BTJ 1.10

Jaka Tarub lan Nawangwulan

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 36-41

BTJ 1.10.1

Ing nagari Kudus wontên tiyang dêdunung, awasta Kyai Agêng ing Kudus. Punika gadhah anak jalêr têtiga, ingkang tunggil biyung kêkalih, wuragilipun sanès biyung, dipun tantun rabi botên purun, andadosakên dukanipun ingkang rama, saking ajrihipun kadukan, ing wanci dalu Ki Jaka kesah, lampahipun anjujug ing rêdi Kêndhêng, atapa wontên ing ngriku, lami-lami kalunta-lunta lampahipun, amanggih patamanan, wontên bèjinipun ayom kaubêngan ing sêsêkaran. Ki Jaka rêmênên[9] alênggah sangandhaping kajêng, ingkang angayomi [anga...] [...yomi] bèji, wondene ingkang gadhah patamanan punika, anama Kyai Agêng ing Kêmbang Lampir, agadhah[10] anak èstri satunggil ayu, dipun taros laki botên purun. Ing wanci kèndêling bêdhug siyang, anakipun Kyai Agêng ing Kêmbang Lampir wau angangsu dhatêng ing patamanan, botên mawi rencang. Ki Jaka sarêng aningali wontên tiyang èstri ayu dhatêng, lajêng sênêtan ampungan[11] kajêng, botên katingal dhatêng kang badhe ngangsu, sarèhning botên wontên tiyang satunggil-tunggila ingkang katingal, tiyang èstri wau botên taha-taha, awuda lajêng adus ing bèji, sasampuning adus badhe mantuk, dipun tututi dhatêng Ki Jaka, dipun gujêg lajêng katunggil tilêm. Sarêng sampun, Ki Jaka kesah, tiyang èstri mantuk. Lami-lami anakipun Kyai Agêng Kêmbang Lampir wawrat, dipun takèni dhatêng bapakipun, mênggah ingkang ngêtêngi, botên purun bêlaka, Kyai Agêng sakalangkung nêpsu, sarta sangêt ing wirangipun. Saking ajrihing dukanipun ingkang rama, anak wau ing wanci dalu lolos, kesah ing sapurug-purug. Sarêng andungkap ing mangsanipun, ambabar mêdal jalêr, wontên ing wana ing Kapanasan. Tiyang èstri pêjah konduran. Jabang bayi wontên ing daganipun. Kacariyos Kyai Agêng ing Selandaka, karêmênanipun [karêmênani...] [...pun] anulup. Anuju kyai agêng dhatêng wana, amanggih jabang bayi, lajêng dipun êmban ing sabukipun. Kyai agêng andumugèkakên anggènipun badhe nulup, anuntên ningali kidang, sangêt ing rêmênipun, kaêtutakên ing sapurugipun. Dangu-dangu kidang ical, sangêt andadosakên cuwaning manahipun muring-muring dhatêng jabang bayi, lajêng kasèlèhakên sangandhaping wit-witan. Kyai agêng andumugèkakên ngupadosi kidang wau. Wondene panggenanipun anyèlèhakên lare wau, kala rumiyin pratapanipun Kyai Agêng ing Tarub. Satilaripun Kyai Agêng ingkang èstri wulanjar taksih agriya wontên ing ngriku, lare wau dipun panggih dhatêng nyai răndha, sarta dipun pulasara, sarêng umur pitung taun katingal bagusipun. Kancanipun lare sami dolan asih sadaya, karêmênanipun anulup dhatêng wana, ngantos dumugi ing diwasanipun, badhe dipun rabèkakên botên purun. Ki Jaka anuju nulup dhatêng wana, aningali pêksi anèh warninipun, sangêt anggènipun kapencut, dipun tulup lêpat.

BTJ 1.10.2

Ngalih-ngalih ênggènipun mencok, kaêtutakên ing sapurugipun, ngantos dumugi ing wana agêng, pêksi lajêng botên katingal. Satêngahing wana punika wontên sêndhang, pasiramanipun widadari. anuju [a...] [...nuju] ing dintên Anggara Kasih para widadari sami tumurun asiram ing sêndhang wau. Ki Jaka asênêtan. Widadari sami lukar asiram wontên ing sêndhang, Ki Jaka awas aningali, kapencut ing ayunipun. Anuntên panganggènipun widadari ingkang satunggil dipun cuthik, sarta kaumpêtakên. Para widadari botên wontên sumêrêp, taksih bingah-bingah sami siram. Ki Jaka lajêng dhèhèm. Para widadari kagèt mirêng swaraning tiyang, enggal sami mabur ambêkta panganggènipun piyambak-piyambak. Namung satunggil anama Dèwi Nawangwulan, taksih kantun wontên ing sêndhang, awit panganggènipun botên wontên. Ki Jaka marêpêki, Nawangwulan dipun tantun, bilih purun dipun rabèni badhe kasukanan pangangge, saking kèwêdanipun Dèwi Nawangwulan, sagah anglampahi ingkang nênantun wau, pangangge lajêng kasukakakên, Nawangwulan kabêkta mantuk sarta dipun rabèni, andadosakên suka bingahipun nyai răndha ing Tarub. Lami-lami nyai răndha ing Tarub tilar, ingkang putra pupon wau lajêng anama Kyai Agêng ing Tarub, sampun apêputra satunggal èstri, anglangkungi ayu warninipun, kanamanan Rara Nawangsih. Anuju satunggil dintên Dèwi Nawangwulan badhe angumbah popok dhatêng lèpèn. Ingkang raka dipun aturi têngga dangdanganipun, sarta kawêling wantos-wantos, sampun [sa...] [...mpun] ngantos angungkabi kêkêb. Sakesahipun Dèwi Nawangwulan dhatêng lèpèn, Kyai Agêng atêngga dangdangan, dipun sambi amomong putra, ciptanipun Kyai Agêng, ingkang garwa amung dipun kêkayani pantun salumbung, măngka sampun antawis lami botên kalong, Kyai Agêng botên sagêd andugi ing sababipun. Saking badhe sumêrêp sapintên ingkang dipun bêthak, kêkêb dipun angkat. Ingkang wontên ing kukusan amung pantun sawuli, kêkêb lajêng katutupakên malih. Sadhatêngipun ingkang garwa angangkat kêkêb. Pantun sawuli taksih kados kalanipun kalêbêtakên. Sangêt andadosakên nêpsunipun sang dèwi, anarka yèn kêkêb dipun ungkabi dhatêng ingkang jalêr, ingkang jalêr lajêng badhe katilar mantuk dhatêng ing kahyanganipun, nanging sang dèwi sampun ical kasêktenipun, botên sagêd wangsul dhatêng ing pawidadarèn. Wiwit kalanipun kamanungsan ênggènipun bêthak, Dèwi Nawangwulan sabên enjing anggêntang, lami-lami pantun salumbung têlas. Satêlasing pantun, rasukanipun sang dèwi anama ăntakusuma, ingkang dipun pêndhêt dhatêng ingkang raka kalanipun wontên pinggiring sêndhang, pinanggih kasasaban pantun, sangêt andadosakên nêpsunipun sang dèwi, rasukan kapêndhêt lajêng dipun agêm. Sang dèwi mantuk kasaktènipun kados ing wau-wau, matur [ma...] [...tur] dhatêng ingkang raka, yèn badhe mantuk dhatêng ing kahyanganipun, sampun pinêsthi botên kenging têtunggilan lami-lami, wondene wêlingipun dhatêng ingkang raka, bilih putranipun muwun, kabêktaa minggah dhatêng ing panggungan, ing ngandhapipun bêsmènana mêrang kêtan cêmêng, sang dèwi mêsthi tumurun anêsêpi ingkang putra. Sarêng sampun mêmêling, lajêng mêndhêt mêrang kêtan cêmêng, kabêsmi, sang dèwi mumbul nurut kukus. Sangêt andadosakên susahipun Kyai Agêng ing Tarub. Kyai Agêng Tarub inggih anglampahi ingkang dados wêwêling wau, sabên-sabên ingkang putra muwun kabêkta minggah ing pêpanggungan, ing ngandhap mawi dipun bêsmèni mêrang kêtan cêmêng, lajêng katilar mudhun. Sarêng ing lami-lami sangsaya agêng, suwarninipun mèmpêr ingkang ibu.