BTJ 1.17

Jaka Tingkir lan Pituduh Ki Ageng Sela

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 57-62

BTJ 1.17.1

Sarêng sampun agêng Mas Karèbèt nuntên kabêkta dhatêng nyai răndha ing Tingkir, wontên ing ngriku dipun ugung sakarsanipun. Dhasar nyai răndha ing Tingkir sugih mas picis, kèringan ing tăngga desa, Mas Karèbèt wau dados katêlah nama Ki Jaka Tingkir, solah pikajênganipun sanès lan lare kathah, rêmên anênêpi dhatêng ing rêdi utawi ing wana-wana tuwin guwa, ngantos sadasa dalu tuwin satêngah wulan. Dene ingkang putra botên kenging dipun cêgah ênggènipun rêmên saba wana tuwin rêdi. Pinuju satunggiling dintên Ki Jaka Tingkir mantuk, lajêng rinangkul kang ibu sarwi ngandika, thole, kowe aja dhêmên saba ing gunung, wruhanamu wong kang padha tapa ing gunung iku isih kapir, durung manut agamane kangjêng nabi, luwih bêcik kowe anggêgurua marang wong mukmin. Ki Jaka lajêng nyuwun pamit, badhe anggêguru [anggêgu...] [...ru] dhatêng tiyang mukmin. Ingkang ibu inggih anglilani, Ki Jaka nuntên mangkat ijèn, ngalèr ngetan anjog ing Sela, badhe anggêguru dhatêng Ki Agêng ing Sêsela. Ki Agêng ing Sêsela rêsêp aningali Ki Jaka Tingkir, lajêng kapêndhêt putu, ingugung sakarsanipun. Wontên ing ngriku Ki Jaka rêmên angringgit, sarta sampun misuwur sagêdipun angringgit. Ki Agêng ing Sêsela sangsaya wêwah sihipun. Ki Jaka botên kenging pisah, utawi yèn Ki Agêng anênêpi, Ki Jaka inggih kabêkta. Yêktosipun Ki Agêng Sela punika sagêd anyamur lampah, ing batos sangêt panêdhanipun ing Allah, supados sagêda anurunakên para ratu ingkang amêngku ing tanah Jawi, awit Ki Agêng rumaos yèn trahing Brawijaya ing Majapait. Kala samantên Ki Agêng Sela sampun pitung dintên pitung dalu anggènipun wontên ing gubug, pagagan wana kang enggal binubak, pêrnah salèr wetaning Tarub, kawastanan wana ing rèncèh, ing wanci dalu Ki Agêng sare wontên ing ngriku, Ki Jaka Tingkir tilêm wontên ing gagan. Ki Agêng Sela supêna dhatêng wana anyangking pudhi badhe babad. Katingal salêbêting supêna Ki Jaka Tingkir sampun kêpanggih wontên ing wana, sarta sakathahing kêkajêngan sampun sami rêbah, kaseredan dhatêng Ki Jaka Tingkir, salêbêting supêna Ki Agêng eram sangêt, nuntên kagèt wungu saking ênggènipun [ênggèni...] [...pun] sare, Ki Jaka Tingkir taksih tilêm wontên gagan, lajêng ginugah, Ki Agêng pitakèn.

BTJ 1.17.2

Thole, sasuwene aku turu kowe apa ora lunga, wangsulanipun Ki Jaka, botên. Ki Agêng mirêng aturipun ingkang wayah sangêt anggènipun gagêtun, rumaos yèn supêna, ngandika salêbêting galih, gêtun têmên impènku, dene bangêt têmên ênggonku duwe panêdha ing Allah, ing salawase durung pinaringan ngalamat mêngkono, bocah iki kang ora duwe panêdha ing Allah parandene têka pinaringan ngalamat kang kaya mêngkono, Ki Agêng lajêng pitakèn dhatêng Ki Jaka, thole, saelingmu kowe biyèn wis ngimpi apa, Ki Jaka Tingkir matur bêlaka, kala kula tirakat dhatêng ing rêdi Telamaya rumiyin, wontên ing ngriku kula ing dalu tilêm sarta supêna katiban rêmbulan. Sanalika punika ugi rêdi ing Telamaya mungêl gumludhug. Kula lajêng tangi, punika kadospundi ing wahananipun. Ki Agêng mirêng aturipun ingkang wayah sangsaya ngungun. Ciptanipun, yènta sampuna ajrih ing Allah, Ki Jaka kados dipun purih ing cilakanipun. Nanging Ki Agêng sumêrêp, yèn papêsthèning Allah punika botên kenging dipun têkerah ing têtiyang, Ki Agêng nuntên ngandika, thole, kowe aja takon wahananing impènmu, wis ngaluwihi bêcike, yaiku ratu-ratuning impèn. Dene pituturku marang kowe, ing saiki kowe ngawulaa marang ing Dêmak, ing kono mênawa kêtêmu wahanane impènmu, aku anjurungi pandonga bae. Ki Jaka matur, kawula sandika anglampahi saking dhawah sampeyan, sarta kula pundhi-pundhi ing salaminipun. Ki Agêng ngandika malih, iya thole, ênggonku kurang mangan turu iki muga tinêmua marang kowe, nanging thole, ing buri turunku kênaa anyambungi wahyumu. Ki Jaka aturipun sumăngga, Ki Agêng Sela mirêng aturipun Ki Jaka sakalangkung lêga ing galihipun sarta akathah-kathah pawulangipun dhatêng Ki Jaka. Ki Jaka Tingkir inggih lajêng mangkat, lampahipun mampir dhatêng ing Tingkir, matur dhatêng ingkang ibu punapa ing sadhawahipun Ki Agêng Sela, ingkang ibu angandika, thole, pituduhe Ki Agêng Sela iku bangêt bênêre, dadi ana kang dakarêp-arêp. Nuli lakonana nanging ngêntènana baturmu loro iku dhisik.

BTJ 1.17.3

Lagi tak kon matun gaga, iku bakal dakkon ngatêrake marang kowe, aku duwe sadulur lanang siji ngawula Sultan Dêmak, jênênge Kyai Ganjur, dadi lêlurah suranata, iku kang bakal daktitipi marang kowe, sarta angaturêna ing sang nata, Ki Jaka inggih amiturut ing dhawahipun kang ibu, nuntên tumut matun gaga angrencangi tiyang kêkalih wau ngantos sadintên botên mantuk-mantuk. Sarêng ing wanci asar wontên mêndhung sarta grimis. Sunan Kalijaga pinuju langkung cêlak ing pagagan sarta tatêkên cis. Ki Jaka dipun cêluk saking sajawining pagagan. Thole, sira iku têka pijêr matun gaga bae, mariya ênggonmu matun, nuli ngawulaa marang ing Dêmak. Sabab sira iku bakal raja amêngku ing tanah Jawa, sampuning ngandika lajêng kesah mangalèr. Sarêng sampun botên katingal Ki Jaka tumuntên mantuk, matur dhatêng ingkang ibu, kang ibu mirêng sakalangkung bingah sarta ngandika, thole, kowe bêgja bangêt, olèh pituduhe Sunan Kalijaga, kêbat nuli lumakua marang ing Dêmak, aja ngêntèni ênggone matun gaga, sing kèri dakrêmbatne bae, Ki Jaka inggih nuntên lumampah kadhèrèkakên tiyang kêkalih, sampun dumugi ing Dêmak, anjujug griyanipun Kyai Ganjur. Kacariyos sultan ing Bintara sampun dumugi ing jangji puput yuswanipun, atilar putra nênêm. Pambajêngipun èstri anama Ratu Mas, sampun krama angsal Pangeran Carêbon. Panênggak anama Pangeran SabrangLèr, punika ingkang anggêntosi kang rama jumênêng ratu, nuntên Pangeran Sedalèpèn. Nuntên Radèn Trênggana, nuntên Radèn Kandhuruwan. Wuragilipun anama Radèn Pamêkas. Dene ingkang jumênêng ratu wau dèrèng lami lajêng seda, dèrèng apêputra, ingka[17] anggêntosi jumênêng ratu Radèn Trênggana ajêjuluk Sultan Dêmak. Ki Patih Mangkurat inggih sampun pêjah, ingkang anggêntosi dados patih anakipun jalêr anama Patih Wanasalam. Kawicaksananipun angungkuli ingkang rama, para bupati sangandhap[18] sami ajrih asih. Kacariyos Radèn Jaka Tingkir sampun katampèn pangawulanipun ing Sultan Dêmak. Mênggah katuripun wau Sultan Dêmak pinuju miyos saking masjid. Ki Jaka andhodhok wontên pinggir balumbang badhe sumingkir botên sagêd, sabab kapêngkok ing balumbang, Ki Jaka lajêng nglumpati ing balumbang sarwi mungkur, Sultan Dêmak sarêng aningali sakalangkung kagèt, sarta andangu, Ki Jaka matur yèn kapenakanipun Kyai Ganjur, Ki Jaka lajêng kapundhut sarta kaabdèkakên. Kangjêng sultan sakalangkung asih dhatêng Ki Jaka Tingkir, amargi warninipun bagus, sarta anglangkungi kadigdayanipun. Ing lami-lami Ki Jaka Tingkir lajêng kapundhut putra, kawênangakên ngambah salêbêting kadhaton, sarta kadadosakên lêlurah prajurit tamtama, sampun misuwur ing tiyang sanagari Dêmak.