BTJ 1.8

Ampel Denta, Giri, lan Kalijaga

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 27-31

BTJ 1.8.1

Makdum Brahim Asmara, ingkang wontên ing nagari Cêmpa, apêputra kalih sami jalêr, ingkang sêpuh nama Radèn Rahmat, ingkang anèm nama Radèn Santri, Ratu ing Cêmpa inggih sampun pêputra kakung satunggil. Anama Radèn Burèrèh. Radèn Rahmat wau anyuwun pamit dhatêng ingkang paman Prabu ing Cêmpa, kalilana dhatêng ing tanah Jawi, [Ja...] [...wi,] kalih ingkang rayi, badhe tuwi ingkang uwa ratu ing Majapait. Sang nata anglilani, nanging Radèn Burèrèh andikakakên ambêkta, anuntên sami mangkat tiyang têtiga, lastantun dumugi nagari ing Majapait. Sampun kêpanggih kalihan Prabu Brawijaya. Putra têtiga wau ênggènipun kèndêl wontên ing nagari Majapait sataun. Radèn Rahmat krama angsal putranipun Tumênggung Wilatikta, anama Ki Gêdhe Manila, wondening Tumênggung Wilatikta wau inggih gadhah putra jalêr satunggil, awasta Jaka Said, kaprênah anèm kalih ingkang sampun krama wau, Radèn Rahmat lajêng adhêdhêkah wontên ing Ngampèl Dênta. Radèn Burèrèh kalih Radèn Santri inggih sampun sami krama angsal putranipun Arya Teja, ingkang sêpuh angsal Radèn Santri, ingkang anèm angsal Radèn Burèrèh, anuntên sami dhêdhêkah wontên ing Garêsik. Kacariyos wontên maolana saking nagari Juldah angajawi, anama Sèh Walilanang, ingkang dipun jujug ing Ngampèl Dênta, arêraosan bab ngèlmi kalihan sunan ing Ngampèl Dênta, sarêng sampun antawis lami ênggènipun wontên ing Ngampèl Dênta, lajêng alêlampah malih angetan lêrês, anjog ing Balambangan, anjujug dhusun ing Purwasata. Ratu ing Balambangan kagungan putra èstri sawêg gêrah sangêt, botên wontên ingkang [ing...] [...kang] sagêd anyarasakên. Sarêng dipun jampèni Sèh Walilanang saras, anuntên karsanipun sang nata ingkang putra kadhaupakên kalih Sèh Walilanang, lami-lami sang prabu dipun purih Islama dhatêng ingkang putra mantu, nanging botên purun. Sèh Walilanang lajêng kesah dhatêng ing Malaka, ingkang garwa dipun tilar, panuju wawrat sêpuh. Sakesahipun Sèh Walilanang nagari ing Balambangan kenging wêwêlak agêng, akathah tiyang pêjah. Garwanipun Sèh Walilanang ingkang katilar wau ambabar mêdal jalêr, karsanipun Ratu ing Balambangan, jabang bayi kalêbêtakên ing tabêla, dipun labuh dhatêng ing sêgantên.

BTJ 1.8.2

Ratu ing Balambangan kagungan abdi, anama Ki Samboja, punika manggih bilai kadukan ing sang nata, kaundur saking kalênggahanipun, lajêng kesah ngabdi dhatêng Ratu ing Majapait, katrimah ing pangabdinipun, kaganjar kalênggahan wontên ing Garêsik. Sapêjahipun Ki Samboja, atilar semah anglangkungi sugihipun. Sarta kathah padagangipun. Anuntên wontên padagangipun amanggih tabêla isi lare, dipun sukakakên dhatêng Nyai Răndha Samboja, jabang bayi kapêndhêt putra, sarêng sampun agêng dipun kèn ngaos dhatêng Sunan ing Ngampèl Dênta, kancanipun ngaos kalih putranipun Sunan ing Ngampèl Dênta, anama Santri Bonang, wondene putranipun nyai răndha wau kanamanan Santri Giri, [Gi...] [...ri,] lare kalih wau nuntên sumêja ngaos dhatêng Mêkah, lajêng sami mangkat, kèndêl wontên ing Malaka, kêpanggih kalih Walilanang, sarta dipun guroni, antawis sataun laminipun, lajêng badhe andumugèkakên kaniyatanipun ngaos dhatêng Mêkah, nanging Sèh Walilanang botên angrêmbagi, dipun purih mantuka dhatêng ing nagarinipun piyambak, sarta sami dipun iring jungkat, kalih rasukan jubah, Santri Giri dipun juluki Prabu Sètmata, Santri Bonang dipun jêjuluki Prabu Nyakrakusuma, anuntên sami mantuk dhatêng ing Ngampèl Dênta malih. Wontên drêwis saking tanah ing Atasangin angajawi, anama Sèh Raidin, adêdunung wontên ing Ngampèl Dênta, lami-lami kesah alêlampah malih, sarêng pêjah dipun pêtak wontên ing Pamalang. Putranipun Tumênggung Wilatikta ing Majapait, ingkang nama Jaka Said, sangêt rêmênipun ngabotohan, ambalayangan dumugi ing Japara, bilih kawon ambêbegal, angadhang tiyang lumampah wontên ing wana, anama ing Jatisêkar, kaprênah salèr wetanipun ing Lasêm. Sunan Bonang pinuju langkung wontên ing wana wau, dipun andhêg badhe dipun begal. Sunan Bonang ngandika, benjing manawi wontên tiyang langkung ing ngriki, angangge sarwa wulung, sarta asumping sêkar wora-wari abrit, punika prayogi dipun begala, Radèn Said [Sa...] [...id] anuruti, Sunan Bonang dipun lulusakên ing lampahipun. Antawis tigang dintên langkung ing panggenan Radèn Said ngadhang tiyang wau, panganggènipun sarwa wulung, asumping sêkar wora-wari abrit. Sarêng dipun andhêg dhatêng Radèn Said, Sunan Bonang dados sakawan. Radèn Said sangêt ing ajrihipun lajêng tobat, amantuni ênggènipun anglampahi padamêlan awon. Nuntên tapa angsal kalih taun, saking ênggènipun angèstokakên pakènipun Sunan Bonang, sasampuning tapa Radèn Said dhatêng ing Carêbon, wontên ing ngriku tapa malih sapinggiring lèpèn, anama Kalijaga, lajêng ngalih nama Sunan Kalijaga, lami-lami kapêndhêt ipe dhatêng Sunan Gunungjati, ingkang angrèhakên ing Carêbon. Kaangsalakên sadhèrèkipun anèm.