BTJ 1.19

Banyubiru lan Baline Jaka Tingkir

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 66-73

BTJ 1.19.1

Lampahipun Radèn Jaka anjujug ing Pêngging, ing dalu lajêng sare ing dêdagan, wontên ing pakuburanipun ingkang rama, ngantos kawan dalu, nuntên mirêng swara atêtela, thole, sira lungaa angidul ngetan, cêdhaking desa Gêtasaji ana wong dhêdhukuh jênênge Kyai Buyut ing Banyubiru, sira ngèngèra ing kono, anglakonana saparentahe. Radèn Jaka kagèt tumuntên wungu saking ênggènipun sare, lajêng mangkat ijèn. Gêntos kacariyos ing dhukuh Calpitu sukunipun rêdi Lawu, ing ngriku wontên tiyang tapa, anama Ki Jabaleka, inggih trah saking ing Majapait. Ki Jabaleka wau agadhah putra jalêr satunggil abagus warninipun, nama Mas Mănca, Ki Mas Mănca wau kesah saking [sa...] [...king] ing Calpitu sumêja tapa dhatêng ing pasisir kidul, kèndêl wontên ing Toyabiru, lajêng kapêndhêt mitra dhatêng Ki Buyut ing Banyubiru sarta sangêt dipun sihi, ingugung sapolahipun, winulang sakathahing kadigdayan, lan kinèn bantêr tapanipun. Supados enggala tuwuh kang darajat. Sabab Ki Buyut sumêrêp yèn Mas Mănca wau badhe dados êmbaning ratu. Kala samantên Ki Buyut ngandika dhatêng Ki Mas Mănca, kulup, bakal ratumu mèh têka ing kene, rong dina êngkas mêsthi têka ing kene, yèn wis têlung sasi ênggone ana ing Banyubiru kene, iku wus dungkap jumênênge nata, besuk bakal kêkutha ing Pajang, ratu iku angluwihi sêkti, kineringan ing mungsuh, karatone angkêr, iya iku turune Dipati Andayaningrat ing Pêngging, kowe kang bakal dadi pêpatih, aku besuk kang angreka, amrih gêlise jumênêng ratu. Ki Mas Mănca aturipun nuwun. Sarêng sampun kalih dintên malih, Radèn Jaka Tingkir sampun dumugi ing Banyubiru, inggih nuntên kapêndhêt putra dhatêng Ki Buyut. Sakalangkung ingêla-êla, kasadhèrèkakên kalihan Mas Mănca, Ki Buyut anêlas pawulangipun dhatêng Radèn Jaka Tingkir tuwin Mas Mănca, sasampuning jangkêp tigang wulan Ki Buyut ngandika dhatêng Radèn Jaka, ênggèr, wis mangsane kowe ngaton marang ramakmu kangjêng sultan, mumpung iki măngsa rêndhêng, amêsthi ngadhaton ing gunung Prawata, dakkira têkamu ing Prawata kangjêng sultan durung kondur marang ing Dêmak. Aku anggawani sarat, kang dadi jalarane kowe diwawuh ing kangjêng sultan. Lêmah iki lolohna ing kêbo dhanu, amêsthi kêbo mau banjur ngamuk marang Prawata, wong Dêmak ora nana kang bisa amatèni, iku margane sang nata andangu marang kowe, yèn kowe andikakake matèni kêbo mau, lêmahe buwangên dhisik. Amêsthi kêbo iya banjur kêna kopatèni, lan kowe dakwèhi kanthi, adhimu Ki Mas Mănca, sarta sadulurku lanang jênênge Ki Wuragil, lan kaponakanku, anake Ki Buyut Majasta, jênênge Ki Wila, wong têlu iku aja nganti pisah karo kowe. Radèn Jaka Tingkir matur sandika.

BTJ 1.19.2

Kyai Buyut lajêng parentah dhatêng anak putunipun, andikakakên sami damêl gèthèk, badhe têtumpakanipun Radèn Jaka Tingkir, sarêng sampun mirantos nuntên mangkat numpak gèthèk. Ki Buyut Banyubiru angatêr sapinggiring lèpèn. Sarwi andêdonga anênga langit. Ki Majasta ngatêra tumut nitih gèthèk. Gèthèk milir ing lèpèn Dêngkèng, sampun dumugi ing dhusun griyanipun Ki Majasta, kèndêl sipêng wontên ing ngriku tigang dintên, lajêng mangkat, Ki Majasta botên tumut. Gèthèk [Gèthè...] [...k] milir dumugi ing bêngawan Picis. Tiyang sakawan wau ingkang kêkalih anyatangi, ingkang kêkalih amêlahi. Sarêng wanci pukul sakawan sontên dumugi ing kêdhung Srêngenge, anuntên wontên mêndhung sarta grimis awor barat. Ing kêdhung Srêngenge ngriku wontên ratuning baya, anama Baurêksa, pêpatihipun anama Jalumampang, balanipun baya tanpa wilangan. Baya Jalumampang wau angirid baya kalih atus, sami angrampit gèthèk, lajêng pêrang rame kalihan Mas Mănca wontên ing dharatan, Patih Jalumampang sarta baya pitung dasa sampun sami pêjah sinabêtakên ing kêkajêngan dhatêng Mas Mănca, dene Radèn Jaka Tingkir lajêng ambyur dhatêng salêbêting toya, pangraosipun kados wontên ing dharatan kemawon, nuntên prang rame, baya kathah kang pêjah, ratuning baya kang nama Baurêksa sampun nungkul dhatêng Radèn Jaka, sarta aprajangji badhe ngatêr ing lampahipun Radèn Jaka wontên ing toya, lan prajangji badhe angaturi kalangênan baya satunggil-satunggil ing sabên taun. Radèn Jaka Tingkir nuntên mangkat anitih gèthèk malih, iliring gèthèk dipun sanggi ing bajul kawan dasa, ingkang nitih sami ngeca-eca lênggah kemawon, satang lan wêlahipun sami binucalan. Ing wanci dalu dumugi Bêbagan [Bê...] [...bagan] ing Butuh, gèthèk kathothok. Bajul sami sumêrêp ing wangsit, gèthèk kakèndêlakên. Radèn Jaka sarta rencangipun têtiga sarèhning sami sayah lan arip. Lajêng sami tilêm wontên ing gèthèk. Ing wanci têngah dalu Ki Agêng Butuh mêdal saking griyanipun, kagèt aningali pulung karaton, cumlorot saking lèr kilèn, dhawah wontên ing lèpèn, panggenanipun tilêm Radèn Jaka wau, Ki Agêng nuntên nututi ing dhawahing pulung, sadhatêngipun ing pinggir lèpèn, Ki Agêng botên samar aningali dhatêng Radèn Jaka, kang sare ing gèthèk kadhawahan pulung, lajêng ginugah, thole, tangia, aja pijêr turu bae, pulung karaton ing Dêmak wis ngalih marang sira. Radèn Jaka lan sarencangipun sampun sami tangi, lajêng binêkta dhatêng dhepokipun Ki Agêng Butuh, Ki Agêng Ngêrang inggih sampun dipun aturi dhatêng ing ngriku, nuntên sami amulang dhatêng Radèn Jaka, sarèhning pulung karaton ing Dêmak sampun ngalih dhatêng piyambakipun.

BTJ 1.19.3

Punika ênggènipun badhe anggêntosi ing Sultan Dêmak sampun ngantos kakasap, kasuwuna ing Allah kemawon, lan amuriha lunturing sihipun sang nata, sarta kawulang ing lampah nistha lan kang utami, akathah-kathah pawulangipun Ki Agêng kêkalih wau ing Radèn Jaka, Radèn Jaka inggih sangêt anarimah sarta badhe angèstokakên ing piwulang [piwu...] [...lang] wau. Radèn Jaka nuntên pamit mangkat lan sarencangipun, sami anumpak gèthèk, alon miliripun. Sarêng dumugi ing dhusun Bulu tanah Majênang, nuntên mêntas dhatêng dharat. Bajul sami kawangsitan kapurih wangsula dhatêng ing panggenanipun ing kêdhung Srêngenge, Radèn Jaka lan sarencangipun lajêng sami lumampah dharat. Wiwit kala samantên ing dhusun Bulu kaêlih nama ing Tindak. Lampahipun Radèn Jaka ngalèr ngilèn mêdal ing Garobogan. Sadhatêngipun talatah ing Prawata, Radèn Jaka sumêrêp yèn sang nata taksih ngadhaton ing ngriku, dèrèng kondur dhatêng Dêmak. Radèn Jaka nuntên ngupados maesa dhanu, sarêng sampun angsal lajêng kalolohan siti babêktanipun saking ing Majasta, maesa wau enggal lumajêng angamuk dhatêng pasanggrahan ing Prawata, angobrak-abrik pasanggrahan. Sarta anggudag anyudhangi têtiyang, kathah tiyang kang sami tatu tuwin pêjah, andadosakên gègèripun tiyang sa Prawata, karampog lan dipun sanjatani botên pasah. Kangjêng sultan nuntên parentah dhatêng abdinipun tamtama, andikakakên mêthukakên pangamuking maesa dhanu, sampun ambêkta gêgaman, sabab prajurit tamtama wau sampun sami dipun gêgulang anampiling banthèng, sapisan rêmuk sirahipun pêjah, prajurit tamtama inggih nuntên mêthukakên pangamuking maesa, ijèn gêntos-gêntos, [gêntos-gê...] [...ntos,] nanging botên wontên ingkang ngêntasi damêl. Malah kathah kang sami pating kalèsèd, amargi dipun bijigi sarta kaidak-idak. Pangamuking maesa wau ngantos tigang dintên tigang dalu, yèn sêrap srêngenge maesa wangsul dhatêng ing wana, mênawi enjing lajêng ngamuk dhatêng ing pasanggrahan malih, ambêbujêng tiyang. Ing sabên dintên sang nata aningali saking pêpanggungan, kala samantên sang nata aningali dhatêng Radèn Jaka Tingkir ingiring tiyang têtiga, lumampah malipir sawingkinging baris. Solahipun kados tiyang aningali pangamuking maesa, sang nata enggal ngandika dhatêng abdinipun kang nama Jêbad. Jêbad, pandêlêng ingsun kae kaya Si Tingkir ingiring bature tatêlu, ingsun ora pangling, sira taria apa dheweke wani sun adu lan kêbo ngamuk. Yèn Si Tingkir bisa matèni kêbo iku, dakapura dosane kang wus kalakon. Radèn Jaka sarêng kadhawahan aturipun sandika, sang nata nuntên parentah angêpung maesa sarta andikakakên sami anyuraki ing Radèn Jaka ênggènipun tanglêd kalihan maesa lan andikakakên nabuh monggang, sang nata aningali saking pêpanggungan. Radèn Jaka Tingkir tumuntên amurugi maesa, maesa inggih lajêng anggudag, adangu ênggènipun tanglêd, kapurih erama kang sami ningali, Radèn Jaka dipun undha katadhahan sungu, nanging botên [bo...] [...tên] pasah, sungu sarta buntuting maesa kacandhat dipun sêndhal, maesa dipun tampiling, rêmuk sirahipun sampun pêjah, andadosakên eram sarta sukanipun sang nata, tuwin ingkang aningali sadaya, Radèn Jaka Tingkir lajêng kawangsulakên kalênggahanipun lami anglurahi prajurit tamtama, kangjêng sultan sampun pulih sihipun kados ingkang wau-wau, sang nata nuntên bidhal kondur dhatêng nagari ing Dêmak.