BTJ 1.18
Jaka Tingkir Kasingkir saka Demak
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 62-66
BTJ 1.18.1
Sarêng sampun antawis lami malih sang nata kagungan karsa badhe amêwahi prajurit tamtama, kathahipun kawanatus malih, amundhuti sarta amilihi tiyang sanagari sarta padhusunan. Kapilihan ingkang sami digdaya sarta têguh, yèn sampun angsal lajêng dipun coba kaabên [kaa...] [...bên] kalihan banthèng, mênawi anampiling banthèng rêmuk sirahipun inggih kalêbêt dados tamtama, yèn botên inggih botên kalêbêt. Kacariyos wontên tiyang ing Kêdhungpingit, anama Ki Dhadhungawuk, warninipun botên prayogi, nanging sampun komuk ing têguhipun. Ki Dhadhungawuk wau lajêng dhatêng ing Dêmak, sumêja lumêbêt prajurit tamtama, sarêng katur ing Radèn Jaka Tingkir nuntên katimbalan dhatêng ing ngarsanipun. Radèn Jaka Tingkir sarêng aningali sangêt ênggènipun botên rêmên, sabab warninipun sakalangkung awon ... lajêng tinantun. Sarèhning wontên ing dhusun sampun kalok ing têguhipun, punapa purun kacoba dipun suduk. Wangsulanipun inggih purun. Ki Dhadhungawuk lajêng kasuduk ing sadak dhatêng Radèn Jaka Tingkir, dhadhanipun pêcah lajêng pêjah, kancanipun tamtama êndikakakên sami tumut nyuduki ing dhuwung, jisimipun Ki Dhadhungawuk tatunipun arang kranjang, Radèn Jaka Tingkir sangsaya misuwur ing kadigdayanipun. Kala samantên sampun katur ing sang nata, yèn Radèn Jaka Tingkir amêjahi tiyang badhe lumêbêt dados tamtama, kangjêng sultan sakalangkung duka, sarèhning kangjêng sultan wau ratu sangêt ing adilipun. Radèn Jaka Tingkir lajêng kadhawahan tundhung saking nagari ing Dêmak. Kangjêng sultan amaringi diyat dhatêng ali[19] warisipun ingkang pêjah kathahipun gangsal atus reyal. Wondene Radèn Jaka Tingkir inggih lajêng kesah sami sakala saking ing nagari Dêmak. Ingkang ningali sami wêlas sadaya, utawi prikancanipun tamtama inggih sami anangisi sadaya, Radèn Jaka Tingkir sangêt ênggènipun kaduwung ing solahipun kang sampun kêlampahan, sarta sangêt ing wirangipun aningali têtiyang ing Dêmak, sariranipun marlêsu, ciptanipun rêmên yèn tumuntêna amanggih pêjah, lampahipun ngidul ngetan anjog ing wana agêng, botên kantênan kang dipun jujug, sabab saking sangêt bingunging manahipun.
BTJ 1.18.2
Kacariyos ênggènipun wontên satêngahing wana, sarta lumampah ing sapurug-purug ngantos gangsal wulan. Kala samantên lampahipun dumugi ing wana Jati Têngah tanah rêdi Kêndhêng, wontên ing ngriku kêpêthuk kalihan Ki Agêng Butuh, Ki Agêng kagèt sarta ngandika, sarta anyêlaki, thole, mandhêga, rupamu lan pasêmonmu mèmpêr kakang Pêngging kang wus mati, yèn kowe dadia putrane patut. Nanging bagus kowe lan dêdêgmu pidêgsa, si kakang ing Pêngging biyen rada kadhuwurên sathithik. Kêbat sumaura, pinangkamu ing ngêndi. Ki Jaka matur, wartosipun ingkang sami sumêrêp, kula inggih anakipun Ki Agêng Pêngging. Ki Agêng sarêng mirêng enggal angrangkul dhatêng Ki Jaka sarwi ngandika, yagene ênggèr, kowe ana satêngahing alas kene. Ki Jaka matur ing wiwitan dumugi wêkasan. Kyai Agêng sakalangkung ngungun. Kyai Agêng tumuntên kondur, ingkang putra Radèn Jaka binêkta, sadhatêngipun ing Butuh Radèn Jaka sakalangkung sinungga-sungga, Kyai Agêng Butuh nuntên angaturi Kyai ing Ngêrang, inggih sampun dhatêng wontên ing Butuh, lajêng winartosan yèn Radèn Jaka punika putranipun Kyai Agêng Pêngging, Kyai Agêng Ngêrang enggal angrangkul sarta anangisi, wicantênipun. Thole, aku biyèn tilik mênyang Pêngging, nanging kowe ora nana, wis digawa marang ibumu ing Tingkir, dadi wis bungah atiku, saikine kowe nêmu kasrakat mêngkono, thole, kowe narimaa, ing sakèhe tindakmu ora bênêr iku atas karsaning Allah, lan wis lumrahe wong bakal kapenak iku amêsthi wiwitane lara. Ki Agêng Butuh lan Kyai Agêng Ngêrang wau akathah-kathah pawulangipun dhatêng Radèn Jaka Tingkir, Radèn Jaka inggih sakalangkung narima sarta suka ing galihipun. Dene anggènipun wontên ing Butuh Radèn Jaka wau ngantos kalih wulan. Sarêng sampun nêlas pamulangipun Kyai Agêng Butuh ngandika, thole, sarèhning wis antara pitung sasi ênggonmu lunga têka[20] ing Dêmak, ing samêngko kowe balia marang Dêmak, utawa muliha marang Tingkir lan ing Pêngging, bokmanawa kangjêng sultan wis èngêt sarta animbali marang kowe, ora wurung digolèki ing ênggon [êng...] [...gon] kawijilane, Ki Jaka Tingkir matur sandika, tumuntên mangkat ijèn. Sadhatêngipun sajawining nagari Dêmak lajêng amêlingakên prikancanipun tamtama, inggih sami dhatêng cêcolongan. Radèn Jaka pitakèn dhatêng tamtama, sarèhning ênggènipun kesah sampun lami, sang nata punapa sampun andangu dhatêng piyambakipun. Wangsulanipun tiyang tamtama, sang nata dèrèng wontên andangu, Ki Jaka sarêng mirêng sangêt malih susahing manahipun, lajêng pamit dhatêng kancanipun tamtama sumêdya ngêlambrang malih.