BTJ 1.9
Raden Patah lan Bintara
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 31-36
BTJ 1.9.1
Kacariyos putri Cina, ingkang kaparingakên dhatêng Arya Damar, sampun ambabar miyos kakung, dipun jêjuluki Radèn Patah, patutanipun kalih Arya Damar piyambak inggih kakung satunggil, kanamanan Radèn Usèn. Sarêng sampun sami diwasa, karsanipun Arya Damar badhe amagawan, Radèn Patah badhe kagêntosakên jumênêng ratu ing Palembang, Radèn Usèn dadosa patihipun. Nanging Radèn Patah mopo, awit kêdugi dèrèng sagêd anglampahi, ing wanci dalu Radèn [Radè...] [...n] Patah lolos saking Palembang, lumampah ing sapurug-purug, angambah wana, anuntên kèndêl wontên pinggiring têlagi. Radèn Usèn sarêng enjingipun ningali ingkang raka botên wontên, lajêng kesah angupadosi, botên mawi matur dhatêng ingkang rama ibu, utawi dhatêng tiyang sanèsipun. Lampahipun ngantos têbih, anasak-nasak wana, botên kantênan ingkang dipun jujug. Radèn Usèn angsalipun ngupadosi ingkang raka sampun kêpanggih. Pinuju lênggah wontên pinggiring têlagi, ingkang rayi awad yèn kadukan dhatêng ingkang rama, mila kalampahan kesah saking nagari, putra kêkalih lajêng sami rêmbag dhatêng ing tanah Jawi, angabdi Prabu Brawijaya ing Majapait. Sarêng sami lumampah, kêpêthuk tiyang begal kêkalih, anama Supala Supali, begal kêkalih kawon, lajêng dipun kèn sami mantuk. Radèn kêkalih andumugèkakên lampahipun, sumêdya ngadhang juragan ingkang mêdal ing sêgantên. Badhe dipun nunuti, nuntên kèndêl wontên ing rêdi ngongkang sêgantên, anama Rêsamuka, wontên ing ngriku sami tapa ngantos tigang wulan, sarta angajêng-ajêng langkunging baita, anuntên wontên baita juragan, kèndêl cêlak ing rêdi wau, purun dipun nunuti, lampahing baita kèndêl ing Surapringga, wontên ing ngriku radèn kêkalih mudhun [mudhu...] [...n] dhatêng dharat, kèndêl wontên ing Ngampèl Dênta, lajêng sami anggêguru dhatêng Sunan Ngampèl Dênta, sarta sami manjing agami Islam. Sarêng sampun antawis lami ênggènipun wontên ing Ngampèl Dênta, Radèn Usèn angèngêtakên ingkang raka, ênggènipun badhe angabdi ratu ing Majapait. Wangsulanipun Radèn Patah, sarèhning sampun manjing agami Islam. Botên purun angabdi ratu kapir, ingkang rayi kasarah, bilih karsa angabdi piyambak. Radèn Usèn wau inggih lajêng lumampah piyambak dhatêng ing Majapait, sumêdya ngabdi, inggih sampun katrimah ing pangabdinipun, kajunjung lênggah dados Adipati Têrung. Amangsuli cariyosipun Radèn Patah, ingkang kantun wontên ing Ngampèl Dênta, kadhaupakên kalih putranipun Nyai Agêng Maloka ingkang pambayun, wayahipun Sunan ing Ngampèl Dênta, anuntên Radèn Patah nyuwun pitêdah, ing pundi ênggènipun badhe jêmjêm adhêdhêkah, Sunan ing Ngampèl Dênta inggih asuka pitêdah, Radèn Patah kapurih lumampah ngilèn lêrês. Bilih manggih galagah arum ambêtipun, punika dipun dhêkahana, awit panggenan punika badhe dados nagari, sarta gêmah raharja.
BTJ 1.9.2
Radèn Patah lajêng lumampah anjog ing wana agêng, amanggih galagah wangi ambêtipun. Wana punika anama ing Bintara, ing ngriku Radèn [Radè...] [...n] Patah adhêdhêkah, botên antawis lami kathah têtiyang dhatêng, sami tumut gêgriya ing ngriku, sarta sami ambabadi wana, angadêgakên masjid. Sangsaya kathah têtiyang dhatêng, sami anggêguru dhatêng Radèn Patah. Kacariyos Prabu Brawijaya miyos sitinggil, andangu dhatêng para nujum. Punapa sasedanipun wontên ingkang anggêntosi kaprabonipun, andarbèni panguwasa kados panjênênganipun. Aturipun para nujum inggih wontên, têdhakipun sang nata ugi, nanging badhe ngalih kadhaton ing Mataram. Angèdhêpakên tiyang ing tanah Jawi sadaya. Prabu Brawijaya botên mawi ngandika lajêng kundur angadhaton. Kala samantên sang nata gêrah raja singa, lami botên sagêd miyos-miyos, sawarnining jêjampi botên mantunakên, anuntên wanci dalu sang nata mirêng swara. Hèh sang nata, yèn sira arêp waras, atunggala turu wong wandhan kang kuning rupane, sawungunipun sang nata lajêng mundhut abdi èstri wandhan, bêbêktanipun ingkang garwa saking nagari ing Cêmpa, sarêng dipun sarèni sapisan sang nata saras gêrahipun. Abdi èstri wau wawrat, ambabar miyos kakung, abagus warninipun. Karsanipun sang nata, jabang bayi kaparingakên dhatêng abdi juru sabin, anama Kyai Buyut Masahar, nanging bilih sampun umur sawindu andikakakên mêjahi, awit pambatangipun para [pa...] [...ra] nujum, jabang bayi punika ing benjing badhe dados ratu, angrisak panjênênganipun sang prabu, nanging pambatangipun para nujum wau kalintu. Jabang bayi kabêkta mantuk dhatêng Ki Masahar, kapasrahakên dhatêng semahipun, supados kapulasaraa, sarêng sampun puput, dipun jêjuluki Radèn Bondhan Kajawan. Dumugi umur sawindu Kyai Buyut anyêrêpakên dhatêng semahipun, ingkang dados karsanipun sang nata wau, lajêng ngunus curiga, badhe amêjahi ing Radèn Bondhan Kajawan. Nyai Buyut kalêngêr, Kyai Masahar sande ênggènipun badhe amêjahi, enggal anulungi semahipun. Saking awrating trêsnanipun dhatêng ingkang èstri, Radèn Bondhan Kajawan botên siyos pêjah, Kyai Masahar lajêng sowan ing sang nata, awad yèn sampun anglampahi dhawahipun. Sang nata sakalangkung suka ing galih. Prabu Brawijaya sampun midhangêt wartos, yèn wontên tiyang dhêdhêkah ing wana Bintara, misuwur ing pundi-pundi mênggah agênging padhêkahan sarta kasêktènipun. Sang nata andangu dhatêng para mantri, yêktos kalihan botênipun. Adipati Têrung matur yèn sayêktos, sarta ingkang dhêdhêkah wau kaprênah sadhèrèkipun sêpuh, sang nata lajêng dhawah animbali, Adipati ing Têrung ingkang lumampah angirit abdi salêksa. Sadhatêngipun ing Bintara, Radèn Patah dipun timbali, enggal lumampah, kairid dening Adipati Têrung, sadhatêngipun ing ngarsanipun sang prabu, sang nata sakalangkung suka ing galih, sarta luntur sihipun dhatêng Radèn Patah, awit warninipun sami kalihan sang prabu, lajêng kaakên putra, kaangkat nama Dipati ing Bintara, sarta kaparingan abdi salêksa, sang nata anyêrêpakên dhatêng Radèn Patah, yèn padhêkahan ing Bintara benjing badhe dados nagari anama ing Dêmak. Ing ngriku badhe wiwitipun salin agami Islam. Sarêng Radèn Patah sampun dipun pituturi, lajêng kalilan mantuk dhatêng Dêmak, angirid abdi salêksa, sarta kaparingan gajah, kapal, garêbong, padhati. Lami-lami padhêkahan ing Bintara sangsaya gêmah arja.