BTJ 1.31

Pajang lan Mataram Saya Tegang

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 143-150

BTJ 1.31.1

Susunan Kalijaga ngandika, Senapati, marenana ênggonira angêndêlake sakti digdayanira iku, dadi iku jênênge wong kibir, para wali ora gêlêm anganggo kaya mêngkono, amêsthi bakal kasiku ing Allah, yèn sira bakal sumêja tulus jumênêng ratu, anganggoa sokur ing satitahe bae, ayo marang Mataram. Ingsun arsa wêruh ing omahira. Lajêng sami mangkat, sampun dumugi ing Mataram. Sang Pandhita aningali [aninga...] [...li] padalêmanipun Senapati dèrèng mawi pagêr lajêng ngandika, omahira ora nganggo pagêr bata, iku ora bêcik, dadi sira jênêng wong ujub riya kibir, angêndêlake kasêktèn sarta têguh digdayanira, upamane kêbo sapi tanpa kandhang mêsthi bakal ucul ing saparan-paran. Kêbo sapi mau bêcik cancangên. Yèn bêngi kandhangna, ing jaba jaganana uwong, sarta pasrahna ing Allah, mêngkono manèh ênggonira omah-omah bêcik nganggoa pagêr jaba, jênênge pagêr bumi, wong Mataram sabên katiga konên nyithak bata, yèn wis akèh gawea kutha bacingah. Sang pandhita lajêng nyandhak bêruk isi toya, dipun curakên mubêng sarwi dhikir, sang pandhita ngandika, yèn sira besuk gawe kutha iki turutên. Senapati matur sandika, sang pandhita lajêng pamit kondur. Kacariyos Kangjêng Sultan Pajang miyos sinewaka wontên ing pagêlaran. Para putra, santana, mantri bupati pêpak sadaya, para bupati sami matur, putra dalêm Senapati Ngalaga saèstu mirong badhe mêngsah ing panjênêngan dalêm. Pratandhanipun samangke sampun adamêl bètèng sarta lêlarèn wiyar. Sultan Pajang ngandika dhatêng Pangeran Banawa, putraningsun Ki Banawa sira mênyanga ing Mataram karo ipenira Adipati Tuban, lan Si Tumênggung Măncanagara gawanên. Kakangira Senapati [Sena...] [...pati] takonana, apa nyata dheweke sumêja amungsuh marang ingsun. Pangeran Banawa sarta Dipati Tuban, Tumênggung Măncanagara aturipun sandika, lajêng budhalan sabalanipun. Ing Pajang wontên mantri satunggil, anama Pangalasan. Sampun atêpang sae kalihan Senapati Ngalaga, Pangalasan wau enggal anglampahakên utusan dhatêng ing Mataram. Asuka pariksa Senapati, yèn Sultan Pajang anglampahakên utusan putranipun dhatêng Mataram, sarta ambêkta sadêdamêling pêrang. Senapati Ngalaga sarêng sampun tampi pawartos wau enggal amêthuk dhatêng ing Randhulawang, tiyang Mataram kêrig lampit, sarta sami ambêkta sêsêgah. Lampahipun Pangeran Banawa inggih sampun dumugi ing Randhulawang, sarêng aningali ingkang raka mêthuk, Pangeran Banawa enggal tumurun saking titihan, paran-pinaranan kalihan Senapati, lajêng sami rêrangkulan, kalih-kalihipun sami muwun.

BTJ 1.31.2

Sabab lami botên kêpanggih, sangêt ing kangênipun. Pangeran Banawa alon matur, kakang, sangêt kangên kula dhatêng sampeyan. Sabab sampun lami ênggèn kula botên kêpanggih, kaping kalihe kula dipun utus. Sarèhning rama jêngandika amirêng yèn sampeyan badhe amêngsah ing rama jêngandika, punika punapa yêktos punapa botên. Kula mugi sampeyan bêlakani. Senapati amangsuli, adhi mas, măngsa boronga rama jêngandika kangjêng sultan, ratu sidik ing paningal. Punapa saosiking manah kula mêsthi sampun sumêrêp. sagêd kula samantên punika inggih saking pêparingipun rama jêngandika, ing Matawis kula botên rumaos gadhah, atas kagunganipun rama jêngandika, punika kula angaturakên sêsêgahipun abdi sampeyan ing Matawis, mugi kadhahara. Pangeran Banawa lawan sabalanipun lajêng sami anêdha waradin. Senapati Ngalaga ngandika malih, adhi mas, sampeyan kula aturi lajêng dhatêng Matawis. Sampun kula cawisi kalangênan tuwin arak waragang, sampeyan kasukana wontên ing Matawis. Sabab sampeyan gustine tiyang ing ngriki sadaya, sumăngga sampeyan kula aturi nitih gajah kalihan kula. Pangeran Banawa ngandika dhatêng Tumênggung Măncanagara, Tumênggung Măncanagara, pawarta kang katur ing kangjêng rama sultan iku goroh kabèh, dene iki Si kakang Senapati ora sumêja amungsuh marang kangjêng rama, aku ya angandêl marang kakang Senapati, pratandhane yèn ora sumêja amungsuh, sabab suguh sarta angajèni marang wong ing Pajang. Pangeran Banawa wau lajêng nitih gajah kalihan ingkang raka, bidhal saking ing ngriku lan sabalanipun. Sarawuhipun [Sa...] [...rawuhipun] ing Matawis lajêng lumêbêt ing kadhaton. Sampun sami tata lênggah, nuntên sami kasukan dhêdhaharan inum-inuman. Sarta anabuh gamêlan Gala Ganjur, arame ênggènipun sami kasukan. Utawi balanipun Pangeran Banawa sarta balanipun adipati ing Tuban inggih sinêgahan piyambak wontên ing jawi. Adipati Tuban pitaken dhatêng Senapati, kakang Senapati Ngalaga, kula mirêng pawartos, yèn sampeyan rêmên ambêksa rangin. Senapati amangsuli, adhi, inggih rêmên, nanging tiyang Matawis botên wontên kang sagêd. Adipati Tuban lancang ing pangucap. Kêdah angatingalakên ing kasagêdan tuwin kadigdayane rencangipun. Lajêng parentah dhatêng rencangipun kinèn sami ambêksa rangin. Tiyang Tuban inggih sampun sami wiwit ambêksa, anêlasakên ing tênaganipun. Angungasakên ing kakêndêlan sarta katêguhanipun. Anuntên wontên putranipun Panêmbahan Senapati ingkang pambajêng, anama Radèn Răngga, patutanipun kalihan èstri saking Kalinyamat rumiyin. Radèn Răngga wau sakalangkung digdaya, rosa, têguh, panasbaran.

BTJ 1.31.3

Lajêng anjawil dhatêng ingkang rama, sumêja tumut ambêksa. Senapati Ngalaga sarèhning rêmên angêsorakên pambêkanipun, ingkang putra dipun sêntak. Adipati Tuban sumêrêp, yèn Radèn [Radè...] [...n] Răngga badhe sumêja tumut bêksa, nanging dipun pênging dhatêng ingkang rama, Adipati Tuban lajêng angatag dhatêng Radèn Răngga, nanging botên purun. Senapati nuntên angatag bêksa dhatêng ingkang putra, sabab sampun dipun kèn kalihan Dipati Tuban. Radèn Răngga enggal amundhut tamèng sarta towok. Tamèngipun wau kabêkta tiyang sakawan, towokipun inggih kabêkta tiyang sakawan. Sabab ngalangkungi agêngipun. Lajêng cinandhak kadamêl onclang. Adipati Tuban eram aningali malongok. Adipati Tuban lajêng parentah dhatêng rencangipun kang sami bêksa, dikakakên anêmêni dhatêng Radèn Răngga, awit sampun pitados ing kadigdayanipun Radèn Răngga, tiyang Tuban lajêng sami anyuduki sarta anumbaki sayêktos. Radèn Răngga botên pasah, eca ambêksa kemawon. Sarta botên purun malês. Nuntên dipun dhawahi dhatêng Adipati Tuban sarta ingkang rama, dikakakên malês. Radèn Răngga enggal malês kalih tangan. Tiyang Tuban dipun tabok satunggil, sirahipun pêcah sampun pêjah, lajêng gègèr, Pangeran Banawa lan Dipati Tuban sabalanipun bidhal tanpa pamit, sumêja mantuk dhatêng Pajang. Sadhatêngipun nagari Pajang lajêng sami sowan ing kangjêng sultan. Nanging Pangeran Banawa lan Dipati Tuban aturipun [aturipu...] [...n] pradongdi, aturipun Pangeran Banawa, Senapati sakalangkung sae, sarta urmat sangêt dhatêng tiyang Pajang, botên wontên watawisipun, yèn sumêja amêngsah ing Pajang. Wondene aturipun Dipati Tuban lan Tumênggung Măncanagari, Senapati sayêktos yèn mirong, sumêja mungsuh ing Pajang, pratandhanipun sampun adamêl bètèng sarta ajêjagang, lan angungasakên kadigdayane putranipun kang anama Radèn Răngga, anabok tiyang Tuban satunggil pêcah sirahipun pêjah. Kangjêng sultan sarêng mirêng atur makatên wau lajêng lêgêg. Adangu ênggènipun kèndêl. Dene ature putra lan ature nayaka sulaya, kangjêng sultan angandika, atur kabèh iku ora nana kang sun gugu, Ki Banawa iku ature ya bênêr, Senapati Ngalaga mokal yèn wani marang ingsun. Krana ingsun mundhut putra cilik mula, wus kaya putraningsun pambarêp, sarta akèh pawulang ingsun. Barêng wus diwasa ingsun muktèkake ana ing Mataram. Amêsthi Senapati mau sumêja malês kabêcikan marang ingsun. Dene Si Dipati Tuban lan Si Tumênggung Măncanagara ature ya bênêr, Senapati anggone sumêja angêndhih karaton ing Pajang awit sumurup wirayate Sunan Giri, măngka wirayate Sunan Giri mau upamane kêmbang, ing saiki wis mangsane mêkar. Tumênggung Măncanagara lan Dipati Tuban [Tuba...] [...n] matur, kangjêng sultan. Ing Matawis punika kula upamèkakên latu sapêlik. Mupung dèrèng mraman, prayogi kasirama tumuntên. Kula ingkang anggêbag ing Matawis. Kangjêng sultan alon ngandika, ingsun wêdi ing Allah, lan wis pinêsthi karsa Allah, yèn ing Mataram bakal ana kang jumênêng ratu gêdhe, angrèh wong sa tanah Jawa kabèh, kapriye ênggonira anêkerah. Dipati Tuban lan Tumênggung Măncanagara sami tumungkul botên sagêd amangsuli, kangjêng sultan lajêng kondur angadhaton.