BTJ 1.21

Arya Panangsang lan Sunan Prawata

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 79-84

BTJ 1.21.1

Sunan Kudus wau muridipun têtiga, satunggil Pangeran Arya Panangsang ing Jipang, kalih Sunan Prawata, tiga Sultan Pajang, ingkang dipun sihi piyambak Pangeran Arya Panangsang, kala samantên Sunan [Suna...] [...n] Kudus pinuju lênggah ing dalêmipun kalihan Pangeran Panangsang, Sunan Kudus ngandika dhatêng Arya Panangsang, wong ngalapdho guru iku ukume apa. Arya Jipang matur alon. Ukumipun pinêjahan. Sarèhning kula dèrèng sumêrêp, sintên ingkang gadhah lampah mêkatên punika. Sunan Kudus ngandika, kakangmu ing Prawata. Arya Panangsang sarêng mirêng dhawahipun Sunan Kudus lajêng sagah badhe amêjahi ing Sunan Prawata, nuntên angutus abdinipun kajinêman, anama Rangkud, andikakakên nyidra ing Sunan Prawata, Rangkud inggih lajêng mangkat. Sadhatêngipun ing Prawata inggih sampun kêpanggih wontên ing dalêm. Sunan Prawata pinuju gêrah, asêsèndhèn kang garwa, sarêng aningali dhatêng pun Rangkud Sunan Prawata takèn. Kowe iku wong apa, Rangkud matur, kula utusanipun Arya Panangsang, andikakakên nyidra ing sampeyan. Sunan Prawata ngandika, iya ing sakarêpmu, nanging ngamungna aku dhewe kang kopatèni, aja angilok-ilokake marang wong liyane, Rangkud lajêng anyuduk sarosanipun. Sunan Prawata jajanipun butul ing gigir, anêrus jajanipun kang garwa, Sunan Prawata sarêng aningali kang garwa kêtaton. Enggal narik dhuwungipun, anama Kyai Bêthok, kasawatakên dhatêng Rangkud. Pun Rangkud kabêsèr ing kêmbang kacanging dhuwung niba ing siti lajêng pêjah, Sunan Prawata lan sagarwanipun [sa...] [...garwanipun] inggih sampun seda, sinêngkalan sedanipun Sunan Prawata 1453. Milanipun Arya Panangsang purun akèn mêjahi ing Sunan Prawata, sabab ingkang rama Arya Panangsang sampun dipun pêjahi dhatêng Sunan Prawata, pinuju kondur saking Jumungahan kacêgat wontên ing margi dhatêng utusanipun Sunan Prawata, anama Surayata, Ki Surayata wau inggih lajêng dipun pêjahi dhatêng rencangipun ingkang rama Arya Jipang, punika cariyos kala sedanipun ingkang rama Arya Jipang. Kacariyos Sunan Prawata wau gadhah sadhèrèk èstri, anama Ratu Kalinyamat. Punika sangêt anggènipun botên narimah pêjahe sadhèrèkipun jalêr, lajêng mangkat dhatêng ing Kudus kalihan lakinipun, sumêja nyuwun adil ing Sunan Kudus. Inggih sampun kêpanggih sarta matur nyuwun adil. Wangsulanipun Sunan Kudus, kakangmu iku wis utang pati marang Arya Panangsang, samêngko dadi sumurup nyaur bae, Ratu Kalinyamat mirêng wangsulanipun Sunan Kudus makatên sangêt sakit ing manah, lajêng mangkat mantuk. Wontên ing margi dipun begal utusanipun Arya Panangsang, lakinipun Ratu Kalinyamat dipun pêjahi, Ratu Kalinyamat sakalangkung mêmêlas.

BTJ 1.21.2

Sabab mêntas kêpêjahan sadulur, nuntên kêpêjahan bojo, dados sangêt ênggènipun prihatos. Lajêng martapa awêwuda wontên ing rêdi [rê...] [...di] Danaraja, kang minăngka tapih remanipun kaore, Ratu Kalinyamat amêdalakên prasêtya, botên purun angangge sinjang salaminipun gêsang, yèn Arya Jipang dèrèng pêjah, punapa dene apunagi sintên-sintên kang sagêd amêjahi Arya Jipang, Ratu Kalinyamat badhe ngawula lan sabarang gêgadhahanipun kasukakakên sadaya. Kacariyos Sunan Kudus, pinuju sawêg rêrêmbagan kalihan Arya Panangsang, Sunan Kudus ngandika, kakangmu ing Prawata lan Kalinyamat samêngko wis padha mati, nanging durung lêga atiku, yèn kowe durung jumênêng ratu amêngku ing tanah Jawa kabèh, lan yèn misih adhimu Sultan Pajang dakkira kowe ora bisa dadi ratu, sabab iku kang amakewuhi. Arya Panangsang matur, mênawi parêng ing karsa sampeyan, nagari Pajang badhe kula gêbag ing prang, pun adhi ing Pajang kula pêjahi, supados sampun amakèwêdi. Sunan Kudus ngandika, karêpmu iku aku ora mrayogakake, sabab bakal angrusakake nagara, sarta akèh pêpati, dene kang dadi karêpku, kakangmu ing Pajang iku bisaa mati kacidra bae, aja kawêruhan ing wong akèh. Arya Panangsang matur sakalangkung prayogi, lajêng angutus abdinipun kajinêman, sami êndikakakên[22] [ênd...] [...ikakakên] nyidra ing Sultan Pajang. Kajinêman inggih nuntên mangkat. Dhatêngipun ing Pajang wanci dalu, lajêng lumêbêt ing kadhaton. Sultan Pajang pinuju sare, amujung kampuh, para garwa sami tilêm ing dagan. Kajinêman lajêng nêrajang anyuduki sarosanipun. Sultan Pajang botên pasah, taksih sakeca sare kemawon. Sanajan kampuh ingkang kadamêl mujung wau inggih botên pasah, para garwanipun kagèt, tangi lajêng sami nangis sarta anjêrit. Sultan Pajang kagèt sarta wungu, wungunipun sultan wau kampuh kang kadamêl mujung anyampyuk dhatêng pandung kang sami nyuduki, pandung lajêng sami dhawah ing siti agalasahan. Botên wontên kang sagêd kesah, Sultan Pajang enggal andangu dhatêng kang para garwa, ana apa dene kowe padha nangis pating jalêrit. Para garwa matur, panjênêngan dalêm kula wastani sampun seda amargi dipun suduki ing pandung, sultan enggal amundhut damar sarta amurugi panggenaning pandung, pandung sakawan taksih sami anglungsar wontên ing siti, botên wontên kang sagêd anggulawat. Sultan enggal andangu, sira iku maling têka ing ngêndi, lan sapa kongkon marang kowe. Pandung matur balaka. Sultan Pajang ngandika malih, samêngko kowe wis dakapura, nanging dikêbat tumuli muliha marang Jipang, matura marang gustimu, ênggonmu mêtu saka ing kadhatonku kene dirikat, sabab mênawa kowe kawênangan marang bocahku kang padha nganglang, ora wurung kowe [ko...] [...we] dipatèni. Maling sakawan nuntên sami kaganjar arta lan busana, sakalangkung ing bingahipun, botên nyana yèn dipun gêsangi, lajêng nyêmbah sarta mangkat. Lêstantun ing lampahipun. Dumuginipun ing Jipang inggih lajêng matur ing gustinipun, yèn lampahipun botên angsal damêl. Sultan Pajang sakalangkung têguh sarta sakti, botên kenging sinawawa.