BTJ 1.6
Saka Majapait nganti Prabu Brawijaya
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 22-25
BTJ 1.6.1
Lami-lami prabu ing Majapait pêputra, kaparingan nama Prabu Anom. Patih Wahan inggih pêputra, anama Hudara, dados Adipati ing Kadhiri, sasedanipun Prabu Sêsuruh dipun gantosi putranipun, ingkang dados patih taksih Kyai Wahan. Anuntên sang nata ingkang jumênêng enggal badhe kagungan karsa ambêbujêng dhatêng wana, Patih Wahan botên amrayogèkakên, awit sawêg jumênêng enggal, para abdi dèrèng suyud sêdaya, tampinipun sang nata kyai patih angèwêd-èwêdi karsanipun, andadosakên sangêt ing dukanipun, lajêng malêbêt ing dalêm. Sang nata kagungan abdi satunggil, anama Ujung Sabata, dados lurah abdi kajinêman. Sampun kawênangakên ngambah salêbêting kadhaton. Sumêrêp yèn sang nata duka, amargi dipun ampah karsanipun dhatêng kyai patih, lajêng sowan ing sang prabu, akathah-kathah ênggènipun ambêbolèhi, sangsaya adamêl dukanipun, angantos dhawah dhatêng Ujung Sabata, andikakakên nyidra Patih Wahan. Kaparingan agêmipun wangkingan, anama Kyai Jangkung Pacar. Ujung Sabata anglampahi, Patih Wahan pêjah dipun cidra wontên ing dalêmipun piyambak. Garwa putranipun sami kapundhut kadalêmakên Sapêjahipun Patih Wahan, sang nata andumugèkakên karsanipun. Ambêbujêng dhatêng wana kalih ingkang garwa, kadhèrèkakên ingkang para abdi, saking bingahipun ambêbujêng sang nata ngantos pisah kalih ingkang abdi. Putranipun Patih Wahan ingkang dados Adipati Kadhiri sampun midhangêt wartos, bilih ingkang rama dipun pêjahi dhatêng sang prabu, sumêrêp yèn sang nata sawêk ambêbujêng dhatêng ing wana, lajêng anumpak kapal kalih ambêkta waos, angupadosi sang nata, sumêdya amalês pêjahipun ingkang rama, anuju kêpanggih ijen, sang nata dipun waos dados ing sedanipun. Lajêng kagêntosan ingkang putra anama Adaningkung. Prabu Adaningkung apêputra Hayamwuruk. Hayamwuruk apêputra Lêmbu Amisani, patihipun anama Dêmung Wular, Lêmbu Amisani apêputra Bra Tanjung, Bra Tanjung apêputra Radèn Alit, sarêng jumênêng ratu anama Brawijaya, [Brawi...] [...jaya,] patihipun anama Gajah Mada.
BTJ 1.6.2
Sang Prabu Brawijaya ing dalu supêna krama kalih putra ing nagari Cêmpa, enjing sawungunipun animbali kyai patih, kadhawahan lumampah dhatêng nagari ing Cêmpa ambêkta sêrat katur ratu ing Cêmpa, ungêlipun, anglamar ingkang putra, wondene prênahipun nagari Cêmpa wau ing tanah sabrang, Patih Gajah Mada lajêng lumampah numpak baita, lampahipun lastantun dumugi nagari ing Cêmpa, sang prabu putranipun tiga, pambajêng kalih panggulunipun èstri, wuragilipun jalêr, Patih Gajah Mada sowan ing sang prabu angaturakên sêrat. Sang nata parêng putranipun dipun lamar, ingkang pambajêng kabêktakakên dhatêng kyai patih, sarta dipun bêktani gong, nama Kyai Sêkar Dalima, kalihan garêbong, anama Kyai Bale Lumur sarta padhati, nama Kyai Jêbat Bètri, patih lajêng mangkat, lastantun dumugi nagari Majapait. Putri katur ing Sang Prabu Brawijaya. Sang Prabu ing Cêmpa wau atamian tiyang saking sabrang, anama Makdum Brahim Asmara, matur ing sang nata kapurih Islama, sang nata anuruti, dalasan abdi sanagari sadaya sami Islam. Sarta putranipun èstri kantun satunggil kadhaupakên kalih Makdum Brahim Asmara, sasedanipun sang prabu kagêntosan putranipun jalêr, Makdum Brahim Asmara apêputra kalih sami jalêr. Satêngahing wana bawah nagari Majapait wontên danawa kêkalih tapa, jalêr èstri sami sadhèrèk. Danawa èstri wau sangêt ênggènipun kapingin dados garwanipun Prabu Brawijaya, sarèhning warni danawa, anyipta botên kêdugèn ing pikajênganipun, lajêng malih warni èstri anglangkungi ayunipun, asêsilih nama Endhang Sasmitapura, pamit dhatêng sadhèrèkipun sumêdya sowan ing Sang Prabu Brawijaya, sadhèrèkipun anglilani. Sadhatêngipun nagari ing Majapait, sakathahing tiyang sami eram aningali ayunipun, ngantos kêmirêngan ing sang nata, lajêng andikakakên ngirid dhatêng kadhaton, sarta kadamêl sêlir, lami-lami Endhang Sasmitapura wawrat, kapingin nêdha gêcok mêntah, sang nata anglêgani, sarêng Endhang Sasmitapura nêdha gêcok mêntah, lajêng malih warni danawa malih, sang nata kagèt sarta sangêt ing dukanipun, amundhut waos. Endhang Sasmitapura badhe dipun pêjahi, nanging botên kalampahan, awit enggal lumajêng mantuk dhatêng ing wana malih. Sarêng dumugi ing sangang wulan, danawa èstri gadhah anak jalêr, bagus warninipun, kanamanan Ki Dilah.