BTJ 3.56

Martayuda lan Kalênggahan Bupati Samawis

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 685-688

BTJ 3.56.1

Kacariyos mantukipun bala ing Kartasura sarwi ambêkta kunarpanipun Ki Dipati Mangkupraja kalih kunarpanipun Radèn Suradiningrat. Sarêng katur ing sang prabu sakalangkung ngungun. Têtilaranipun anak Ki Dipati Mangkupraja satunggil, lajêng kadadosakên bupati, kaparingan nama Tumênggung Kartanagara. Anuntên Ki Dipati Sura Adimênggala ing Samawis pêjah, nanging botên gadhah anak jalêr, amung anak èstri kemawon, sampun kaemahakên angsal kapenakanipun Dipati Sura Adimênggala anama Martayuda, Martayuda wau kala jumênêngipun Sunan Pakubuwana wontên ing Samawis sampun kaabdèkakên, [ka...] [...abdèkakên,] kadadosakên carik. Inggih kaparingan nama Ngabèi Martayuda, sarêng ing sapêjahipun Ki Dipati Sura Adimênggala punika Martayuda sumêja angrêbat kalênggahanipun. Nuntên agadhah panyuwun dhatêng Tuwan Komasaris Dulkub. Tuwan komisaris inggih parêng, Ki Mangkuyuda lajêng katêtêpakên dados bupati ing Samawis. Nanging tuwan komasaris wau kasupèn adatipun lampahing nagari, botên mawi ngaturi uninga sarta anyuwun lilah ing sang prabu tuwin ki patih. Sarêng Ki Patih Danurêja kamirêngan, yèn Ki Martayuda sampun dados bupati awit saking karsanipun tuwan komasaris, ki patih enggal anglampahakên utusan animbali Martayuda, Ki Marta sarêng tampi dhawuh saking ki patih, enggal lumampah sowan dhatêng ing Kartasura sarta angangge panganggenipun bupati, sadhatêngipun ing Kartasura lajêng amondhok ing kapatihan.

BTJ 3.56.2

Anuntên ki patih anglampahakên utusan dhatêng tuwan komasaris ing Samawis sarta mawi sêrat. Ungêling sêrat, ki patih pitakèn dhatêng komasaris, punapa tuwan komasaris purun adamêl bupati, botên têrang kalihan sang prabu, kaping kalih ki patih anyêrêpakên dhatêng tuwan komasaris, yèn Kumpêni ing Samawis botên kaparingan wêwênang yèn amisesaa dhatêng [dha...] [...têng] bupati ing Samawis. Naming padamêlanipun kemawon ingkang kaparingakên dhatêng Kumpêni, dene bilih wontên kalêpatanipun ênggènipun jagi, tiyang Kumpêni anglaporna dhatêng Kartasura, sabab botên kawênangakên yèn angukuma ing kalêpatanipun.

BTJ 3.56.3

Tuwan komasaris wau sarêng sampun maos sêrat, sangêt ênggènipun jêtung, amargi dipun wus- wusakên dhatêng ki patih, sarta kaduwung solahipun kang sampun kalampahan. Anuntên amangsuli sêrat. Suraosipun, angrêrêpa dhatêng ki patih, supados sampun ngantos karêpotakên dhatêng Batawi, dene prakawisipun Martayuda, sarèhning samangke sampun wontên ing Kartasura, aprasasat yatra sampun wontên ing kanthongipun ki patih, punapa ingkang dados karsanipun amêsthi badhe kalampahan sarta tuwan komasaris angintuni barang warni-warni dhatêng ki patih. Sêrat tuwin barang kintunan sampun sami katampèn dhatêng utusan. Nuntên mantuk dhatêng ing Kartasura.

BTJ 3.56.4

Ki Patih Danurêja sampun maos sêrat wangsulan saking komasaris sangêt suka ing manahipun. Ki patih enggal sowan ing sang prabu angaturakên prakawis wau, sang nata sarêng mirêng pratelanipun ki patih, sakalangkung suka ing galihipun. Alon ênggènipun ngandika, wakane, prakara iku măngsa bodhoa sira, sarèhning Martayuda mau kaluputan [ka...] [...luputan] marang ingsun. Iya tumuli patrapana paukuman. Nanging aja sira patèni, krana kangjêng rama swargi wis prajangjean karo Si Dipati Sura Adimênggala, saturune luputa ing ukum pati. Ki patih matur sandika, ki patih matur malih angaturakên ingkang badhe anggêntosi bupati ing Samawis, anama Ngabèi Sêtrawijaya, sang nata inggih parêng, ki patih tumuntên mêdal saking kadhaton.o.