BTJ 1.7

Arya Damar lan Putri Cina

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 25-27

BTJ 1.7.1

Sarêng Ki Dilah sampun birai, atakèn ingkang yoga dhatêng ibunipun. Ibunipun anjatèni, Jaka Dilah lajêng pamitan, badhe lumampah dhatêng nagari ing Majapait, sumêdya ngabdi ing sang nata, dipun ampah botên kenging, mêksa kesah, dumugi ing nagari kêpanggih kalih Patih Gajah Mada wontên ing pasowan.[8] Sarêng sampun mratelakakên ingkang dados pikajênganipun, lajêng kaaturakên ing sang prabu, sang nata parêng, Jaka Dilah kadadosakên abdi panakawan. Prabu Brawijaya karsa ambêbujêng dhatêng wana, Ki Dilah matur, sampun susah sang nata adamêl kangelaning sariranipun, ambêbujêng tindak dhatêng wana, Ki Dilah sagah anggiring sawarnining bêbujêngan wana dhatêng alun-alun. Sang nata parêng, nanging bilih botên sagêd andhatêngakên, badhe kapatrapan paukuman pêjah. Jaka Dilah lajêng lumampah dhatêng ing wana, kapanggih kalih ibunipun, awartos ingkang dados kasagahanipun dhatêng ratu ing Majapait. Ibunipun sagah anglêmpakakên sawarnining bêbujêngan wana, sarêng sakathahing bêbujêngan sampun ngalêmpak, lajêng dipun giring dhatêng Jaka Dilah dumugi ing alun-alun ing Majapait. Andadosakên suka bingahipun sang nata. Jaka Dilah katrimah ing damêlipun, sabibaring ambêbujêng Jaka Dilah kajunjung lênggahipun, dados ratu ing nagari Palembang, kaparingan nama Arya Damar, sarta dipun bêktani abdi salêksa, Arya Damar lajêng mangkat saking nagari Majapait, kèndêl wontên ing Garêsik. Kacariyos Sang Prabu Brawijaya krama malih angsal putri ing nagari Cina, garwanipun sêpuh ingkang saking nagari Cêmpa sangêt ing pamularipun, botên parêng dipun maru kalih putri Cina, anyuwun kaantukakên dhatêng ingkang rama, mênawi botên kabucal marunipun. Saking agênging trêsnanipun dhatêng garwa kawitan, Prabu Brawijaya sagah angantukakên putri Cina dhatêng nagarinipun. Sang nata lajêng animbali Patih Gajah Mada, kautus amasrahakên putri Cina dhatêng Arya Damar, sarta mawi dipun bêktani sêrat. Patih Gajah Mada lajêng lumampah ambêkta putri Cina, sampun kêpanggih kalih Arya Damar wontên ing Garêsik. Andhawahakên timbalanipun sang nata, sarta amatêdhakakên sêrat, ungêling sêrat. Putri Cina kapatêdhakakên dados garwa dhatêng Arya Damar, nanging sarèhning sawêg ngandhêg, botên kalilan anyarènana, angêntosana sababaring wawratan. Arya Damar matur sandika. Arya Damar lajêng mancal, lastantun dumugi ing Palembang, lajêng jumênêng ratu.