BTJ 3.55
Pêrang Pagagakan, Kadhiri, lan Malang
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 680-685
BTJ 3.55.1
Tuwan Amral nuntên wangsul dhatêng ing Kartasura, sarta ambêkta garwanipun Pangeran Arya Mataram tuwin putranipun ingkang sami taksih alit-alit. Sadhatêngipun ing Kartasura lajêng matur dhatêng sang prabu ing kawitan dumugi wêkasan. Sang nata sakalangkung suka ing galihipun sarta anarima sangêt dhatêng Amral. Tuwan Amral anuntên matur yèn sumêja ambujêng ing sapurugipun panêmbahan tuwin Sultan Balitar, sang nata parêng, lajêng parentah dhatêng ki patih, kinèn amarentahi Ki Dipati Cakraningrat sarta para bupati pasisir, sami andikakakên dhatêng ing Ngawi sabalanipun. Tuwan Amral inggih badhe dhatêng ing Ngawi sarta bala Kumpêni mêdal ing Jagaraga, Radèn Natawijaya kang baris wontên ing Magêtan kinèn angêrig tiyang măncanagari, abarisa ing wana Gagêlang sakidulipun Madiun. Ki patih wau enggal anglampahakên utusan dhatêng Maduntên tuwin nagari pasisir măncanagari sadaya, para bupati ingkang sami kadhawahan parentah wau inggih enggal sampun sami dhatêng wontên ing Ngawi sarta ing wana Gagêlang, sakalangkung agêng bêbarisanipun. Anuntên sami angaturi uninga dhatêng ing Kartasura. Wondene Tuwan Amral sarêng sampun anampèni pratela, [prate...] [...la,] yèn para bupati sampun sami ngalêmpak. Tuwan Amral nuntên bidhal ambêkta Kumpêni sèwu, bupati ing Kartasura kang binêkta sapalih, têtindhihipun Radèn Suradiningrat putranipun Pangeran Panular kalih Ki Dipati Mangkupraja, lampahipun sampun dumugi ing Ngawi,
BTJ 3.55.2
akumpul kalihan para bupati măncanagari tuwin pasisir, kathahing bala tanpa wilangan, lajêng ngangsêg dhatêng ing dhusun Kakajang.
BTJ 3.55.3
Gêntos kacariyos putra ing Maduntên kang nama Radèn Jimat, kang binêkta Dewa Kêtut dhatêng ing Bali rumiyin. Samangke sampun wangsul dhatêng ing tanah Jawi, akumpul kalihan Ki Dipati Natapura, tumuntên sami rêmbag sumêja anunggil Panêmbahan Purbaya, lajêng sami bidhal saking ing Japan lan sabalanipun. Sadhatêngipun ing Madiun panêmbahan sakalangkung bingah ing galihipun. Ki Dipati Natapura lajêng sinêgahan dados pamugarining prang, panêmbahan anuntên parentah anata baris sumêja mêthuk prang wontên ing dhusun Pagagakan. Milih papan kang wiyar sarta radin. Ingkang pinatah dados panjawat têngên Radèn Jimat, binêbahan mêthukakên pêrangipun bala ing Madura sarta bala pasisir, Ki Dipati Natapura dados panjawat kiwa, amêthukakên pêrangipun bupati ing Kartasura, ingkang dados dhadha panêmbahan, badhe anadhahi pêrangipun Kumpêni, sarêng sampun [sampu...] [...n] sami rakit nuntên bidhal saking kitha Madiun.
BTJ 3.55.4
Sadhatêngipun ing Pagagakan mêngsahipun sampun mapan wontên ing ngriku, lajêng têmpuh pêrang rame, kathah kang sami pêjah, balanipun Pangeran Cakraningrat ing Maduntên sarêng sami aningali dhatêng Radèn Jimat sangêt ênggènipun sami ajrih, sabab punika saduluripun gustinipun. Nuntên sami lumajêng angungsi wingkingipun Pangeran Cakraningrat. Pangeran Cakraningrat sangêt duka, anêrêgakên bala sarwi angandika, hèh bocah Madura, aja ana kang wêdi, Si Kacung cêkêlên bae. Nanging bala ing Madura mêksa mogok, lumajêng dhatêng ing wingkingipun prajurit Kumpêni, bala ing pasisir kèlu sami lumajêng, utawi bupati ing Kartasura ingkang aprang kalihan Dipati Natapura inggih sampun kaplajêng,
BTJ 3.55.5
nuntên Kumpêni anadhahi pêrangipun panêmbahan. Sakalangkung rame sarta kathah kang sami pêjah, panêmbahan kawon pêrangipun. Nuntên mundur alon-alonan sarta kasaput ing dalu, sadhatêngipun ing kitha Madiun lajêng pradangdosan sumêja kèngsêr mangetan, sarêng sadalu punika ugi panêmbahan sarta sultan bidhal saking ngriku lan sabalanipun, mêdal ing siti Pranaragi lajêng anjog ing Kadhiri. Anuntên anakipun Surapati têtiga sami sowan dhatêng panêmbahan wontên ing Kadhiri, inggih anama Surapati, kalih Suradilaga, tiga Tirtanata, sarta ambêkta bala gangsal atus. Lajêng
BTJ 3.55.6
kinèn amêthukakên Kumpêni ingkang sami ambujêng dhatêng panêmbahan.
BTJ 3.55.7
Wondene pambujêngipun Tuwan Amral sakumpêninipun tuwin bala ing Kartasura kèndêl wontên sakilènipun bênawi palabuhan. Ênggènipun masanggrahan wontên ing ngriku satêngah wulan, ajêng-ajêngan kalihan anakipun Surapati têtiga wau, nanging êlêt bênawi, dene panêmbahan sarta sultan inggih wontên ing kitha Kadhiri, sarêng Tuwan Amral sumêrêp yèn panêmbahan taksih wontên ing kitha Kadhiri, botên tumut baris cakêt bênawi ngriku, Tuwan Amral lajêng anuduh Kumpêni gangsal atus, têtindhihipun kapitan gangsal, anama Tonar, kalih Bêngkol, tiga Kapitan Pambayi, sakawan Kapitan Buyung, gangsal Kapitan Jêmbaran, kinanthenan Ki Tumênggung Tohjaya, kinèn sami nyabrang bangawan ngandhap, lajêng amenggok mangidul. Ingkang sami kadhawahan wau inggih enggal mangkat nyabrang ing bênawi.
BTJ 3.55.8
Sarêng panêmbahan sumêrêp yèn wontên baris Kumpêni badhe nubruk saking wingking, sangêt ênggènipun kagegeran. Anakipun Surapati têtiga wau lajêng sami dipun timbali, badhe kinèn amêthukakên Kumpêni kang sampun sami nyabrang bênawi. Sarêng tuwan aningali baris sawetaning bênawi sampun bibar, Amral sakumpêninipun sarta bala ing Kartasura lajêng sami nyabrang mangetan. [ma...] [...ngetan.] Panêmbahan sangsaya kuwur galihipun. Sabab mêngsahipun maju kalih, panêmbahan sarta sultan nuntên sami lumajêng dhatêng ing Malang, anakipun Surapati têtiga anadhahi pêrang sakêdhap, anuntên nututi lumajêng. Wondene Amral sarta bala ing Kartasura lajêng angêbrêki kitha ing Kadhiri, têtiyang măncanagari sampun kathah kang sami nungkul dhatêng Tuwan Amral. Amral nuntên adamêl loji ing ngriku. Sarêng ênggènipun adamêl loji sampun dados, Tuwan Amral lajêng bidhal dhatêng ing Surabaya ambêkta bala Kumpêni sapalih, kang sapalih taksih tinilar wontên ing Kadhiri kalihan bala ing Kartasura sadaya, sarta atilar ubanggi dintên ênggènipun badhe ambêdhah ing Malang, lampahipun Tuwan Amral mêdal ing Japan. Têtiyang ing Japan tuwin sakiwatêngênipun sampun sami nungkul sadaya dhatêng Amral. Lajêng sami binêkta dhatêng ing Surabaya, Tuwan Amral wau ênggènipun wontên ing Surabaya botên lami, nuntên mangkat sumêja anggêbag ing Malang, dhatêngipun wontên ing Malang sarêng kalihan Kumpêni tuwin bala ing Kartasura
BTJ 3.55.9
kang saking Kadhiri, lajêng têmpuh pêrang sakêdhap. Sultan Balitar lumajêng dhatêng ing Dhumpul. Panêmbahan kalihan Pangeran Hèrucakra sarta Dipati Natapura tuwin anakipun Surapati têtiga sami lumajêng angusi ing Lumajang, sinêngkalan 1646.
BTJ 3.55.10
Tuwan Amral sarta bala ing Kartasura sami angêbrêki ing Malang, wontên ing ngriku kaparag ing pagêring, bala ing Kartasura tuwin Kumpêni kathah kang sami pêjah amargi sakit. Radèn Suradiningrat kalihan Dipati Mangkupraja sami pêjah, Tuwan Amral sakumpêninipun tuwin bala ing Kartasura anuntên sami bidhal mantuk dhatêng ing Kartasura sarta ambêkta kunarpa kêkalih wau. Ing sapêngkêripun Kumpêni tuwin bala ing Kartasura, Sultan Balitar wangsul dhatêng ing Malang malih, wontên ing ngriku gêrah andadosakên ing sedanipun. Layonipun anuntên binandhusa kabêkta dhatêng ing Kartasura, kang angiringakên layon garwa putranipun sarta Ki Tumênggung Jayabrata, nuntên sami mangkat saking ing Malang.