BTJ 1.14
Masjid Demak lan Pusaka Para Wali
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 48-50
BTJ 1.14.1
Lajêng sami pirêmbagan badhe angadêgakên masjid ing Dêmak. Para wali sami bêbah-bêbahan ing panggarapipun. Sampun sami cumawis, amung Sunan Kalijaga ingkang kantun, dèrèng warni ingkang dados bêbahanipun. Sabab sawêg tirakat dhatêng ing Pamantingan. Sawangsulipun dhatêng ing dalêm, masjid sampun badhe kaadêgakên. Sunan Kalijaga enggal anglêmpakakên tatal. Nuntên kabêngkêkan, sarêng sadalu punika ugi bêngkêkan tatal dados saka, enjingipun tanggal kaping 1 wulan Dulkangidah masjid kaadêgakên, sinêngkalan 1428, keblatipun masjid manut kakbah ing Mêkah, pangulunipun Sunan ing Kudus. Sarêng sampun antawis sajumungah adêgipun masjid wau, para wali pinuju sami dikir wontên ing masjid, Sunan Kalijaga lênggah nyanès, nyikruk wontên sangandhaping bêdhug. Nuntên wontên buntêlan dhawah saking nginggil, ulêsipun wacucal menda, ing lêbêt isi pasujudan sarta salendhangipun Kajêng Rasul. Para wali sami pirêmbagan, buntêlan wau prayogi [prayo...] [...gi] kapanduma sapikantukipun. Sunan Bonang botên amrayogèkakên ing pirêmbag wau, karsanipun Sunan Bonang buntêlan prayogi kaumbulakên. Sintên ingkang kadhawahan inggih punika ingkang andarbèni. Buntêlan wau inggih nuntên kaumbulakên, dhawah wontên ing pangkonipun Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga kagèt nuntên ngaluwat laminipun kawan dasa dintên, sarwi andondomi wacucal wau sarta maos kalimah kêkalih, wacucal sampun dados rasukan anama ăntakusuma utawi Kyai Gundhil. Mênggah Kyai Gundhil punika sapanginggilipun dados agêm-agêmanipun para ratu, ing nalikanipun yèn jumênêng ratu lan yèn mangun pêrang, namung Sultan Dêmak lan Sultan Pajang kang botên ngagêm. Kala samantên Sunan Bonang animbali pandhe ing Tuban awasta Ki Sura, punika kaparingan cis dhatêng Sunan Bonang, andikakakên damêl pasunatan. Ananging Ki Sura wau lajêng adamêl dhuwung dhapur sangkêlat. Nuntên andikakakên damêl malih sakantunin[13] tosan cis wau, inggih nuntên kadamêl warni wulung malih dhapur pasopati, kasaosakên dhatêng Sunan Bonang. Wondene dhuwung kêkalih wau dede ingkang kakarsakakên Sunan Bonang, ewadene padamêlanipun Ki Sura wau inggih katarimah, sabab Sunan Bonang sumêrêp yèn dhuwung kêkalih wau badhe dados panganggènipun para ratu ingkang ngêrèh ing tanah Jawi, ananging Ki Sura wau sasampunipun damêl dhuwung lajêng sakit mripatipun, têmahan ina, botên sagêd damêl dhuwung malih. Sunan Bonang anuntên dhatêng wana, aningali tunggak jati growong wontên sapinggiring toya katuwuhan godhong pakis, angrêmbyung wontên sangandhaping tunggak wau, sarta pating cêkênuk êlungipun. Tunggak kasawang-sawang pinanggih panggalihipun, badhe kapola wangunipun, kadamêl garaning dhuwung wau, badhe kaagêm piyambak. Sakonduripun Sunan Bonang lajêng adamêl garan wau, sarêng sampun dados sangêt ing prayoginipun, pantês yèn kaagêma ing para ratu, mila lajêng kaêtrapakên ing dhuwung kêkalih wau, mênggah namanipun kawastanan ukiran tunggak sêmi dhatêng Sunan Bonang. Punuju[14] ing dintên Jumungah Sunan Bonang sêmbiyang dhatêng ing masjid. Sabakdaning sêmbiyang Sunan Kudus pitakèn, sababipun botên ngangge cis. Sunan Bonang anyêrêpakên sarta andêdahakên dhuwung pasopati wau, Sunan Kudus rêmên aningali wanguning dhuwung, lajêng kasambut kadamêl pola, ingkang dipun kèn damêl tiyang pandhe anama Ki Janas. Sarêng sampun dados dhuwung inggih lajêng kawangsulakên malih.