BTJ 1.40

Panembahan Krapyak, Puger, lan Jayaraga

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 209-216

BTJ 1.40.1

Sarêng ing dintên Soma Ki Dipati Măndaraka sarta Pangeran Mangkubumi miyos dhatêng ing sitinggil. Anganthi Pangeran Dipati Anom. Pangeran dipati kalênggahakên ing dhampar mas. Dipati Măndaraka lan Pangeran Mangkubumi angapit kiwa têngên. Pangeran Mangkubumi jumênêng sarta ngandika sêru, sarupane wong Mataram kabèh sira padha anêksenana, yèn pangeran dipati samêngko jumênêng sultan. Anggêntèni ingkang rama, manawa ana wong kang masgul atine sarta ora ngestokake, padha têkakna budimu ing saiki, aku mungsuhe prang. Tiyang ing Mataram sadaya saurpêksi jumurung, para santana tuwin bupati mantri lajêng sami ngabêkti ing sang prabu, sang nata nuntên kondur angadhaton. Kacariyos salaminipun jumênêng sang prabu anyar wau, nagarinipun gêmah raharja, ajêg adil ukumipun, kukuh ing agaminipun. Kala samantên sang nata parentah dhatêng balanipun, andikakakên andamêlakên patamanan ing Danalaya, prênah sakilèning kadhaton. Karsanipun sang prabu badhe kadamêl panggenan kalangênanipun panakawan tiyang bule satunggil anama Juru Taman. Sabab angrêsahi ing kadhaton. Asring amindha warninipun sang prabu, para garwa sêliripun sang nata kathah kang sami kalintu, dipun nyana sang prabu, salaminipun makatên pratingkahipun Juru Taman, bala ing Matawis sadaya inggih lajêng sami anggarap taman. Botên lami tumuntên dados. Pun Juru Taman wau inggih sampun kaprênahakên ing ngriku. Sang nata nuju ing dintên Rêspati miyos sinewaka, para santana tuwin mantri bupati pêpak sami sowan sadaya, amung ingkang raka sang prabu, kang nama Pangeran Pugêr botên sowan. Sabab isin bilih sowan alênggah ing ngandhap. Karsanipun adarbea cangkok nagari piyambak. Nanging botên purun agadhah panyuwun dhatêng ingkang rayi. Sang prabu sadangunipun sineba aningali ingkang raka botên sowan, lajêng ngandika dhatêng Ki Dipati Măndaraka, eyang, kadospundi rêmbag sampeyan prakawis Kangmas Pugêr, punika pamanah kula sangêt pakèwêdipun yèn taksiha wontên ing Matawis ngriki, ingkang dados pikajêngan kula, badhe kula dadosakên bupati wontên ing Dêmak. Ki Dipati Măndaraka tuwin para santana sadaya inggih sami amrayogèkakên ing karsanipun sang prabu, malih dadosa tampingipun nagari Matawis. Sang nata lajêng utusan angaturi ingkang raka Pangeran Pugêr, Pangeran Pugêr inggih enggal dhatêng, lajêng ingaturan lênggah jèjèr kalihan ingkang rayi, sang nata angandika, kangmas, sampeyan kula dadosakên bupati wontên ing Dêmak. Amuktia wontên ing ngriku, dadosa tamping rumêksa nagari Matawis. Pangeran Pugêr matur nuwun. Sang nata lajêng kondur angadhaton. Ing enjingipun Pangeran Pugêr nuntên mangkat. Lan saputragarwanipun boyong dhatêng ing Dêmak,

BTJ 1.40.2

tiyang ing Dêmak suyud sadaya. Pangeran Pugêr sampun mukti sangêt. Sarêng ing lami-lami Pangera Pugêr wau supe yèn kalèrèh dhatêng ingkang rayi sang prabu, sumêja balela, arêbat waris ing karaton. Awit kenging pambangusipun kalerehanipun bupati, kang nama Dipati Gêndhing, kaaturan jumênêng nata, sabab putra sêpuh piyambak. Sampun wajib anggêntosi ingkang rama jumênêng ratu. Pangeran Pugêr wau inggih lajêng amiturut. Nuntên andhawahakên parentah dhatêng balanipun. Andikakakên ngirup tanah salère rêdi Kêndhêng sadaya. Pangeran Pugêr sampun kathah balanipun. Ing sabên dintên tansah tata gêgamaning prang sumêja ambêdhah nagari Matawis. Ingkang minăngka andêl-andêlipun anama Dipati Gêndhing kalih Dipati Panjêr. Sarêng sampun samêkta lajêng bidhal. Gêgaman sakalangkung agêng, Pangeran Pugêr anindhihi piyambak. Ing samargi-margi tansah angrayah sarta ambêboyong. Adipati ing Pajang sarêng mirêng pawartos, enggal angaturi uninga dhatêng ing Matawis. Sang prabu pinuju miyos sinewaka, Adipati Pajang matur, yèn ingkang raka ing Dêmak samangke balela, sumêja anggêcak ing Matawis. Sampun apacak baris wontên ing dhusun Tambakuwos. Sang prabu sarêng mirêng sakalangkung ngungun. Nuntên angundhangi bala, angrakit gêgamaning prang, sang nata badhe tindak piyambak. Ingkang sami kadhawahan matur sandika, sang prabu lajêng angangkat nama ingkang rayi kêkalih, Radèn Tambaga kaangkat nama Pangeran Pugêr, Radèn Kadawung kaangkat nama Pangeran Dêmang Tanpanangkil. Sang nata lajêng kondur angadhaton. Sasampuning samêkta sang prabu lajêng bidhal lan sabala sadaya, lampahing gêgaman sampun dumugi ing Tambakuwos, ajêngan kalihan tiyang Dêmak, sarêng enjingipun lajêng têmpuh prang rame, bala ing Dêmak karoban, kathah kang pêjah, [pê...] [...jah,] Dipati Gêndhing tuwin Dipati Panjêr sampun pêjah, Pangeran Pugêr ing Dêmak sampun kacêpêng wontên satêngahing paprangan. Lajêng binêsta katumpakakên ing tandhu, bala ing Dêmak kang taksih gêsang sampun larud lumajêng sadaya. Bala Matawis sami matur ing sang prabu, yèn ingkang raka sampun kacêpêng, timbalanipun sang nata, ingkang raka wau andikakakên mêrnahake ing Kudus, lan sagarwaputranipun. Sampun ngantos kasukanan rencang, ingkang kadhawuhan matur sandika, Pangeran Pugêr wau sampun kadèkèkakên ing Kudus, sakalangkung mêmêlas. Wondene sang nata inggih sampun kondur dhatêng Matawis, sarta anggêganjar dhatêng balanipun. Lan anjunjung lênggahing kang abdi lurah ganjur, kang nama Ki Gada Mastaka, kadadosakên bupati wontên ing Dêmak, kaparingan nama Tumênggung Endranata. Ingkang rayi sang prabu, kang nama Pangeran Jayaraga, katanêm Bupati ing Panaraga sarta angrèh Bupati sakawan. Pangeran Jayaraga, katanêm bupati ing Panaraga sarta angrèh bupati sakawan. Pangeran Jayaraga sampun mukti wontên ing ngriku, kalerehanipun bupati sakawan wau anama Pangeran Răngga, kalih Panji Wirabumi, tiga Malang Sumirang, sakawan Nayaita.

BTJ 1.40.3

Sarêng lami-lami Pangeran Jayaraga wau kalimput ing kamuktèn. Sumêja jumênêng nata, badhe angrêbat karaton ing Matawis. Dipun pêpalangi karsanipun dhatêng bupati sakawan botên kenging, bupati sakawan wau sampun sami rêmbag angaturi uninga dhatêng ing Matawis. Lajêng sami mangkat. Abdinipun Pangeran Jayaraga para lurah sarêng sumêrêp yèn bupati sakawan sami dhatêng ing Matawis sangêt ing kajrihanipun. Para lurah enggal sami nusul dhatêng Matawis. Sadhatêngipun ing Matawis sang prabu pinuju miyos sinewaka, Pangeran Răngga lan sakancanipun lajêng sami pepe sakidule waringin kurung, sang nata kagèt aningali, enggal utusan amariksa, Pangeran Răngga lan sakancanipun matur balaka, yèn ingkang rayi sumêja balela, sang nata sarêng mirêng atur makatên sakalangkung duka, lajêng ngandika dhatêng ingkang rayi nama Pangeran Pringgalaya, adhi mas, sira mênyanga ing Panaraga, lan Si Martalaya, kakangira Pangeran Jayaraga tundhungên saking Panaraga lan saanakbojone, dokokna ing Masjid Watu, sabarang duwèke jarahana, mênawa ana bature kang băngga padha patenana, dene Pangeran Răngga iku lan sakancane gawanên bali marang Panaraga. Pangeran Pringgalaya lan Tumênggung Martalaya matur sandika, lajêng mangkat sabalanipun. Tuwin Pangeran Răngga wau inggih tumut. Lampahipun sampun dumugi ing Panaraga, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Jayaraga, Pangeran Jayaraga sarêng kadhawuhan timbalan dalêm [dalê...] [...m] aturipun sandika, sarta sangêt kaduwungipun. Angraos yèn kalêpatan. Anuntên pradandosan. Lajêng dipun angkatakên dhatêng ing masjid watu, dene Pangeran Pringgalaya lan sabalanipun inggih sampun bidhal kondur dhatêng ing Matawis sarta ambêkta jarahan. Pangeran Răngga lan sakancanipun inggih tumut wangsul dhatêng ing Matawis malih, sadhatêngipun ing Matawis sampun katur ing sang prabu, yèn ingkang rayi sampun kakesahan dhatêng ing masjid watu, botên kabêktanan rencang, amung lan garwa putranipun. Sabarang darbèkipun sampun katur sadaya, sang prabu sakalangkung suka, lajêng ngandika dhatêng Pangeran Răngga, Pangeran Răngga, sira muliha marang Panaraga lan sakancanira kabèh, nagara Panaraga tatanên kang bêcik. Pangeran Răngga matur sakalangkung nuwun. Nuntên mangkat mantuk dhatêng Panaraga. Sang nata ngandika malih dhatêng para santana tuwin para bupati, bocah ingsun kabèh, apa dene sanak-sanak ingsun, sira padha sumurupa, wêwalêre kangjêng rama swargi, sanak-sanak ingsun kabèh andikakake padha atut. Sapa kang ora ngestokake, amêsthi padha ora nêmu salamêt, samêngko wis ana kanyataane, Kangmas Pugêr karo si adhi Jayaraga, karo-karone padha anêmu papa, sang nata lajêng kondur angadhaton. Kala samantên sang nata sampun pêputra gangsal. Pambajêngipun [Pamba...] [...jêngipun] anama Mas Rangsang, kalih èstri anama Ratu Pandhan, tiga Dèn Mas Pamênang, sakawan Radèn Mas Martapura, agadhah sakit ewah nanging mêmangsan. Wuragilipun anama Dèn Mas Cakra. Dene Pangeran Mangkubumi inggih sampun pêputra kêkalih, ingkang pambajêng sampun dados bupati, anama Dipati Sokawati, ingkang rayi anama Bagus Pethak. Dados bupati ing Madiun. Pangeran Singasari putranipun satunggil anama Pangeran Balitar, Pangeran Pringgalaya putranipun kathah nanging ingkang kacariyos amung kêkalih, satunggil anama Radèn Prawirataruna, kalih anama Dipati Martasana. Adipati Măndaraka putranipun sakawan. Pambajêngipun anama Pangeran Mandura, kalih Dipati Wirapraba, tiga anama Panêmbahan Jurukithing, wuragilipun èstri krama angsal dipati ing Batang, Pangeran Mandura wau sampun pêputra kêkalih, anama Pangeran Mandurarêja, kalih anama Pangeran Upasănta.