BTJ 1.41
Wiwitan Sultan Agung lan Perang Andaka
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 216-222
BTJ 1.41.1
Kacariyos sang nata anggènipun jumênêng ratu sampun kalih wêlas taun. Kala samantên gêrah sangêt. Pinuju wontên ing Krapyak, ingadhêp para putra tuwin santana, sang prabu angandika dhatêng kang eyang Dipati Măndaraka, lan dhatêng kang raka Pangeran Purbaya, eyang, ki mas, benjing ing sapêngkêr kula ingkang kula lilani jumênêng ratu anggêntosi ing kula, buyut sampeyan Dèn Mas Rangsang, karatonipun punjul angungkuli kula, tiyang ing tanah Jawi badhe sumuyud sadaya, ananging sarèhning kala rumiyin kula gadhah kêkudangan, pun Martapura kula kudang jumênêng nata, punika mugi sampeyan jumênêngakên ratu sakêdhap, minăngka isarat angluwari kêkudangan. Tumuntên sèlèha karaton dhatêng pun Rangsang, sang nata lajêng ngandika dhatêng para putra tuwin santana, sanak-sanakku kabèh, dibêcik sarta diatut ênggone padha saduluran. Sapa kang miwiti ala muga aja nêmu slamêt. Wis padha dibêcik kèri. Sang nata sampun seda, tangis gumêrah, layon sampun karêsikan. Lajêng kasarèkakên sakilèning masjid. Ing dagane kang rama tuwin kang eyang, sinêngkalan 1565. Radèn Martapura lajêng kajumênêngakên nata dhatêng Ki Dipati Măndaraka tuwin Pangeran Purbaya, sarêng ing dintên Soma sang nata dipun aturi miyos sinewaka, Sang Prabu Martapura inggih lajêng miyos sinewaka, pinarak ing dhampar mas. Ki Dipati Măndaraka sarta Pangeran Purbaya angapit kiwa têngên. Ki Dipati Măndaraka abisik-bisik dhatêng sang prabu, kinèn lumungsur, apasraha karaton dhatêng Dèn Mas Rangsang saking wêwêlingipun ingkang rama swargi, Sang Prabu Martapura inggih enggal lumungsur, ingkang raka Dèn Mas Rangsang kaaturan lênggah ing dhampar. Pangeran Purbaya angandika sora, hèh sarupane wong Mataram, sira padha nêksènana, yèn Radèn Mas Rangsang jumênêng nata anggêntèni ingkang rama, ajêjuluk Kangjêng Sultan Agung, Senapati Ing Ngalaga Ngandurahman. Sapa wong Mataram kang ora ngestokake utawa masgul, ing saiki têkakna ing kaniyatane, aku mungsuhe prang. Sakathahe bala Matawis sami saurpêksi jumurung sadaya, sang prabu anyar lajêng kondur angadhaton. Kacariyos kala panjênênganipun sang prabu punika, nagari Matawis sakalangkung gêmah raharja, misuwur yèn ratu agêng ambêk adil paramarta, angungkuli kang rama swargi,
BTJ 1.41.2
balanipun sami ajrih asih, dene jêjulukipun Kangjêng sultan Agung Prabu Pandhita Anyakrakusuma, sarta misuwur yèn sakalangkung sêkti, ing sabên dintên Jumungah sang prabu asring sêmbahyang dhatêng ing Mêkah. Dene Ki Dipati Măndaraka apanjang umuripun. Ngantos mêningi ratu têtiga, kala samantên Ki Dipati Măndaraka sampun seda, kasarèkakên ing Matawis. Dene putranipun kang nama Pangeran Mandura sarta kang nama Dipati Wirapraba, inggih sampun sami seda, kapêtak ing Gambiran. Kang taksih gêsang amung Ki Jurukithing inggih apanjang umuripun. Kala samantên kangjêng sultan miyos sinewaka, para santana tuwin bupati mantri sapangandhap inggih sampun sami sowan sadaya, kangjêng sultan ngandika dhatêng Ki Tumênggung Suratani, Suratani, sira ngluruga marang ing bang wetan. Bala ing Mataram kabèh sarta para santananingsun sira gawaa, adunên prang, sira kang dadi senapati, yèn ana wong Mataram kang mundur satêngahing prang uwisna. Ki Tumênggung Suratani matur sandika, lajêng pradandosan. Sarêng sampun samêkta lajêng budhal. Wondene nagari pasisir tuwin măncanagari kang sampun karèh dhatêng Matawis sadaya inggih sampun tumut. Mila gêgamanipun Ki Suratani sakalangkung agêng. Ing saangkatipun Ki Suratani kangjêng sultan lajêng dhawuh dhatêng Radèn Jayasupănta andikakakên nusul ngalurug, angulatna prangipun bala ing Matawis, ingkang awon lan ingkang sae damêlipun. Sarta andhawahana dhatêng Radèn Suratani, yèn ing Pasuruan botên kalilan ambêdhah, sabab dèrèng mangsanipun. Kaliwatana kemawon. Ki Jayasupănta matur sandika, lajêng mangkat. Sampun anunggil kalihan Radèn Suratani, lampahipun gêgaman agêng sampun dumugi ing Winongan, lajêng masanggrahan sarta arêropoh. Wondene ki bupati ing Balambangan tuwin bupati ingkang dèrèng karèh dhatêng ing Matawis inggih sampun sami kêmirêngan yèn dipun lurugi, sarta sampun [sampu...] [...n] sami angatos-atos. Kacariyos Radèn Suratani kang wontên ing Winongan aparentah dhatêng Tumênggung Alap-alap. Kinèn ambêdhah ing Lumajang lan ing Rênong, kinanthèn bupati sakawan sabalanipun. Ki Tumênggung Alap-alap inggih lajêng mangkat sabalanipun. Dumuginipun ing Lumajang bupatinipun sampun lolos ing wanci dalu, ngungsi dhatêng rêdi, lajêng tinututan. Kang kacandhak kathah pêjah, nagari Lumajang sampun kajarah karayah, èstrinipun binoyongan. Ki Tumênggung Alap-alap sampun wangsul dhatêng ing Winongan malih, Radèn Suratani sarta bala ing Matawis sadaya bidhal.
BTJ 1.41.3
Angêpung ing Pamalang, bupati ing Malang anama Răngga Tohjiwa, sumêja mêthuk prang, muwêr wontên salêbêting biting lan sabalanipun. Sarêng dipun raos botên kangkat, ing dalu lajêng lolos. Bala ing Matawis anututi, bala ing Malang mawut. Ing sabêdhahipun ing Malang Radèn Suratani lan sabalanipun budhal ngidul ngilèn. Kacariyos Pangeran Surabaya sumêja mêthukakên prangipun bala ing Matawis. Sampun angutusi bupati ing Lasêm, Grêsik, Madura, Pasuruan, Kadhiri, ing Tuban, Lamongan, sampun sami dhatêng wontên ing Surabaya lan sabalanipun. Têtindhihipun bala [ba...] [...la] Madura anama Radèn Panji Pulangjiwa, têguh gagah prakosa bagus. Nagari sanèsipun bupatinipun piyambak kang nindhihi, gêgaman agêng lajêng bidhal saking Surabaya anututi lampahe bala Matawis. Samargi-margi anglagari wana. Bala ing Matawis sarêng sumêrêp yèn dipun tututi kèndêl ing lampahipun. Lajêng baris sakilèning lèpèn Andaka, bala Surabaya baris sawetaning lèpèn, sarta sami anantang, bala Matawis dipun kèn nyabrang mangetan. Tiyang Matawis botên tahan mirêng sêsumbar, enggal sami anggêbyur ing lèpèn. Bala wetan eca anggènipun nadhahi kalihan waos tuwin sanjata, bala Matawis kathah kang pêjah dening gêgaman, tuwin pêjah dening toya, Radèn Suratani tuwin para bupati enggal sami anggêbyur sumêja atêtulung prange balanipun. Radèn Suratani wau sampun pêjah kêlêlêp. Bala Matawis sarêng aningali senapatinipun pêjah, lajêng sami mundur prangipun, sarta sami anggogohi jisimipun Radèn Suratani, sarêng sampun kêpanggih nuntên kabêkta mêntas, sarta binandhusa, kala samantên lèpèn Andaka prasasat mili rah tuwin mili bathang, bala wetan sami suka-suka, sarêng wanci bangun enjing bala Matawis sami nyabrang mangetan arêbat papan. Sarêng byar sampun sami baris sawetaning lèpèn. Bala wetan kagèt. Lajêng têmpuh prang rame, bala wetan kathah kang pêjah, bupatinipun kantun anglela, sarêng aningali balanipun kathah kang pêjah, kang gêsang sami lumajêng, para bupati wau enggal sami tumut lumajêng, amung têtindhihipun bala Madura, kang nama Radèn Panji Pulangjiwa punika pêjah satêngahing paprangan. Bala Matawis sami ambêbandhang, sarêng enjingipun bala ing Matawis bidhal sumêja sami mantuk dhatêng ing Matawis. Ki Jayasupănta kang măngka mata pitayanipun kangjêng sultan. Enggal angrumiyini, angaturi uninga ing kangjêng sultan. Yèn Radèn Suratani pêjah wontên ing paprangan, sarta angaturakên prangipun bala ing Matawis kang awon lan kang sae, kangjêng sultan sakalangkung ngungun. Lajêng utusan amaringi pariksa dhatêng garwanipun Suratani sarta amaringi salawat. Wondene bala Matawis ingkang kathah inggih sampun sami dhatêng, sarta ambêkta jisimipun Radèn Suratani, kangjêng sultan lajêng anggêganjar ing santana bupati mantri sapangandhap sadaya wradin.