BTJ 1.15
Trah Tarub nganti Ki Ageng Pengging
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 50-53
BTJ 1.15.1
Kacariyos Kyai Agêng Tarub sangêt asihipun dhatêng Radèn Lêmbu Pêtêng, kados putranipun piyambak. [piyamba...] [...k.] Sabab Kyai Agêng sumêrêp ing pêpêsthèn. Awit sampun angsal wisik. Mila ingkang putra sangêt anggènipun amulang, dipun kèn amratapa, aling-aling sêsabin. Radèn Lêmbu Pêtêng ngèstokakên parentahe kang rama, ing sabên dintên saba ing pagagan, anênanêm sarêmênipun warni-warni, manawi siyang kakirim dhaharipun. Kala samantên putranipun Kyai Agêng ing Tarub kang nama Rêtna Nawangsih sampun măngsa birai sandhang, sangsaya sangêt ayunipun. Ing sabên siyang andikakakên ngirim dhaharing Radèn Lêmbu Pêtêng ing pagagan. Sadhatêngipun ing pagagan babêktanipun dipun tampèni dhatêng Radèn Lêmbu Pêtêng, nanging astanipun tansah dipun cêpêngi dhatêng Radèn Lêmbu Pêtêng, andadosakên kagètipun Dèwi Nawangsih, lajêng mantuk sarta awêwadul dhatêng ingkang rama, Kyai Agêng Tarub ngandika, wis mênênga bae dhenok, satêmêne Si Lêmbu Pêtêng iku sadulurmu angkat, dudu sadulurmu têmênan. Sang Rêtna Nawangsih lajêng kèndêl. Sarêng ing dalunipun Sang Rêtna Nawangsih lajêng kadhaupakên kalihan Radèn Lêmbu Pêtêng nanging dèrèng ngantos atut. Kyai Agêng tumuntên seda, sarêng sampun lami-lami Sang Rêtna Nawangsih rumaos lola, lajêng atut anggènipun palakrama, sarta sangêt anggènipun sih-sinihan. Radèn Lêmbu Pêtêng lajêng ngalih nama Kyai Agêng Tarub. Ing lami-lami Rêtna Nawangsih wawrat. Sarêng dumugi ing măngsa saha mbabar miyos kakung abagus warninipun. Ingkang rama ibu sangêt asih, sarêng sampun kasapih nuntên gadhah putra malih èstri, Kyai Agêng Tarub lajêng gêrah dados ing sedanipun. Putra kêkalih wau ingkang jalêr anama Ki Gêtas Pandhawa sampun krama, ingkang èstri kakramèkakên angsal Ki Agêng Ngêrang. Kacariyos Ki Gêtas Pandhawa wau sampun apêputra pitu, pambajêngipun jalêr, awasta Ki Agêng Sela, ingkang rayi nênêm èstri sadaya, Nyai Agêng Pakis, Nyai Agêng ing Purna, Nyai Agêng ing Kare, Nyai Agêng ing Wanglu, Nyai Agêng ing Bokong, Nyai Agêng Adibaya, sami rukun anggènipun saduluran. Kacariyos Ki Agêng ing Pêngging, anama Dipati Jayaningrat, saklangkung digdayanipun. Sangêt dipun sihi dhatêng Prabu ing Majapait, sarta katariman putrinipun. Sampun apêputra kêkalih, anama Ki Kêbo Kanigara, kalih Ki Kêbo Kananga, sarêng sampun pêputra kêkalih, Dipati Jayaningrat seda. Punika putra kêkalih[15] wau sami pradondi, ingkang sêpuh Ki Kêbo Kanigara kêdah angêkahi agami Buda, lajêng kesah amartapa dhatêng salêbêting kawah tuwin ing rêdi-rêdi, anèlad lampahing ajar, pêjahipun obong, botên kantênan kuburipun. Dene Ki Kêbo Kananga anglampahi agami Islam, anut ing sarakipun kangjêng rasul. Sampun angadêg Jumungahipun wontên ing Pêngging, kathah têtiyang dhusun kang sami sêmbiyang Jumungah dhatêng ing Pêngging, sarta Ki Kêbo Kananga wau anggêguru dhatêng pangeran ing Siti Jênar, sêsarênganipun anggêguru tiyang tiga, anama Ki Agêng Tingkir, Ki Agêng Butuh, Ki Agêng Ngêrang, tiyang sakawan wau sami manjing dados sadulur sarta kêmpal manahipun dados satunggal, awit saking karsanipun Pangeran Siti Jênar.