BTJ 1.11

Bondhan Kajawan lan Trah Tarub

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 41-43

BTJ 1.11.1

Kacariyos Kyai Buyut Masahar lumampah dhatêng ing Majapait, badhe sowan ing sang nata, anyaosakên pamêdaling sabin, warni pantun kathah, Radèn Bondhan Kajawan tut wingking, nanging Kyai Buyut Masahar botên sumêrêp. Pantun sampun konjuk ing Prabu Brawijaya, Radèn Bondhan Kajawan anjujug ing sitinggil, anabuh găngsa Kyai Sêkar Dalima, andadosakên kagètipun sang prabu, ingkang nabuh sampun kacêpêng, katur ing sang nata, sarêng kapariksa, anakipun Ki Buyut Masahar lajêng kapundhut ing sang nata, kaparingan dhuwung kêkalih, nama Kyai Maesa Nular, kalih Kyai Malela, sarta waos satunggil, nama Kyai Palèrèd. Dhawahipun sang nata dhatêng Kyai Buyut, Radèn Bondhan Kajawan andikakakên masrahakên dhatêng Kyai Agêng ing Tarub. Kyai Buyut matur sandika lajêng lumampah dhatêng Tarub angirid Radèn Bondhan Kajawan. Wontên ing margi dipun begal ing tiyang kêkalih, begalipun sami pêjah dening Radèn Bondhan Kajawan, amargi dipun suduk ing dhuwung Malela, nanging dhuwung wau tugêl pucukipun. Radèn Bondhan Kajawan lajêng prasapa, benjing satêdhakipun sampun wontên ingkang ngangge dhuwung Malela. Kyai Agêng ing Tarub sampun sumêrêp, yèn badhe katamuan. Ingkang putra Dèwi Nawangsih kapurih anggêlara klasa, botên antawis dangu Radèn Bondhan Kajawan sarta Kyai Buyut dhatêng, Kyai Buyut Masahar andhawahakên timbalanipun sang nata, sarta amasrahakên Radèn Bondhan Kajawan, supados kawulanga, Kyai Agêng ing Tarub sampun nyandhak karsanipun Sang Prabu Brawijaya, wangsulanipun sandika. Saantukipun Ki Buyut Masahar Radèn Bondhan kasadhèrèkakên kalihan putranipun Kyai Agêng Tarub. Kala samantên Sang Rêtna Nawangsih yuswanipun kawan wêlas taun. Anuntên Radèn Bondhan Kajawan kaêlih nama Lêmbu Pêtêng [Pê...] [...têng] dhatêng Kyai Agêng ing Tarub.