BTJ 1.13
Runtuhing Majapait lan Madeging Demak
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 45-48
BTJ 1.13.1
Kala samantên Prabu Brawijaya èngêt dhatêng putranipun ingkang dhêdhêkah wontên ing Bintara, angandika dhatêng Adipati ing Têrung, kêpriye kakangamu dene wis lawas ora nana seba, jangjine marang aku ing sabên taun bakal seba, măngka wis têlung taun ora nana mrene, apa ta wus mukti, dene ora eling marang aku, yèn mêngkono, kowe lumakua mênyang ing Bintara, kakangamu takonana, apa sababe dene ora seba marang aku. Adipati ing Têrung enggal lumapah dhatêng Bintara, kadhèrèkakên tiyang salêksa, sampun kêpanggih kalih ingkang raka, sarta andhawahakên timbalanipun sang prabu. Radèn Patah amangsuli, yèn sampun agêng panuwunipun [panuwuni...] [...pun] mênggahing sih kawêlasanipun Prabu Brawijaya, wondene sababipun botên sowan, awit saking wêwalêring agami, ingkang botên anglilani tiyang Islam sowan ing tiyang kapir, sarta sampun kajăngka yèn ing Bintara badhe jumênêng karaton, wiwitipun tiyang Jawi sami Islam. Adipati ing Têrung anggraita ing galihipun, ajrih wangsul dhatêng ing Majapait, yèn botên sarêng kalih ingkang raka, lajêng angatag dhatêng Radèn Patah, supados enggala linampahan ing kaniyatanipun, sarta Adipati ing Têrung badhe ambiyantoni pêrangipun. Nuntên sami pirêmbagan, tiyang Islam sami kaklêmpakakên sadêdamêlipun wontên ing Bintara, bupati ing Madura, Arya Teja ing Tuban, Bupati ing Surapringga tuwin sang pandhita ing Giri inggih sampun sami ngalêmpak wontên ing Bintara lan sabalanipun. Punapadene para wali lan para mukmin inggih sampun sami ngalêmpak. Anuntên sami bidhal dhatêng Majapait. Kathahing baris tanpa wilangan. Kitha ing Majapait lajêng kakêpang, tiyang ing Majapait kathah ingkang sami têluk dhatêng Dipati Bintara, botên wontên ingkang purun mêthuk prang, Adipati ing Bintara sarta Adipati ing Têrung lajêng lumêbêt ing alun-alun. Adipati Bintara pinarak ing dhêdhampar wontên ing pagêlaran ingadhêp para prajurit. Patih Gajah Mada angunjuki uninga ing sang prabu, yèn kadhatêngan mêngsah saking ing Bintara, samangke Adipati Bintara pinarak wontên ing pagêlaran. Sang Prabu Brawijaya sarêng mirêng yèn ingkang putra wontên ing pagêlaran, lajêng minggah dhatêng pêpanggungan, karsa aningali dhatêng ingkang putra, Sang Prabu Brawijaya sarêng sampun aningali dhatêng ingkang putra, lajêng merad lan sabalanipun ingkang sêtya dhatêng rajanipun. Kala meradipun Prabu Brawijaya ing sakêdhap punika ugi wontên ingkang katingal kados andaru, wêdalipun saking kadhaton ing Majapait, warninipun kados kilat, swaranipun gumludhug anggêgirisi dhumawah dhatêng ing Bintara. Adipati Bintara nuntên lumêbêt dhatêng ing kadhaton, sangêt eramipun, dene botên kêpanggih tiyang satunggil-tunggila, amuwun salêbêting galih, nuntên mêdal saking kadhaton, kondur dhatêng ing Bintara, kalihan bantu saprajuritipun. Sarawuhe ing Bintara, Sunan Ngampèl Dênta ngandika dhatêng Dipati ing Bintara, andikakakên jumênêng ratu wontên ing Majapait, ingkang sampun dados warisipun, ananging Sunan Giri badhe anyêlani jumênêng Ratu Majapait, laminipun kawan dasa dintên. Anyarati supados ical lêlabêtipun ratu kapir, rêmbag mêkatên wau inggih sampun kalampahan. Sarêng sampun angsal kawan dasa dintên, Sunan Giri nuntên pasrah [pa...] [...srah] karaton dhatêng Radèn Patah, Radèn Patah inggih lajêng jumênêng ratu wontên ing Dêmak, angêrèh ing tanah Jawi sadaya, ajêjuluk Senapati Jimbun Ngabdurahman Panêmbahan Palembang Saidin[12] Panatagama. Ki Wanapala kajunjung pêpatih, anama Patih Mangkurat. Tiyang ing tanah Jawi sami suyud sarta anut ing agami Islam.