BTJ 1.36

Wiwitan Perang Bang Wetan

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 181-185

BTJ 1.36.1

Panêmbahan Senapati ngandika dhatêng kang paman Dipati [Dipa...] [...ti] Măndaraka, paman, kula badhe tumuntên mangkat ngalurug dhatêng bang wetan. Angkat kula benjing wulan Mukaram. Kula anurut kalanipun Sultan Pajang sowan dhatêng Giri rumiyin pinuju wulan Mukaram. Kalih dene sampeyan amarentahana dhatêng Adipati ing Pathi, Dêmak, Garobogan, kang sampun sami karèh ing kula, sami asaosa gêgamaning prang, benjing yèn kula mangkat sampuna ngalêmpak wontên ing Pajang, Ki Dipati Măndaraka matur sandika. Sarêng dumugi ing wulan Mukaram, Panêmbahan lajêng bidhal lan sabalanipun, tuwin nagari kang sampun sami karèh tiyangipun inggih andhèrèk sadaya, sumêja anêlukakên nagari bang wetan kang dèrèng nungkul. Lampahipun anjujug ing Japan. Kacariyos pangeran ing Surabaya, punika kang dados pangagêngipun para bupati ing bang wetan, sampun mirêng pawartos yèn Senapati ing Mataram sumêja anêlukakên nagari bang wetan sadaya, Pangeran Surabaya wau enggal utusan. Angaturi para bupati ing Tuban. Sadayu, Lamongan, Garêsik, Lumajang, Kartasana, ing Malang, Pasuruan, Kadhiri, Wirasaba, Balitar, Pringgabaya, Pragunan, Lasêm, Madura, Sêmênêp, Pakacangan. Sadaya wau inggih sampun sami dhatêng sabalanipun wontên ing Japan. [Japa...] [...n.] Sumêja sami mêthukakên prangipun Senapati, wondene Panêmbahan Senapati lan sabalanipun inggih sampun dhatêng wontên ing Japan. Gêgamanipun sampun sami ajêng-ajêngan. Anuntên wontên utusanipun Sunan giri, sarta ambêkta sêrat. Sadhatêngipun ing Japan, lajêng damêl pasanggrahan piyambak. Nuntên angaturi Panêmbahan Senapati, sarta Pangeran Surabaya tuwin para bupati sadaya, inggih sampun sami dhatêng wontên ing pasanggrahan ngriku, atata sami lênggah, utusan ing Giri wicantên. Para priyantun agêng-agêng sadaya, kula dipun utus ing Kangjêng Sinuhun Giri, amaringakên sêrat, kula waose piyambak, sami kamirêngêna, utusan Giri lajêng maos. Ungêling sêrat. Layang Ingsun Kangjêng Sunan Giri dhawuha marang putraningsun Senapati ing Mataram.

BTJ 1.36.2

Lan dhawuha marang putraningsun Pangeran Surabaya, liring layang, ênggonira bakal pêrangan iku ingsun ora anglilani, karana bakal akèh pêpati, angrusakake wong cilik. Ing mêngko sira wong loro amiliha, isi lan wadhah, yèn sira wis padha milih isi lan wadhah mau, ing sasênêngira dhewe-dhewe, tumuli padha atuta, lan padha sokura ing Allah, nuli padha muliha marang nagaranira dhewe-dhewe, lan ing besuk manawa ana karsaning Allah, [A...] [...llah,] sira padha tinitah luhur utawa andhap, anarimaa ing papêsthèn. Titi. Senapati tumuntên ngandika dhatêng Pangeran Surabaya, adhi ing Surabaya, kadospundi kang dados karsa sampeyan, mênggah dhawahipun Sunan Giri, kula lan sampeyan andikakakên milih, isi lan wadhah, sampeyan milih kang pundi, kula nyarah kemawon. Pangeran Surabaya sumaur, kakang Senapati, kula amilih isi kemawon sampeyan wadhahipun. Panêmbahan Senapati inggih sampun narimah tampi wadhah. Sarêng sampun ênggènipun sami pilih-pinilih, lajêng sami bibar mantuk dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Utusan ing Giri inggih sampun mantuk, sarta sampun matur ing Gustinipun. Sunan Giri sarêng mirêng ing aturing utusan lajêng ngandika, wruhanira, wis pinêsthi karsa Allah, Senapati ênggone anampani wadhah iku wis kabênêran. Wadhah iku nagara, isi iku wonge, ing samangsane uwong ora anurut marang kang duwe bumi amêsthi bakal ditundhung. Kacariyos Pangeran Surabaya utusan ananêm Bupati wontên ing Warung tanah Blora, inggih sampun kêlampahan. Sarêng kauningan dhatêng Panêmbahan Senapati, lajêng katêlukakên. Yèn botên purun têluk, botên suka anganciki siti ing Warung Blora, [Blo...] [...ra,] sabab siti ing ngriku wau gadhahanipun Senapati, bupatosipun inggih sampun têluk dhatêng Mataram. Utawi sakiwa têngên ing ngriku inggih sampun sami têluk dhatêng Mataram. Ingkang mogok kagêbag ing prang. Anuntên Panêmbahan ing Madiun kalêmpakan kalihan para bupati ing bang wetan, ingkang dèrèng sami têluk dhatêng ing Mataram. Sumêja sami badhe ambêdhah nagari ing Mataram. Sabab Senapati punika kaupamekakên latu sakonang, prayogi nuntên kasiram ing toya, supados sampun ngantos ngămbra-ngămbra, para bupati wau inggih sampun sami rêmbag. Nuntên sami anglêmpakakên bala wontên ing Madiun, sarta samêkta sagêgamaning prang, sakalangkung agêng barisipun.