BTJ 1.5
Raden Sesuruh lan Wiwitan Majapait
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 18-22
BTJ 1.5.1
Anuntên kauningan dhatêng putranipun sang nata, kang nama Radèn Sêsuruh, lajêng amêpak damêl, badhe anyêpêng Arya Banyak Widhe, botên antawis dangu nuntên pêrang rame, balanipun Arya Banyak Widhe kathah kang pêjah, amargi dipun amuk dhatêng Radèn Sêsuruh, Banyak Widhe amêdali, amêthukakên Radèn Sêsuruh, kêpanggih ajêng-ajêngan. Radèn Sêsuruh dipun lêpasi jêmparing, kenging paningsêtipun tatas, radèn kawirangan sarta giris, mundur lajêng lolos. Lampahipun ngetan lêrês, kandhêg wontên ing dhusun Kaligunting ing griyanipun răndha, Radèn Sêsuruh lajêng kapêndhêt anak. Salolosipun Radèn Sêsuruh, Arya Banyak Widhe [Wi...] [...dhe] sampun jumênêng ratu ing Pajajaran, lajêng andhawahakên parentah dhatêng para abdi bawahipun sadaya, botên kalilan yèn kanggenan Radèn Sêsuruh, sintên ingkang nêrak pêpacak punika amêsthi badhe manggih bilai agêng. Sarèhning dhusun ing Kaligunting wau kalêbêt talatah ing Pajajaran, nyai răndha sasadhèrèkipun jalêr têtiga, anama Ki Wiro, kalih Ki Nambi, tiga Ki Bandar, sami sangêt ing ajrihipun, sumêrêp pêpacakipun sang prabu, lajêng sami rêmbagan kalih Radèn Sêsuruh mênggah prayogine ingkang badhe linampahan. Pangandikanipun Radèn Sêsuruh karsa kesah ing sapurug-purug, sampun ngantos nyai răndha amanggih rêribêd. Nyai răndha sasadhèrèkipun kêdah tumut ing salampahipun. Anuntên sami kesah saking dhusun ing Kaligunting, brayanipun[7] nyai răndha ingkang sami andhèrèk watawis tiyang satus, ingkang dipun jujug ing rêdi Kombang, ing ngriku wontên ingkang mara tapa, anama Ajar Camara Tunggal, misuwur tasdik sarta sumêrêp sadèrèngipun winarah, angêrèhakên sakathahing lêlêmbat ing tanah Jawi. Ajar Camara Tunggal sarêng tamian Radèn Sêsuruh, sampun sumêrêp ikang dados karsanipun. Kyai ajar asuka pitêdah, Radèn Sêsuruh kapurih lumampah ngetan lêrês. Mênawi manggih wit maja satunggil, ingkang awoh [a...] [...woh] namung satunggil, isinipun pait. Adhêdhepoka wontên ing ngriku, panggenan punika ing benjing badhe dados nagari agêng, Radèn Sêsuruh ingkang badhe angratoni, anêdhakakên para ratu ing tanah Jawi, sarta badhe malês dhatêng ratu ing Pajajaran.
BTJ 1.5.2
Wondene Ajar Camara Tunggal wau dede ajar ingkang sayêktosipun. Kala waunipun putri ing Pajajaran, ingkang rayi tumuntên ing eyangipun Radèn Sêsuruh, mila kalampahan lolos saking nagari dados ajar, awit saking lumuhipun krama, pintên-pintên ratu ingkang sami nglamar dipun tampik. Salolosipun saking nagari Pajajaran anjujug ing rêdi Kombang, ing ngriku wontên kajêngipun camara namung satunggil. Mila anama Ajar Camara Tunggal. Radèn Sêsuruh inggih dipun sêrêpakên mênggah punika, anuntên ajar malih warninipun lami, dados èstri anglangkungi ayunipun. Radèn kedanan sangêt, amarêpêki badhe nyêpêng, tiyang èstri lajêng musna, botên antawis dangu katingal malih, nanging sampun warni ajar, Radèn Sêsuruh lajêng nyungkêmi sukunipun, sarta nyuwun pangapuntên. Ajar Camara Tunggal pitutur malih, yèn ing benjing badhe kapanggih malih kalih Radèn Sêsuruh, bilih radèn sampun jumênêng ratu, angrèhakên ing tanah Jawi sadaya, sarta kyai ajar badhe ngalih dhatêng ing sagantên [sa...] [...gantên] wêdhi, wontên ing ngriku jumênêng ratu, angrèhakên sakathahing lêlêmbat. Anuntên badhe ngalih ngadhaton ing Pamantingan, kalèrèh dhatêng Radèn Sêsuruh, wondene têdhak-têdhakipun Radèn Sêsuruh badhe ngadhaton salèripun ing Pamantingan, sakidulipun ing rêdi Marapi, sarta sintên-sintêna ingkang jumênêng ratu ing tanah Jawi, badhe anggarwa dhatêng Ajar Camara Tunggal. Ing wusananipun Radèn Sêsuruh dipun wêling, manawi ing benjing manggih pakèwêd, kapurih animbalana Ajar Camara Tunggal, amêsthi sakêdhap dhatêng, ambiyantoni sabalanipun lêlêmbat. Satêlasing pitutur radèn dipun aturi mangkat, anjujug nagari ing Singasari. Radèn Sêsuruh sasampuning pamit lajêng mangkat sarencangipun tiyang satus. Wontên ing wana kèndêl sangandhapipun wit maja, wohipun namung satunggal. Radèn èngêt wêwêlingipun Ajar Camara Tunggal, wohing maja andikakakên mêthik. Sarêng dipun dhahar raosipun pait. Radèn adhêdhêkah wontên ing ngriku, kawastanan dhusun ing Majapait. Anuntên kathah têtiyang dhatêng, tumut agriya wontên ing ngriku, saha sami anênanêm. Lami-lami dados nagari agêng, misiwur ing pundi-pundi. Kacariyos Arya Bangah, sadhêrekipun Radèn Sêsuruh, ingkang jumênêng wontên ing Galuh, nagarinipun kabêdhah [ka...] [...bêdhah] dhatêng ratu ing Pajajaran, lolos saking ing nagari, kêpanggih kalih ingkang rayi wontên dhusun ing Majapait wau, sarêng sampun mratelakakên ing tiwasipun, lajêng sami ngrêmbag anglurugi ing nagari Pajajaran, inggih lajêng linampahan. Sabêdhahipun nagari ing Pajajaran, Radèn Sêsuruh jumênêng ratu wontên ing Majapait. Têtiyang sapulo Jawi suyud sadaya, Arya Bangah ngalih nama Arya Panular, Ki Wiro kajunjung lênggahipun, anama Patih Wahan, Ki Bandar sarta Ki Nambi kadamêl Mantri.