BTJ 3.1

Pangeran Dipati Anom Jumênêng Nata ing Kartasura

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 484-488

BTJ 3.1.1

Sasedanipun Sang prabu Mangkurat Pangeran Dipati Anom lajêng pinarak wontên ing srimanganti sarta amêpakakên para bupati sabalanipun. Inggih sampun sami dhatêng abaris ing alun-alun. Anuntên Sang Pangeran Pugêr, kalih Pangeran Arya Mataram, tiga Pangeran Arya Panular anyuwuni lilah ing Pangeran Dipati Anom, sumêja sami ngujung ing layonipun sang nata, Pangeran Dipati Anom inggih anglilani, pangeran têtiga inggih lajêng sami lumêbêt anyungkêmi ing layonipun sang prabu sarwi sami muwun. Kacariyos kalananganipun sang nata angadêg, sarta wontên cahyanipun mancorong amung samarica, wontên ing sapucuking kalam. Nanging botên wontên ingkang uninga, namung Pangeran Pugêr piyambak ingkang aningali, Pangeran Pugêr wau enggal anêcêp cahya kang wontên sapucuking kalam. Sarêng cahya sampun kacêcêp, kalam mantun angadêg. Sampun pinêsthi karsa Allah yèn Pangeran Pugêr ingkang badhe anggêntosi jumênêng nata, wondene jumênêngipun nata Pangeran Dipati Anom punika ratu wêwêla kemawon.

BTJ 3.1.2

Layonipun sang nata sampun binêrsihan, lajêng binêkta dhatêng Mogiri, kadhèrèkakên bala ing Kartasura sawatawis. Ingkang angirit Radèn Suryakusuma, garwanipun sang prabu kang nama Ratu Kancana inggih tumut andhèrèkakên dhatêng Mogiri, sarta ambêkta reyal sèwu, kas kaya saking panggaotanipun sang prabu piyambak, badhe kadamêl salawat.

BTJ 3.1.3

Ing sapêngkêring layon Pangeran Dipati Anom parentah dhatêng Ki Dipati Sumabrata, andikakakên mêpak para bupati mantri wontên ing pagêlaran. Sabab badhe karsa jumênêng nata anggêntosi ingkang rama. Ki Sumabrata matur, gusti, prayoginipun amaringana uninga dhatêng tiyang Kumpêni rumiyin, bilih rama dalêm seda, sarta aparinga uninga yèn panjênêngan dalêm karsa jumênêng anggêntosi nata. Pangeran dipati amangsuli, besuk yèn ingsun wis jumênêng bae bakal awèh wêruh, samêngko ingsun ora karsa awèh wêruh, sira dikêbat anglumpukna kancanira kabèh, ingsun dandan dhingin, tumuli miyos ing pagêlaran. Ki Sumabrata matur sandika lajêng mêdal anglêmpakakên mantri bupati sadaya tuwin para khaji sarta pangulu punapa dene sarip satunggil, gurunipun sang nata swargi, saking nyalatakên layon dèrèng ngantos sami mantuk, lajêng sami sowan ing pagêlaran.

BTJ 3.1.4

Botên antawis dangu Pangeran Dipati Anom miyos saking kadhaton, ginarêbêg ing pawongan, sami angampil upacara kaprabon. Pangeran Pugêr sarta ingkang rayi pangeran kêkalih amêthukakên ing sitinggil. Pangeran Dipati Anom matur dhatêng Pangeran Pugêr, paman, kula [ku...] [...la] badhe karsa jumênêng nata, mugi sampeyan idini. Pangeran Pugêr mangsuli sêndika sarta jumurung. Pangeran Dipati Anom lajêng têdhak dhatêng pagêlaran, pinarak ing dhêdhampar, ingkang sowan sampun sami pêpak.

BTJ 3.1.5

Pangeran Pugêr nuntên jumênêng sawingkinge pangeran dipati sarwi ngandika sêru, sarupaning wong ing Kartasura kabèh, padha anêksenana, yèn Pangeran Dipati Anom saiki takjunjung nata angrèh ing tanah Jawa kabèh, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Mangkurat, Senapati ing Ngalaga Sayidin Panatagama. Para bupati sapangandhap sami saur pêksi jumurung,

BTJ 3.1.6

Ki Dipati Sumabrata enggal anyêntak dhatêng Pangeran Pugêr, ah ampun kêdah andika junjung, Pangeran Dipati Anom sampun sagêd jumênêng nata piyambak. Pangeran Pugêr sarêng mirêng saklangkung wirangipun, kados botên sagêd aningali têtiyang, ing dalêm batos tansah anyêbut ngudu bilihi,[13] Ki Dipati Sumabrata sakancanipun para bupati mantri enggal sami ngaras ing sukunipun sang prabu, Pangeran Pugêr sarta ingkang rayi kêkalih sami asêsalaman. Sang nata nuntên kondur angêdhaton. Sarawuhe ing kadhaton lajêng andhawahakên

BTJ 3.1.7

parentah dhatêng tiyang sakadhaton, yèn ingkang ibu Ratu Kulon samangke kanamakakên Ratu Agêng.

BTJ 3.1.8

Kacariyos putranipun sang prabu ingkang sampun seda amung satunggil sang nata punika, patutanipun kalihan Ratu Kulon. Garwa sanèsipun botên wontên patutan. Mila makatên, Ratu Kulon punika sangêt dursila ing manahipun. Yèn wontên marunipun ingkang wawrat lajêng dipun sanjani, wawratipun lajêng ical sami sakala.

BTJ 3.1.9

Kala samantên pinuju ing dina Rêspati sang prabu anyar miyos sinewaka, anjunjung panakawanipun kêkalih, paranakan Cina ing Samawis anama Ki Pusparaga, kaangkat nama Tumênggung Jayaningrat, sarta abdinipun ing kadospatèn inggih kathah kang sami jinunjung lênggah, sang nata lajêng parentah dhatêng Ki Sumabrata, andikakakên kintun sêrat paring pariksa dhatêng kumêndur ing Japara kalihan Kapitan Kênol ing Samawis, bab sedanipun ingkang rama sarta ênggènipun anggêntosi jumênêng nata. Ki Sumabrata matur sandika.

BTJ 3.1.10

Sang prabu nuntên ngandika bisik-bisik dhatêng Ki Sumabrata, Sumabrata, mungguh ênggon ingsun jumênêng nata iki apa ana kang dadi sumêlang, agawe pakewuhing ati.

BTJ 3.1.11

Ki Sumabrata matur, pangraosing manah kula amung priyantun satunggil ingkang dados sumêlang, nanging kula ajrih amastani.

BTJ 3.1.12

Sang nata mèsêm sarwi ngandika, iya ingsun wus sumurup kang dadi sumêlangira iku, ora liya amung Si Paman Pugêr, nanging panduganingsun yèn putrane wadon isih ingsun wêngku, kaya ora kêlakon aduwea cipta ala.

BTJ 3.1.13

Ki Sumabrata matur, gusti, mêngkatên punika sangsaya gampil anglampahakên, kadursilan anênungkul amurih pêjah, sabab tiyang arêbat karaton punika amêsthi botên angetang anak èstri, saupami Pangeran Pugêr akèn dhatêng garwa dalêm, kapurih anyedanana ing panjênêngan dalêm. Pandugi kula inggih badhe kalampahan. Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Sumabrata, dilalah lajêng kasupèn ing wawêlingipun ingkang rama swargi, anggêga aturipun Ki Sumabrata. Kala samantên pinuju sidêkah pitung dintênipun ingkang rama, garwanipun sang prabu putri ing Kapugêran lajêng kaantukakên dhatêng ingkang rama Pangeran Pugêr, dene ingkang kainggahakên dados garwa, sêlir saking Onje, kaparingan nama Ratu Kancana.

BTJ 3.1.14

Kacariyos ingkang sami andhèrèkakên layon dhatêng Magiri,[14] sarêng layon sampun kinubur, lajêng sami mantuk dhatêng

BTJ 3.1.15

Kartasura, amung Ratu Mangkurat taksih kantun angaosakên kalihan para santri kathah,