BTJ 2.39

Prajanjian Kumpêni lan Pasuruan

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 477-480

BTJ 2.39.1

Kacariyos sang nata tampi sêrat saking guprênur jendral ing Batawi, anagih prajangjian, kala rumiyin sang prabu sagah anêmpahi têlasing obat mimis kang kadamêl prang tuwin balanjanipun sarta ajinipun Kumpni kang sami pêjah salêbêting pêrang, sang nata sarêng sampun tampi sêrat sakalangkung pakèwêd ing galihipun, lajêng andikakakên nimbali Pangeran Pugêr kalihan Cakraningrat, tiga Radèn Sindurêja, sampun sami dhatêng wontên ing ngarsa dalêm. Sang nata angandika dhatêng Radèn Sindurêja, Sindurêja, sira kongkona marang ing Pasuruan. Si Surapati konên angêlar jajahan, anêlukna wong măncanagara, yèn wus têkan sawetaning gunung lawu, ingsun tumuli anglakokake gêgaman. Amapagake pêrange Si Surapati, kang sun tuduh anindhihi Mas Pugêr, sarta wong Kartasura saparo, yèn wis padha kalakon, sira tumuli amangsulana layang marang Batawi, warahên yèn ingsun ora bisa mikir panagihe iku, krana lagi ewuh

BTJ 2.39.2

amapagake mungsuh, lan sira amundhuta bantu Kumpêni, manawa wong Kumpêni ora gêlêm ambantoni apa gawene anagih. Sang prabu lajêng ngandika dhatêng Pangeran Pugêr sarta dhatêng Pangeran Cakraningrat. Adhi sakarone, kapriye kang dadi rêmbugira, ing besuk manawa ana layang panagih manèh wangsulan ingsun kapriye. Pangeran Pugêr matur, kakang prabu, ing pamanah kula bilih panjênêngan dalêm pancèn botên karsa amaringi, prayogi dipun wangsuli pasaja kemawon. Sarèhning Panjênêngan dalêm sampun amaringi siti ing Pasundhan tuwin ing Carêbon. Punika kemawon lêrêsipun sampun anyêkapi kadamêl lintonipun wragating prang kang têlas. Radèn Dipati Sindurêja anyambungi, ênggèr, atur sampeyan punika inggih sampun lêrês. Ananging sarèhning raka paduka ingkang sinuhun sampun katrucut sagah amaringi têtêmpah, kadospundi ênggènipun nyêlêd, dene nagari Pasundhan punika minăngka ganjaran kemawon. Pangeran Pugêr ngandika, mêngkono iku gampang bae, sarèhning ing tanah Jawa kabèh iki kagunganing ratu, mungguh bumi kang dèn anciki, banyu kang dèn ombe, utawa sukêt godhong sapanunggalane, iku apa ora akèh pangajine, mungguh kakang prabu karsaa angrêgani, apa maneh wong Kumpêni ênggone dagang ana ing tanah Jawa ya wis akèh untunge sarta kajèn. Wong Jawa ora ana kang wani nyikara, mêngkono iku rak sêka sawabe sang prabu, wong Kumpêni yèn ora angatokna sawabe kakang prabu luwih bêcik lungaa têka ing tanah Jawa. Pangeran Cakraningrat sumambung, kakang mas, inggih lêrês sampeyan, mênggaha tiyang bêbêrah tiyang sampun pinaringan umbalan. Inggih nuntên kesaha ingkang têbih, parandosipun yèn prang inggih botên mêntas piyambak, inggih ugi tiyang Jawi ingkang nglampahi pêrang, tiyang Kumpêni amung ngêtêbi kemawon. sang prabu sarêng mirêng saklangkung suka ing galihipun, lajêng ngandika dhatêng Radèn Sindurêja, Sindurêja, besuk samangsane sira kêtêmu lan si kumêndur utawi si petor, yèn pitêmbung anagih, sira dikukuh bae, dene yèn panagihe mêksa, ing kono sêdhênge nundhung têka ing tanah Jawa, dene yèn narima sarta rumăngsa ngêmpèk-êmpèk marang ingsun, ingsun ya anglulusake ênggon ingsun prasanakan, awit

BTJ 2.39.3

ingsun diwêkas marang kangjêng rama swargi, dikakake têpung bêcik karo wong Walănda, ing samêngko [samêng...] [...ko] sira dikêbat anglakokna kongkonan marang Pasuruan. Yèn gêgaman ing Pasuruan wis têka sawetane gunung Lawu, adhi mas Pugêr tumuli ingsun kone mangkat amapagêna prang. Radèn Sindurêja kalihan Pangeran Pugêr nuntên sami mundur saking ngarsanipun sang prabu, Radèn Sindurêja lajêng nglampahakên utusan dhatêng Pasuruan.