BTJ 1.12

Giri lan Majapait

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 43-45

BTJ 1.12.1

Sang Prabu Brawijaya midhangêt wartos, bilih kathah têtiyang nungkul dhatêng Giri, Patih Gajah Mada lajêng kautus anglurugi ing Giri, tiyang ing Giri sami kagegeran, angili dhatêng kadhaton. Kala samantên Sunan Giri sawêg nyêrat, kagèt mirêng wartos dhatênging mêngsah, kang sumêja ngrisak ing Giri, kalam ingkang kadamêl nyêrat lajêng dipun bucal, sarta andêdonga ing Gusti Allah, kalam ingkang kabucal wau lajêng dados dhuwung, angamuk piyambak. Tiyang ing Majapait kathah kang pêjah, sakantunipun sami lumajêng mantuk dhatêng ing Majapait. Sabibaring mêngsah dhuwung wangsul piyambak, sumèlèh ing ngarsanipun sang pandhita sarta akuthah rah, sang pandhita sarêng aningali dhuwung kuthah rah, lajêng andêdonga, mugi kaapuntêna solah ingkang sisip. Sarta anyêrêpakên dhatêng balanipun, mênggah dhuwung wau kanamanan Kalam Munyêng. Sarêng sampun antawis lami Sunan ing Giri seda, kagêntosan wayahipun, jêjuluk Sunan Parapèn. Kala samantên Prabu Brawijaya sampun kawartosan ing sedanipun Sunan ing Giri, kagêntosan wayahipun anama Sunan Parapèn. Prabu Brawijaya lajêng parentah dhatêng Patih Gajah Mada, sarta para putra, andikakakên ambêdhah ing Giri. Sunan Parapèn [Pa...] [...rapèn] inggih amêthukakên pêrangipun bala ing Majapait, nanging kawon pêrangipun, nuntên lumajêng angungsi sapinggiring sagantên. Kitha ing Giri lajêng kabêsmi sadaya. Rajaputra ing Majapait tindak dhatêng pasareyanipun sunan lami kang sampun seda, ingkang têngga pakuburan ngriku tiyang kêkalih sami pincang, lajêng andikakakên andhudhuk pakuburan. Bala ing Majapait enggal sami tumandang andhudhuk, nanging lajêng sami dhawah gulasahan. Tiyang kêkalih kang sami pincang wau nuntên kadhawahan andhudhuk. Yèn botên purun anglampahi, kaayam-ayam badhe kadamêl coban dhuwung. Tiyang pincang kêkalih wau inggih enggal andhudhuk. Siti ing pasarean sampun kadhudhuk, balabag tutuping tabêla lajêng kabikak, kombang mêdal tanpa wicalan saking salêbêting pakuburan, manginggil angêbêki awang-awang, swaranipun kados langit rêbah, nuntên anêmpuh bala ing Majapait sami lumajêng arêbat gêsang, dumunung ing nagari Majapait, kombang taksih angêsuk. Prabu Brawijaya sabalanipun atilar nagari, angungsi têbih, awit botên kadugi anulak pangangsêging kumbang, kombang sampun wangsul dhatêng nagarinipun malih. Sarêng kombang sampun botên wontên, Prabu Brawijaya lajêng kundur dhatêng nagari ing Majapait malih lan sabalanipun, sarta botên sumêja anyikara malih dhatêng Sunan [Su...] [...nan] ing Giri. Kacariyos tiyang kêkalih kang sami pincang atêngga pakuburan wau, lajêng waluya sakitipun, nuntên lumajêng asuka pirsa dhatêng Sunan ing Giri, kang ngungsi wontên pinggiring sagantên, awêwartos yèn mêngsah sampun larut, amargi katêmpuh ing kombang, sarta awêwartos jalarane anggènipun saras. Sunan Parapèn sarêng mirêng wêwartosipun tiyang kêkalih wau, lajêng kondur dhatêng ing Giri, antawis lami ing Giri sampun raharja kados ingkang wau-wau, sarta botên wontên mêngsah malih.