BTJ 3.2
Radên Suryakusuma Balela lan Pangeran Pugêr Kabêthekan
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 488-492
BTJ 3.2.1
wondene Radèn Suryakusuma botên purun mantuk, lajêng apacak baris wontên ing dhusun Ngenta-enta tanah Matawis, anêlukakên tiyang sakiwa têngên ing ngriku, dipun purih kondur dhatêng abdinipun kamisêpuh anama Ki Surăngga, radèn botên purun, pangandikanipun, Surăngga, yèn kangmas pangeran dipati anggêntèni jumênêng nata, aku [a...] [...ku] suthik mulih, wis pêsthi jagad bakal rêtu, krana kangmas dipati iku budine bangêt ala, kagawa têka biyunge, dudu turun Mataram. Wis dilalah swargi uwa prabu ora pêputra karo garwane kang padha turun Mataram. Kangmas dipati dhewe ya wis dilalah ênggone jêjodhon karo sadulurku ora tutug. Iku mratandhani yèn bakal sirna wijine, luwih bêcik aku jumênênga nata dhewe, dene bêgja utawa cilaka, iku ana ing awakku dhewe, lan wis wiyahe yèn wong ngrêbut nagara, yèn kalah sirna, yèn mênang pêsthi ngukup. Hèh Kakang Surăngga, nuli dikêbat anêluk-nêlukna wong tanah Mataram utawa ing Pagêlèn. Lan misuwurna yèn saiki aku jumênêng nata ajêjuluk Prabu Panata Agama. Radèn Surăngga matur sandika. Kala samantên sampun kathah tiyang ingkang sami suyud, agêng bêbarisanipun, sarta sampun angreka kadhaton tuwin alun-alun wontên ing dhusun Ngenta-ngenta.
BTJ 3.2.2
Kangjêng Ratu Mangkurat sarta tiyang sa-Magiri sami kagegeran. Ratu Mangkurat angili mangetan dhatêng ing Gunung Kidul, anjog ing dhusun Masaran, lajêng kondur dhatêng ing Kartasura, sampun katur ing sang prabu yèn Radèn Suryakusuma balela sarta sampun kathah balanipun. Sang nata sangêt duka dhatêng Pangeran Pugêr, katêrka saking pangajanipun ingkang rama, sang prabu lajêng parentah dhatêng Ki Sumabrata, paman Pugêr timbalana dienggal saanakbojone, yèn wis têka banjur bêthekana ana ing paseban ngalun-alun, aja sira wèhi nganggo gêgaman.
BTJ 3.2.3
Ki Sumabrata enggal utusan nimbali, Pangeran Pugêr sagarwaputranipun inggih sampun dhatêng wontên ing pagêlaran. Ki Sumabrata lajêng andhawahakên timbalan dalêm, sarta amundhut agêmanipun. Pangeran Pugêr inggih botên suwala, sampun asrah dhuwung, dalasan para putra tuwin para abdinipun inggih sampun sami asrah gaman, amung Radèn Mas Ăntawirya ingkang dèrèng asrah dhuwung, andik netranipun, wadananipun abrit. Para bupati ebah sami angantos-antos.
BTJ 3.2.4
Pangeran Pugêr enggal andhawahi dhatêng ingkang putra, Ăntawirya, kêrismu pasrahna, sanajan kowe dipatenana ya aja suwala, sarèhning kowe ora dosa, amêsthi patimu sahid. Balik yèn kowe băngga, amêsthi bakal duraka ing ratu, lan yèn kowe ora srah gêgaman kêna ing supataku. Radèn Ăntawirya sangêt ajrih dhatêng ingkang rama, sampun pasrah dhuwung, Pangeran Pugêr saputragarwanipun tuwin para abdi lajêng sami kabêthekan, ing jawi karêksa gêgamanipun para bupati, Pangeran Pugêr saputragarwanipun saklangkung mamêlas. Siyang dalu sami anangis sarta anênutuh dhatêng Radèn Suryakusuma.
BTJ 3.2.5
Para bupati ingkang sami rumêksa ing kabêthekan tuwin Ki Dipati Sumabrata ing sabên sontên sami têtêgar maripit pabêthekan sarta sami wicantên mêmiringi amêmirang dhatêng Pangeran Pugêr. Wondene Pangeran Pugêr inggih sangêt jarêm ing galihipun. Botên karsa dhahar utawi sare, tansah anêdha pangapura sarta pitulunging Allah, bilih wanci dalu sangêt ênggènipun nêkung angêningakên tingal. Yèn ing dintên Sênèn tuwin Kêmis, Pangeran Pugêr siram kujamas, arêrêsik, madhêp ing karsanipun sang prabu manawi badhe anêlasi.
BTJ 3.2.6
Kacariyos sang nata sampun parentah anglurugi kraman Radèn Suryakusuma, inggih sampun kalampahan. Radèn Suryakusuma kawon pêrangipun, sabab kêkathahên mêngsah, balanipun kathah kang pêjah, nuntên lumajêng dhatêng tanah Pagêlèn. Bala ing Kartasura lajêng sami mantuk. Sang prabu pinuju miyos sinewaka, angrêmbag badhe sumêja anêlasi Pangeran Pugêr. Ki Sumabrata matur ajrih ing walatipun. Amêsthi badhe damêl rêngkaning nagari. Ki Tumênggung Wiraguna sumambung, upamènipun arak sakopi, bilih dipun ombe tiyang satunggil amêsthi ngêndêmi, yèn dèn ombe tiyang kathah amêsthi tawa. Nuntên kasaru dhatêngipun ingkang sami nglurug. Matur yèn unggul pêrangipun. Radèn Suryakusuma lumajêng mangilèn. Sang nata saklangkung suka, lajêng parentah ambujênga ing sapurugipun Radèn Suryakusuma, ingkang kadhawahan inggih enggal mangkat.
BTJ 3.2.7
Kala samantên Ki Sumabrata nuntên matur anyuwunakên pangapura Pangeran Pugêr, sabab kraman Radèn Suryakusuma sampun kawon prangipun. Akathah-kathah aturipun Ki Sumabrata wau ênggènipun amurih icale dukanipun sang prabu dhatêng Pangeran Pugêr. Sang nata inggih lajêng amarêngi, alon pangandikanipun.
BTJ 3.2.8
Iya wis, luwarana paman Pugêr, nanging pundhutên tokide yèn angajanana ngêraman marang putrane kabèh, sarta dhawuhana ngalih omah cêdhak ing alun-alun. Ki Sumabrata matur sandika, lajêng dhatêng ing pabêthekan. Pangeran Pugêr sampun kapundhut katêmênanipun. Sarta kadhawahan ngalih, adalêma cakêt ing alun-alun, lajêng linuwaran. Pangeran Pugêr wau inggih sampun ngalih padalêman.