BTJ 2.2

Bala Bang Wetan lan Pêrang ing Pathi

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 227-231

BTJ 2.2.1

Kacariyos pangeran ing Surabaya kaklêmpakan kalihan para bupati bang wetan, kang dèrèng karèh ing Matawis, apirêmbagan sumêja ambêdhah ing Matawis. Sabab sampun lami ênggènipun sami dipun oyak-oyak. Samangke badhe malês angoyak-oyak. Dadosing rêmbag lajêng sami sowan dhatêng ing Giri, para bupati wau sami anyuwun idi dhatêng sang pandhita, nanging sang pandhita botên purun angidini, karana sang pandhita sampun sumêrêp ing papêsthèning Allah, yèn nagari ing Matawis badhe angrèh ing tanah Jawi sadaya, para bupati wau botên kalilan anglajêngna ing pikajênganipun. Măngsa wandea anêmahi karisakan. Nanging para bupati wau amêksa, sabab angandêlakên [a...] [...ngandêlakên] balanipun kathah sarta sabiyantu kalihan para bupati. Para bupati wau sampun pamit saking Giri, lajêng sami kalêmpakan wontên ing Surabaya, apirêmbagan bab margi kang badhe dènambah, aturipun kajinêman ing Surabaya, prayogi mêdal ing Madiun. Papanipun radin, mirah wontên pantun, toyanipun kathah. Anuntên wontên têlik ing Matawis. Sampun lami ênggènipun ngawula wontên ing Tuban, anama Randhu Watang, sampun kaandêl pangawulanipun. Ki Randhu Watang wau sarêng sumêrêp yèn baris agêng badhe mêdal ing Madiun, sakalangkung maras manahipun. Sabab badhe ngambah margi sae, sarta mirah têtêdhan. Ki Randhu Watang lajêng adamêl dora cara, matur dhatêng Adipati Tuban, wontên ngarsane para bupati, bêndara atur kula ing sampeyan bilih gêgaman agêng punika badhe mêdal ing Madiun botên wande manggih ribêt ing samargi-margi, sabab ing Madiun, Jagaraga, Pranaraga, punika sampun sami kabawah ing Matawis, dados botên pijêr lêlampah, badhe prang ing samargi-margi, dèrèng dumugi ing Matawis bala sampeyan sampun kathah ingkang risak. Adipati ing Tuban sarêng mirêng aturipun Ki Randhu Watang, enggal matur dhatêng Pangeran Surabaya tuwin dhatêng para dipati sadaya, para dipati wau inggih lajêng andangu

BTJ 2.2.2

dhatêng Ki Randhu Watang mênggah margi ingkang prayogi [prayo...] [...gi] kaambah ing dêdamêl agêng, aturipun Ki Randhu Watang mêdal ing Lasêm anjog ing Pathi, punika mêrginipun sae, mirah têtêdhan, sarta botên wontên pakèwêdipun. Para bupati wau sarêng mirêng ature Ki Randhu Watang sakalangkung sami suka sarta anggunggung dhatêng Ki Randhu Watang, botên sumêrêp yèn kaloropakên. Kajinêman ing Surabaya kang matur salêrêsipun katêrka angloropakên, lajêng pinêjahan. Gêgaman agêng nuntên bidhal, saèstu mêdal ing Lasêm.

BTJ 2.2.3

Kacariyos kangjêng sultan ing Matawis sampun ingaturan uninga dhatêng dipati ing Pathi, yèn para bupati ing bang wetan sami anglurug, sumêja êmbêdhah ing Matawis. Kangjêng sultan enggal parentah dhatêng Ki Tumênggung Alap-alap, andikakakên bantu dhatêng Pathi lan sabalanipun. Ki Tumênggung Alap-alap inggih sampun mangkat gêgancangan. Kangjêng sultan tumuntên parentah amêpak bala, badhe tindak amêthukakên mêngsah, sarêng sampun samêkta lajêng bidhal. Sakalangkung agêng gêgamanipun. Lampahipun sang prabu sampun dumugi ing Pajang, nuntên masanggrahan sakilèning kitha Pajang. Kangjêng sultan kagèt ing galih, dene Adipati Pajang botên wontên sowan, lajêng utusan mariksa sarta animbali. Kala samantên Adipati Pajang mirong manahipun, kait kalihan para bupati ing bang wetan, sumêja gêmbul ambiyantoni prangipun. Sampun tilar kitha amasanggrahan ing dhusun Siwalan, angajêng-ajêng dhatêngipun dêdamêle tiyang wetan. Anuntên wontên utusanipun sang nata andangu sababipun botên sowan, sarta animbali, atur wangsulanipun Adipati Pajang anggragap, awad badhe amêthukakên prangipun mêngsah kang saking wetan. Adipati Pajang lajêng andhèrèk dhatêng utusan. Sadhatênge ing ngarsanipun kangjêng sultan, adipati inggih sampun kaapuntên kalêpatanipun. Wondene dêdamêl agêng kang saking wetan inggih sampun dumugi sawetaning dhusun Siwalan, amasanggrahan wontên ing ngriku sarta abêbiting, ajêng-ajêngan kalihan dêdamêl ing Matawis. Milanipun botên lajêng prang, para bupati bang wetan wau sami angêntosi dhatêngipun Adipati Pajang, sabab sampun kait badhe angumpul barisanipun. Ing wusana Adipati Pajang botên dhatêng, kala samantên ngantos lami anggènipun ajêng-ajêngan baris. Kangjêng sultan ing Matawis parentah dhatêng Ki Tumênggung Martalaya

BTJ 2.2.4

andikakakên ngidêri pasanggrahaning mêngsah, ngalang-alanga saking katêbihan, amêpêtana bala wetan kang sami ngupados têdha. Ki Tumênggung Martalaya inggih lajêng anglampahakên prajurit kêkapalan, ing sabên dintên angalang saking katêbihan. Kalampahan tiyang wetan sami ngênês manahipun, awit botên sagêd ngupados têdha, lajêng sami kaêlud ing gêgêring, kathah kang sakit tuwin pêjah. Anuntên para bupati bang wetan sami rêmbagan mangsah ing prang, sabab sami kakên manahipun ênggènipun ngantosi Dipati Pajang botên dhatêng-dhatêng. Sarêng wanci enjing lajêng mangsah prang, bala Matawis anadhahi prang, amung sakêdhap. Adipati Japan sampun pêjah, sanèsipun sami lumajêng sadaya, bala Matawis sami anjarahi pasanggrahan, sarta ambêbandhang, kangjêng sultan sabalanipun anuntên kondur dhatêng ing Matawis. Antawis wolung wulan malih kangjêng sultan dhawah ambêdhah ing Pasuruan, ingkang kautus Tumênggung Martalaya, kêkanthenan bala ing Matawis sapalih, ing Pasuruan inggih sampun kalampahan bêdhah, èstri sarta rajabrana binoyongan.