BTJ 1.20
Jaka Tingkir, Pajang, lan Trah Ki Ageng Sela
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 73-79
BTJ 1.20.1
Botên antawis lami kangjêng sultan bidhal dhatêng ing Carêbon, sumêja amondhongi ing Sunan Kalijaga, kaaturan adalêm ing nagari Dêmak. Susunan Kalijaga inggih amiturut, lajêng adhêdhêkah wontên ing Ngadilangu,[21] padamêlanipun amêmulang ing agami Rasul, sampun kathah muridipun. Kacariyos Kyai Agêng ing Sêsela sumêja lumêbêt prajurit tamtama, nuntên dipun coba kaabên kalihan banthèng, banthèng tinabok sirahipun sapisan pêcah, rahipun mancurat. Kyai Agêng Sela mengo, lajêng kapariksa ing sababipun amengo, atur wangsulanipun Ki Agêng Sela, bokmênawi kapancorotan rah, Kyai Agêng ing Sela nuntên dipun tampik ênggènipun badhe dados tamtama, kawastanan ajrih ing rah, Ki Agêng Sela sangêt isinipun, mantuk lajêng amêpak gêgaman, sumêja soroh amuk angrisak kadhaton [kadha...] [...ton] ing Dêmak. Ki Agêng anumpak kapal, kairing rencangipun sami numpak kapal tuwin dharat kathah. Sadhatêngipun sêlaning waringin kurung ing alun-alun Dêmak, lajêng dipun jêmparing dhatêng sang nata, kapalipun Ki Agêng kenging pathakipun, anglumba sarta anubruk kapale rencangipun. Rencangipun pating balêsar, lajêng dipun jêmparing malih kenging jilinging kapal. Kapalipun Ki Agêng ambandhang mantuk dhatêng ing Sela, rencangipun inggih bibar sadaya, sang nata ningali sakalangkung suka, sarta ngandika dhatêng Patih Wanasalam. Nyata tipis atine Ki Thole ing Sela, ingsun kira ora bisa jumênêng ratu, êmbuh kang buri-buri. Kacariyos sang nata sampun pêputra nênêm. Pambajêngipun èstri, sampun kakramakakên angsal putranipun Ki Agêng ing Sampang, anama Pangeran Langgar, ingkang rayi jalêr, anama Pangeran Prawata, tiga èstri, krama angsal Pangeran Kalinyamat. Sakawan èstri, krama angsal Pangeran ing Carêbon. Gangsal èstri, krama angsal Radèn Jaka Tingkir, wuragilipun jalêr, nama Pangeran Timur. Radèn Jaka Tingkir sarêng sampun atut ênggènipun krama lajêng kadadosakên bupati ing Pajang, kaparingan lênggah siti kawan ewu karya, pasowanipun dhatêng Dêmak sabên taun. Botên antawis lami nagari Pajang sampun gêmah raharja, tulus kang sami tinanêm. Dipati Pajang sampun adamêl kadhaton. Kacariyos Sultan Dêmak sampun seda, ing sasedanipun Sultan Dêmak, Dipati Pajang jumênêng sultan. Nagara kang sami kabawah sadaya kairup dhatêng ing Pajang, ingkang mogok kagêbag ing prang, tanah pasisir tuwin măncanagari kang wetan, lan pasisir kilèn, sadaya sampun sami suyud, botên wontên kang purun anglawan ing prang, sami ajrih ing kadigdayanipun Adipati Pajang, amung adipati ing Jipang kang botên purun têluk, kang anama Pangeran Arya Panangsang, punika putranipun Pangeran Seda ing Lèpèn, wayahipun kangjêng sultan ing Dêmak, dados kaprênah nak-sanak lan garwanipun dipati ing Pajang, wondene kang jumênêng amêngku nagari ing Dêmak putranipun kangjêng sultan ingkang panênggak, anama Sunan Prawata, ananging rukun kalihan sang dipati ing Pajang, sami narimahipun.
BTJ 1.20.2
Putranipun kangjêng sultan kang wuragil kang nama Pangeran Timur kabêkta dhatêng ing Pajang lajêng katanêm bupati wontên ing Madiun. Amangsuli cariyos malih, kala taksih panjênênganipun kangjêng sultan ing Dêmak, punika Kyai Agêng ing Sêsela pinuju jawah dhatêng ing sabin, ambêkta pacul, wanci ngajêngakên asar, sadhatêngipun ing sabin lajêng macul. Sawêg angsal tigang kêcrokan, nuntên wontên gêlap [gêla...] [...p] dhatêng, awarni tiyang kaki-kaki, Kyai Agêng sumêrêp yèn punika gêlap, enggal kacêpêng, gêlap mungêl jumêgur, Ki Agêng kêkah ênggènipun nyêpêngi, blêdhèk lajêng binănda, kaaturakên dhatêng ing Dêmak. Gêlap lajêng kinunjara ing kunjara wêsi, sang nata parentah botên kalilan nyukani toya, têtiyang ing Dêmak agêng alit sami aningali sadaya, anuntên wontên tiyang nini-nini dhatêng, angulungi toya ing bêruk. Punika semahipun ing gêlap kang kinunjara wau, gêlap ing kunjara sarêng sampun anampèni toya, lajêng mungêl gumêbyur, kunjara wêsi ajur sami sakala, gêlap kêkalih sarêng icalipun. Kacariyos ing Dêmak wontên dhalang ringgit purwa, anama Ki Bicak, bojonipun sakalangkung ayu, punika dipun tanggap dhatêng Ki Agêng Sela, Kyai Agêng sarêng aningali semahing dhalang sangêt ênggènipun rêmên. Dhalang Ki Bicak lajêng pinêjahan. Ringgit sarta bêndhe tuwin semahipun sami kapêndhêt dhatêng Kyi Agêng Sela, Ki Agêng sarêng sampun angsal bêndhe botên siyos rêmên dhatêng semahipun dhalang Ki Bicak. Sangêt kasêngsêmipun dhatêng bêndhe, bêndhe wau kanamakakên Kyai Bicak. Sarta lajêng kaidèn ing Kangjêng Sunan Kalijaga, yèn bêndhe wau badhe dados wasiyat karaton, sarta badhe dados têngêraning prang, yèn bêndhe wau katabuh mungêl ngungkung, amêsthi badhe unggul prangipun. Yèn katabuh botên mungêl, pratăndha badhe asor prangipun. Kala samantên Kyai Agêng Sela pinuju angêmban putranipun alit, dipun aring-aringi cêlak wontên ing têtanêmanipun waluh, Kyai Agêng anyamping cindhe botên mawi paningsêt. Nuntên mirêng rame-rame alok tiyang ngamuk. Kyai Agêng niyat badhe mantuk, anyèlèhakên putranipun. Nanging tiyang ngamuk kasêlak dhatêng, lajêng anyuduki dhatêng Ki Agêng, Kyai Agêng botên pasah, nanging Kyai Agêng kasrimpêd ing wit waluh dhawah kalumah, nyampingipun cindhe udhar saking badanipun dados wuda, Kyai Agêng nuntên tangi, tiyang ngamuk dipun tampiling pêcah sirahipun sampun pêjah, Kyai Agêng lajêng andhawuhakên prasapa, benjing ing saturun-turunipun sampun wontên kang nyamping cindhe, sarta ananêm waluh tuwin adhahar wohipun.
BTJ 1.20.3
Kacariyos Kyai Agêng Sela sampun pêputra pitu, sampun sami krama, satunggil nama Nyai Agêng Lurung Têngah, kalih Nyai Agêng Saba, tiga Nyai Agêng Bangsri, sakawan Nyai Agêng Jati, gangsal Nyai Agêng Patanèn. Nênêm Nyai Agêng Pakisdadu, wuragilipun jalêr nama Kyai Agêng Ngênis. Sarêng sampun pêputra pitu Kyai Agêng Sêsela seda, dene Kyai Agêng Ngênis wau inggih sampun pêputra jalêr satunggal, anama Kyai Pamanahan, sampun kakramakakên angsal putranipun Kyai Agêng Saba ingkang pambajêng, ingkang wuragil jalêr, anama Kyai Juru Martani, dados Kyai Pamanahan wau kalihan Kyai Juru Martani kaprênah nak-sanak dados ipe. Kyai Agêng Ngênis amêndhêt anak angkat satunggil jalêr, kaprênah kaponakan misan, anama Ki Panjawi, kasadherekakên kalihan Ki Pamanahan tuwin Ki Juru Martani, atut ênggènipun saduluran. Tiyang têtiga wau ing sapurugipun inggih botên pisah, lajêng sami anggêguru ing Sunan Kalijaga, sêsarênganipun anggêguru Kangjêng Sultan Pajang, karsanipun Sunan Kalijaga, Sultan Pajang kasadulurakên kalihan tiyang têtiga wau, inggih sakalangkung sae anggènipun saduluran, sampun kados sadulur tunggil rama ibu. Anuntên karsanipun Sultan Pajang Ki Agêng Ngênis kaaturan gêgriya ing Lawiyan. Ki Agêng inggih sampun adhêdhêkah wontên ing Lawiyan. Sarêng sampun lami Kyai Agêng Ngênis seda, inggih kakubur ing Lawiyan ngriku. Ki Pamanahan sarta Ki Panjawi sampun kaabdèkakên ing Sultan Pajang, kadadosakên lurah tamtama, sakalangkung kanggêp pangawulanipun, kapitadosan rumêksa pakèwêdipun ing nagari Pajang, sarta sami dipun [dipu...] [...n] basani kakang dhatêng Sultan Pajang, wondene Kyai Juru damêlipun amung momong dhatêng Ki Panjawi lan Ki Pamanahan. Ingkang dados pêpatih ing Pajang Ki Mas Mănca, anama Tumênggung Măncanagara, Ki Wila lan Ki Wuragil sami dados bupati. Kacariyos Ki Pamanahan sampun apêputra pitu, ingkang jalêr gangsal, ingkang èstri kêkalih, pambajêngipun anama Radèn Jambu, kalih Radèn Bagus. Tiga Radèn Santri, sakawan Radèn Tompe, gangsal Radèn Kadhawung, nênêm èstri, krama angsal Tumênggung Mayang, wuragilipun èstri taksih alit. Kala samantên Kangjêng sultan Pajang dèrèng apêputra, putranipun Ki Pamanahan kang nama Radèn Bagus wau kapundhut putra pambajêng dhatêng Sultan Pajang, sakalangkung dipun sihi, sampun kados putranipun piyambak. Karsanipun Sultan Pajang kadamêl lanjaran, supados tumuntêna gadhah putra piyambak. Ing waktu punika têtiyang Jawi kathah kang sami rêmên anggêguru lampahing agami Rasul, tuwin anggêguru kadigdayan sarta katêguhan. Guru wau ingkang sampun misuwur kêkalih, satunggil Kangjêng Sunan Kalijaga, kalih sunan ing Kudus.