BTJ 1.16
Ki Ageng Pengging lan Lairing Mas Karebet
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 53-57
BTJ 1.16.1
Kacariyos sultan ing Dêmak mirêng wartos, yèn têdhakipun Ki Dipati Dayaningrat, kang nama Ki Kêbo Kananga, ing mangke anama Ki Agêng Pêngging, punika sampun agami Islam, nanging dèrèng wontên sowan dhatêng ing Dêmak. Sinuhun Bintara asêmu duka, awit ing Pêngging wau tilas kabupatèn, sarta kaprênah santana dening Sultan Dêmak, bokmênawi amikir sumêja jumênêng ratu, Sultan Dêmak lajêng utusan pinisêpuh, anama Ki Agêng Wanapala, sarta kabêktanan suwal tigang prakawis. Kang sapisan kadospundi, ingkang dados kaniyatanipun, punapa inggiha tulus anggènipun ngibadah kemawon, punapa badhe melik karaton ing Dêmak. Kaping kalih, sultan ing Dêmak inggih sampun sumêrêp, yèn piyambakipun santananipun Sultan Dêmak. Kang kaping tiga punapa sababipun dene botên purun sowan dhatêng ing Dêmak. Ki Wanapala sagêda nyêngkolong [nyê...] [...ngkolong] ingkang dados kaniyatanipun. Sasampuning têrang Ki Wanapala lajêng mangkat. Sadhatêngipun ing Pêngging sampun kêpanggih kalihan Ki Agêng, nuntên sami sêsalaman. Ki Agêng Pêngging pitakèn mênggah ingkang dados damêlipun, dene lampahipun anyalawadi, Ki Wanapala mangsuli bêlaka yèn kautus ing kangjêng sultan. Tiyang kêkalih wau lajêng sami bêbantahan. Rame gêntos kawon. Ki Wanapala sarêng sampun sumêrêp ingkang dados kaniyatanipun Ki Agêng Pêngging, lajêng pamit mantuk dhatêng Dêmak, matur ing kangjêng sultan, yèn Ki Agêng Pêngging wau gadhah cipta kêkalih, ing lair anêtêpi anggènipun ngibadah, nanging ing batos sumêja jumênêng ratu, sangêt sagêdipun anyamur lampah, aturipun Ki Wanapala, prayogi kasarèhakên ing sawêtawis. Sabab sampun kula wangêni kalih taun, tumuntên sowana dhatêng ing Dêmak. Akathah-kathah aturipun Ki Wanapala wau ênggènipun amurih icaling dukanipun dhatêng Ki Agêng Pêngging. Kacariyos Ki Agêng Pêngging, saantukipun utusan ing Bintara, lajêng katamuan Ki Agêng Tingkir, Ki Agêng Ngêrang, Ki Agêng Butuh, mila sami mara tamu, sabab mirêng wartos, yèn Ki Agêng Pêngging tinimbalan dhatêng ing Dêmak mopo, tiyang têtiga wau sarèhning sadhèrèk tunggil guru dados sami kuwatos dhatêng Ki Agêng Pêngging, nuntên [nu...] [...ntên] sami takèn mênggah ing sababipun, dene tinimbalan dhatêng ing Dêmak botên purun sowan, sarta sami amituturi, supados yèn dipun timbali malih lumampaha, nanging Ki Agêng Pêngging taksih sangêt ing wangkotipun.
BTJ 1.16.2
Kala samantên Ki Agêng Pêngging ing dalu nanggap wayang bèbèr, sarêng sadalu punika ugi garwanipun Ki Agêng Pêngging wawratanipun sampun sêpuh, lajêng ambabar miyos jalêr, abagus warninipun. Kasarêngan dhatênging kêkuwung sarta jawah dêrês. Ingkang angringgit bèbèr kinèn kèndêl. Jabang bayi sasampuning binêrsihan ingaturakên dhatêng Ki Agêng Tingkir, tinampèn lajêng pinangku, Ki Agêng Tingkir ngandika dhatêng Ki Agêng Pêngging, adhi, anakmu iki bagus têmên, aku amêsthèkake bocah iki ing besuk gêdhe darajate, bêgjane kang padha mênangi, sarta bocah iki dakwehi jênêng Mas Karèbèt, dene ênggone lair pinuju nanggap wayang bèbèr. Ki Agêng Tingkir, Ki Agêng Butuh, Ki Agêng Ngêrang, sarêng sampun sadasa dintên anggènipun wontên ing Pêngging, lajêng sami mantuk. Botên antawis lami Ki Agêng Tingkir nuntên seda, Ki Agêng Pêngging inggih dipun aturi dhatêng garwanipun Ki Agêng Tingkir, anggènipun wontên ing Tingkir gangsal dintên, nuntên mantuk. Dhatêngipun ing dalêm Ki Agêng Pêngging sangêt susah ing galihipun, ciptanipun tumuntên nusula pêjah dhatêng Ki Agêng Tingkir. Kacariyos Sultan Bintara, lami ênggènipun angantos-antos ing sowanipun Ki Agêng Pêngging, awit sampun dumugi ubangginipun kalih taun. Ing mangke Sinuhun Bintara anggalih sampun têtela, yèn Ki Agêng Pêngging balela, botên purun sowan. Sinuhun Bintara lajêng utusan Sunan Kudus dhatêng ing Pêngging angêmban dêduka, nuntên mangkat namung ambêkta sabat pêpitu, sarta ambêkta bêndhe, wasiyat saking marasêpuhipun kang nama Dipati Têrung, bêndhe wau anama Ki Macan. Kacariyos Sunan Kudus samargi-margi adamêl wasiyat namaning tanah, kados ta namaning dhusun ing Sima, ing Jimbungan, ing Dêrana, ing Ngaru-aru, punika Sunan Kudus kang anamakakên. Ing mangke lampahipun sampun dumugi ing Pêngging, kêpanggih kalihan Ki Agêng Pêngging, lajêng sami tarung bantah ing ngèlmunipun. Ki Agêng Pêngging kacêthikan karsanipun, anggènipun ngrangkêp pikajêngan. Nanging botên mingkêd ing ukumipun tiyang mirong ing ratu angandhêmi, Ki Agêng Pêngging sampun seda amargi binêlèk sikutipun dhatêng Sunan Kudus. Kulawarganipun sami gègèr, sadaya sumêja ambelani dhatêng Ki Agêng Pêngging kang sampun pêjah, sami anututi ing Sunan Kudus. Sunan Kudus nuntên amêdalakên[16] kasêktèn. Sabatipun amung pitu, pangraosipun tiyang Pêngging katingal tiyang kalih lêksa sarta pêpak sadêdamêlipun. Nanging tiyang Pêngging botên ajrih, mêksa badhe angamuk, sarta anitir bêndhe nama Kyai Udanarum. Sunan Kudus nuntên amêdalakên kasêktèn malih, têkênipun kakipatakên. Tiyang ing Pêngging sakala ical nêpsunipun, lajêng sami mantuk amênêdi layoning gustinipun, kapêtak salèr wetaning dalêm. Sarêng sampun antawis kawandasa dintên, garwanipun Ki Agêng Pêngging nusul seda, Mas Karèbèt kantun lola, kaêmong dhatêng para santananipun.