BTJ 1.35

Raden Rangga lan Putra-putra Senapati

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 177-181

BTJ 1.35.1

Kala samantên Panêmbahan Senapati anjunjung nama dhatêng ingkang rayi, ingkang sami diwasa, Radèn Tompe kaparingan nama Pangeran Tumênggung Gagakbaning, radèn mantri kaparingan nama Pangeran Singasari, Radèn Jambu kaparingan nama Pangeran Mangkubumi, putranipun Panêmbahan Senapati satunggil jalêr sampun diwasa, patutanipun kalihan èstri saking Kalinyamat, putra wau anama Radèn Răngga. Kacariyos Radèn Răngga wau sakalangkung digdaya, rosa sarta têguh, watêkanipun panasbaran sarta cêngkiling, asring nampiling tiyang rêmuk sirahipun lajêng pêjah. Wontên tiyang nênêka saking Bantên satunggil, sumêja ngayoni karosanipun Senapati, lajêng dipun panggihi dhatêng Radèn Răngga, sami ngabên karosan. Tiyang ing Bantên kawon. Inggih sampun pêjah amargi dipun tampiling. Sarêng kauningan ingkang rama, Radèn Răngga dipun dukani, lajêng dipun kèn mutung jêmpole suku ingkang rama, Panêmbahan ngraos sakit. Radèn Răngga dipun kipatakên malêsat. Radèn Răngga sangêt isin dhatêng tiyang kathah, lajêng sumêja kesah, botên purun mêdal ing kori, anumbuk pagêr banon. Pagêr bolong satiyang, Radèn Răngga sumêja purik dhatêng Pathi, dipun kèn nututi dhatêng ingkang rama, kapurih wangsula, ingkang nututi lajêng dipun pipit ing suku sampun pêjah. Radèn Răngga lajêng dhatêng ing Pathi tuwi ingkang paman. Sang dipati ing Pathi pinuju lênggah ing paseban jawi, sangajênge paseban ngriku wontên sela agêng satunggil. Sang dipati sarêng aningali kapenakanipun dhatêng, enggal dipun awe, Radèn Răngga wau sarèhning ênggènipun lumampah lêrês ing panggenan sela, botên purun nyimpang, sela lajêng katumbuk balêdug. Tiyang ing Pathi sami eram sadaya. Sarêng sampun lami ênggènipun wontên Pathi, Radèn Răngga nuntên mantuk dhatêng Matawis. Wontên ing margi ningali tiyang tapa satunggil. Asêsèndhèn wit asêm. Lajêng dipun candhak kasêmpal-sêmpal sampun pêjah, Radèn Răngga lajêng lampahipun dumugi ing Matawis. Panêmbahan sarêng aningali ingkang putra dhatêng nuntên dipun timbali sarta andikakakên anggêguru dhatêng Ki Juru Martani, supados wêwaha ing kasêktènipun tuwin kasagêdan sanèsipun. Radèn Răngga matur sandika, lajêng mangkat dhatêng dalêmipun kang eyang Kyai Juru, Radèn Răngga wicantên salêbêting [sa...] [...lêbêting] manah, aku iki wis angluwihi ing sapêpadhaku, măngka isih dikon ênggêguru marang eyang Juru, sing tak guroni apane. Lampahipun sampun dumugi ing dalême kang eyang, Kyai Juru pinuju salat wontên ing masjid alit. Radèn Răngga lajêng lênggah wontên ing undhak-undhakaning masjid, kang dipun damêl sela kumlasa, sela kumlasa wau dipun cublêsi ing dariji dhatêng Radèn Răngga kados anyublêsi siti ingkang êmpuk.

BTJ 1.35.2

Sela kumlasa pating dharêkok tatu dariji. Kyai Juru sabakdane salat luhur nuntên mêdal saking masjid. Kagèt aningali ingkang wayah anyublêsi sela, lajêng ngandika, Radèn Răngga, watu kocublêsi iku apa ora atos. Sela wau inggih lajêng atos sami sakala, dipun cublês botên pasah, Radèn Răngga wicantên salêbêting manah, bênêr rama Senapati, aku dikon anggêguru marang eyang Juru, wong tuwa mono ora kêna diungkuli marang wong nom, ing kasêktène utawa ngèlmu liyane. Radèn Răngga lajêng nyuwun wulang dhatêng ingkang eyang, Kyai Juru inggih kathah pêparingipun wulang dhatêng ingkang wayah, Radèn Răngga tumuntên mantuk. Sarêng sampun lami Radèn Răngga mirêng pawartos, yèn ing Patalan wontên sawêr agêng, anglangkungi galak. Asring nguntal tiyang langkung, lajêng dipun purugi dhatêng Radèn [Radè...] [...n] Răngga, sawêr enggal anyandêr, nyakot sarta mulêt. Radèn Răngga panggah, cinakot botên pasah, pinulêt botên ebah, sawêr lajêng kinêthok-kêthok sampun pêjah, Radèn Răngga nuntên mantuk. Dumugining dalêm lajêng gêrah andadosakên ing sedanipun. Kacariyos Panêmbahan Senapati sampun tulus ênggènipun mukti wontên ing Mataram, sarta sampun apêputra sanga, pambajêngipun Radèn Răngga kang sampun pêjah wau, ingkang rayi nama Pangeran Pugêr, tiga Pangeran Purbaya, sakawan Pangeran Jayaraga, gangsal Pangeran Juminah, nêm nama Panêmbahan Krapyak, timuripun anama Radèn Jolang, punika kang dipun gadhang anggêntosi jumênêng ratu, pitu Pangeran Pringgalaya, wolu èstri, krama angsal Radèn Dêmang Tanpanangkil, sanga èstri malih, krama angsal Pangeran Têpasana, Kyai Juru Martani kaangkat nama Dipati Măndaraka. Kacariyos Pangeran Banawa ing Pajang ênggènipun jumênêng sultan sawêg sataun lajêng seda, nuntên kagêntosan ingkang rayi Panêmbahan Senapati, anama Pangeran Gagakbaning, kadadosakên dipati ing Pajang, bala ing Pajang suyud sadaya, parentahipun ajêg, nanging botên purun ngênggèni padalêman lami, mingsêr mangetan, pagêring kitha kaêlar, ing ngriku wontên makam mukmin saking [sa...] [...king] Ngarab, inggih kalêbêtakên ing pagêr kitha, kapêndhêt sawabipun. Kitha ing Pajang samangke dhapur pasagi, botên lami Pangeran Gagakbaning wau lajêng seda, kapêtak ing Matawis. Nuntên kagêntosan ing putranipun anama Pangeran Pajang. Kala samantên Panêmbahan Senapati utusan dhatêng Giri sarta mawi sêrat. Panêmbahan Senapati badhe angyêktosakên wirayatipun Sunan Giri, kalanipun Sultan Pajang sowan dhatêng Giri rumiyin. Utusan inggih sampun mangkat. Sunan Giri nuju sineba ing balanipun. Utusan saking Matawis lajêng ngaturakên sêrat. Sunan Giri sasampuning maos sêrat mèsêm sarwi ngandika, kongkonan, kowe tutura marang Ki Senapati, yèn arêp anyatakake wirayatku, konên anglurug marang bang wetan. Wirayatku iki wis pinêsthi karsaning Allah, yèn ratu ing Mataram besuk bakal angrèh wong tanah Jawa kabèh, sanajan ing Giri kene besuk ya têluk marang ing Mataram. Sabab karsaning Allah iku wis ora kêna owah, ginawe jaman walikan. Gusti dadi kawula, kawula dadi gusti, pratandhane wis ana ing Pajang lan ing Mataram iku. Utusan lajêng pamit mantuk. Sampun dumugi ing Matawis, matur ing wiwitan dumugi ing wêkasan.