anyipta yèn badhe pêjah, anuntên wangsul dhatêng ing dalêmipun sang putri malih, sanajan pêjah asarênga kalihan sang putri. Kacariyos Radèn Pabelan wau ênggènipun wontên salêbêting kaputrèn pitung dintên pitung dalu, botên wontên tiyang kang sumêrêp. Sarêng ing wolung dintên, inya tuwin êmbanipun sang putri sami anggraita, sabab sang putri awis-awis mêdal. Tansah wontên salêbêting pasarean. Inya tuwin êmban wau lajêng sami anginjên, sarta anilingakên pamirêng, lajêng sami [sa...] [...mi] sumêrêp yèn gustinipun ulah lambang sari kalihan Radèn Pabelan. Inya tuwin êmban wau enggal angaturi uninga ing kangjêng sultan. Yèn ing kaputrèn kalêbêtan pandung aguna, anyidra ing rêsmi. Kangjêng sultan sarêng mirêng sakalangkung duka, enggal animbali lurah prajurit tamtama kêkalih, anama Wirakêrti kalih Suratanu, lanjaripun kalihdasa, sadhatêngipun ing ngarsane kangjêng sultan lajêng andikakakên mêjahi pandung kang wontên ing kaputrèn. Tiyang tamtama kalih likur enggal sami lumêbêt dhatêng kaputrèn. Nanging sadaya sami kèndêl wontên palataraning kaputrèn. Amung Ngabèi Wirakêrti piyambak kang lumêbêt dhatêng ing dalêmipun sang putri, Radèn Pabelan kêpanggih gêgulêtan kalihan sang putri, anyipta sarênga pêjah, Ngabèi Wirakarti wicantên saking katêbihan. Sabab ajrih cêlak kalihan sang rêtna, thole Radèn Pabelan, mrenea, kowe ngandêla ing calathuku, bapakmu Si kakang Tumênggung Mayang wis bêlaka marang aku bab solahmu iku, aku dikon amurih salamête awakmu, kang iku samêngko aku kang nanggung ing patimu, krana kangjêng sultan wis bangêt pangandêle marang aku, yèn prakara sajroning kadhaton, kowe ya sumurup dhewe, kowe bakal daksuwun ditêmokna bae karo kangjêng ratu, ayo tak jak seba marang kangjêng sultan. Sampun dilalah Radèn Pabelan manahipun gampil, angandêl dhatêng wicantênipun Ki Wirakêrti, uwal ênggènipun gêgulêtan, lajêng tut wingking dhatêng Ki Wirakêrti, sarêng dumugi ing palataran tiyang tamtama enggal anyuduki, Radèn Pabelan sampun pêjah tatunipun arang kranjang, jisimipun kabucal ing lèpèn Ngêlawiyan.