BTJ 2.1
Wirasaba Kabêdhah
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 224-227
BTJ 2.1.1
Sarêng antawis sêtêngah taun sang prabu badhe anglurug dhatêng Wirasaba, karsa tindak piyambak, badhe sumêrêp pratingkahe tiyang prang, lajêng parentah dhatêng Tumênggung Martalaya, andikakakên ngêrig bala ing pasisir tuwin bala măncanagari, ingkang sampun karèh ing Matawis. Ki Tumênggung Martalaya inggih nuntên utusan. Para bupati pasisir tuwin măncanagari wau inggih sampun sami dhatêng wontên ing Matawis lan sabalanipun. Sang prabu tumuntên budhal, gêgaman sakalangkung agêng.
BTJ 2.1.2
Kacariyos bupati ing Wirasaba, anama Pangeran Arya, sawêg umur gangsal wêlas taun sakalangkung bagus, sarta rêmên kirang dhahar sare, ingkang dados pêpatihipun anama Răngga Pramana, digdaya sarta têguh, nanging sakit lempoh, bilih prang utawi mariksani balanipun, tinandhu kemawon. Kala samantên Pangeran Arya sampun sumêrêp, yèn nagarinipun kalurugan saking ing Matawis, katindhihan sang prabu piyambak. Pangeran Wirasaba wau enggal utusan dhatêng Surabaya anyuwun bantu, Pangeran Surabaya inggih enggal amarentahi dhatêng bupati ing Sumênêp, Balega, Pakacangan, Grêsik, Lamongan, Sidayu, Tuban, Japan, Pasuruan sapanunggilanipun, kinèn sami bantu dhatêng Wirasaba, para bupati wau inggih [ing...] [...gih] sampun sami ambantoni prajurit dhatêng ing Wirasaba, bêbarisan ing Wirasaba sampun sakalangkung agêng, ambalèbèr ing wana tuwin jurang-jurang, pangeran ing Wirasaba sampun adamêl bètèng, sakalangkung kêkah, bala ing Wirasaba tuwin bantu sadaya sampun sami angatos-atos.
BTJ 2.1.3
Wondene sang prabu ing Matawis lan sabalanipun inggih sampun dhatêng wontên ing Wirasaba, amasanggrahan ing dhusun Paladadi, nanging bala ing Matawis kathah kang sami sakit, sêsambatipun pating gluruh. Sang prabu angandika dhatêng para santana tuwin para bupati, sarèhning balanipun kathah kang sami sakit, karsanipun sang nata badhe kondur dhatêng Matawis, anggènipun badhe ambêdhah ing Wirasaba botên siyos. Pangeran Purbaya sarta para santana tuwin Ki Tumênggung Martalaya lan sakancanipun bupati sarêng mirêng dhawahipun sang prabu makatên, enggal sami anabuh têngaraning prang, gêgaman ing Matawis sampun bidhal angêpang ing kitha Wirasaba, lajêng ngangsêg sumêja ngrangsang bètèng, bala Wirasaba anadhahi saking sanginggiling bètèng kalihan sanjata tuwin towok. Bala Matawis kathah kang tatu utawi pêjah, nuntên mundur dhatêng pasanggrahan kasaput ing dalu. Sarèhning bala ing Matawis kathah ingkang pêjah, sarta botên sagêd anginggahi bètèng ing Wirasaba, karsanipun sang prabu badhe kondur [ko...] [...ndur] dhatêng Matawis. Nanging Pangeran Purbaya sarta Ki Tumênggung Martalaya, ingkang taksih kêkah ing karsa, ing saupami ing Wirasaba botên bêdhah dipun pilaur pêjah. Ing enjingipun Ki Martalaya lajêng kesah nyêlamur, amomor pakathik Wirasaba kang sami ngarit. Pakathik wau sami wicantênan kalihan kancanipun, wicantênipun, wong Mataram iki sabar têmên, ambêdhah bètèng sêmene ora bisa, yèn mungguh aku gampang bae, dakpènèk karo ăndha utawa daktotog ing kayu kang gêdhe bètèeng iki amêsthi ambrol. Kang sawênèh wicantên. Digangsira bae ya gampang. Ki Tumênggung Martalaya sarêng mirêng wicantên mêkatên, sakalangkung suka manahipun. Nuntên mantuk dhatêng pasanggrahan amarentahi para bupati, kinèn sami adamêl ăndha, lan anglêmpakakên pacul linggis. Sarêng sampun pêpak pirantosipun, bala Matawis lajêng umangsah ing prang, angrampit bètèng, bala Wirasaba anadhahi saking sanginggiling bètèng, angrutugi sanjata tuwin kalantaka, srampang, towok. Bala Matawis kathah tatu utawi pêjah, nanging kang wontên ing wingking botên ajrih mêksa majêng, arame prangipun. Bètèngipun tiyang Wirasaba sampun kalêbêtan dening bala Matawis. Bala Matawis pangamukipun riwut. Bala ing Wirasaba kang wontên salêbêting bètèng têtumpêsan. Răngga Pramana sampun pêjah, kakêthok gulunipun.
BTJ 2.1.4
Pangeran Wirasaba sampun binêkta, para èstri sarta rajabrana sami binoyongan, kaaturakên ing sang prabu, Pangeran Wirasaba katantun badhe dipun gêsangi botên purun, kêdah anêdha pêjah, inggih lajêng andikakakên ngalabuh ing sagantên. Jisimipun Răngga Pramana andikakakên mêndhêm. Sarta kadèkèka kêkitir sêrat. Supados ali warisipun sumêrêpa, sang prabu lajêng bidhal kondur dhatêng Matawis. Bêdhahipun ing Wirasaba sinêngkalan 1568.