BTJ 2.40
Surapati Nglurug lan Wêkasanipun Sang Prabu Mangkurat
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 480-482
BTJ 2.40.1
Kacariyos Surapati sampun anglampahakên baris antawis tigang èwu, têtindhihipun ingkang putra kêkalih, samargi-margi tansah anjêjarah, kèndêl masanggrahan ing Madiun. Wondene Pangeran Pugêr inggih sampun bidhal saking Kartasura, sarta bala ing Kartasura sapalih, lampahipun mêdal ing Jagaraga, lajêng campuh wontên ing Kalitambang bawah Madiun. Tiyang Pasuruan kawon prangipun, lumajêng dhatêng ing Caruban. Pangeran Pugêr sabalanipun amasanggrahan wontên ing kitha Pranaraga.
BTJ 2.40.2
Gêntos kacariyos sang prabu ing Kartasura gêrah lumpuh, sangêt ngantos botên sagêd miyos sinewaka, Pangeran Pugêr sabalanipun sami katimbalan mantuk. Inggih sampun dhatêng wontên ing Kartasura, antawis sataun gêrahipun sang prabu waluya, sang nata anadar ngrampog sima kathah sarta lêlumban ing sagara yasa kalihan para garwa, dene ingon-ingonipun [ingon-ingoni...] [...pun] baya sampun sami kapêndhêtan dhatêng Radèn Suryakusuma, ênggènipun lumêbêt ing toya Radèn Suryakusuma wau busananipun botên têlês. Ingkang ningali sami eram. Nadaripun sang prabu wau inggih sampun sami kalampahan. Kala samantên nagari ing Kartasura sakalangkung gêmah arja, Pangeran Dipati Anom sampun pêputra sakawan. Pambajêngipun anama Radèn Mas Bumi, ingkang rayi nama Radèn Mas Panênggak. Pandhadha nama Radèn Mas Alit. Wuragilipun èstri, anama Radèn Ajêng Sasi, sakawan pisan sami patutan saking garwa sêlir sarta sami pinundhut putra dhatêng ingkang eyang sadaya, dene Radèn Mas Bumi wau sampun kaangkat nama Pangeran Buminata.
BTJ 2.40.3
Kacariyos Pangeran Dipati Anom kapêksa dhatêng ingkang rama, kadhaupakên kalihan putri ing Kapugêran Radèn Ajêng Impun, angarang ulu Radèn Ayu Lêmbah, dene kapenakanipun èstri Radèn Ayu
BTJ 2.40.4
Pugêr katrimakakên dhatêng kapenakanipun jalêr Ratu Kancana, anama Radèn Sumaningrat. Kala samantên sinêngkalan 1623. Anuntên wontên kapenakanipun sang prabu, putranipun Pangeran Singasari swargi, anama Radèn Mas Punta, punika andêdagan wontên ing astana Têgal Arum, sumêja ngraman. Sarêng katur ing sang nata lajêng kinèn nyêpêng, sarta [sar...] [...ta] sampun pinêjahan. Sarêng ing taun 1625, Radèn Dipati Sindurêja gêrah, andadosakên ing pêjahipun. Dene ingkang kagêntosakên dados pêpatih Jawi aparentah tiyang satanah Jawi, Ki Tumênggung Sumabrata, ingkang ênggêntosi dados patih lêbêt, Ki Tumênggung Wiraguna. Kala samantên Pangeran Dipati Anom pinaringan wawênang amarentah para dipati sarta tiyang satanah Jawi, dados pêpatih kêkalih wau sabarang prakawis mawi ngaturi uninga ing Pangeran Dipati Anom. Wondene sang prabu ing sabên-sabên inggih tansah amulang dhatêng ingkang putra pratingkahipun tiyang jumênêng ratu utawi tiyang agêsang, sarta pinardi ambucala kalakuwanipun ingkang botên prayogi, punapa malih pinurih asiha dhumatêng Pangeran Dipati Pugêr kalihan dhatêng Pangeran Cakraningrat, sampun ngantos adamêl sakiting galihipun. Panggalihipun sang prabu supados ing têmbe lulusa ênggènipun badhe anggêntosi jumênêng nata, mila makatên, sang nata wau sampun rumaos yèn badhe puput yuswanipun, nanging sangêt sumêlangipun dhatêng kalakuwanipun ingkang putra, mila sangêt pamardinipun. Botên antawis lami sang prabu gêrah sangêt, andadosakên ing sedanipun pinuju ing taun Alip ăngka 1627.