BTJ 1.22
Intrik Kudus lan Pajang
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 84-87
BTJ 1.22.1
Arya Panangsang sarêng mirêng aturing kajinêman, sangêt susahing manahipun, lajêng ngaturi uninga ing Sunan Kudus, yèn anggènipun utusan anyidra ing Sultan Pajang botên angsal damêl. Mênawi parêng saking karsa sampeyan, Sultan Pajang prayogi katimbalan mriki kemawon, awad badhe kaajak rêrêmbagan bab ngèlmi, yèn sampun dumugi ing ngriki gampil. Sunan Kudus inggih anuruti ing panuwunipun Arya Panangsang, lajêng utusan animbali Sultan Pajang. Sultan Pajang sarêng tampi timbalanipun Sunan Kudus sakalangkung gugup, katimbalan ing guru, nuntên apradandosan. Ki Pamanahan lan Ki Panjawi enggal angaturi peling ing Sultan Pajang. Aturipun, sampeyan katimbalan dhatêng ing Kudus punika botên badhe rêrêmbagan bab ngèlmi, kintên kula panunggilanipun pandung rumiyin punika, sanajan sampeyan sowana dhatêng Kudus, sampun kirang ing pangatos-atos, prayogi ambêkta sagêlar sapapan. [sapa...] [...pan.] Sultan Pajang sarêng mirêng aturipun Ki Pamanahan lan Panjawi, sakalangkung suka ing galihipun. Lajêng parentah amêpak dêdamêling prang. Putranipun Ki Pamanahan kang dipun pundhut putra pambajêng ing Sultan Pajang samangke sampun jaka kumala-kala, sampun kuwawi angêmbat lawung, sakalangkung dipun sihi ing Sultan Pajang, kaparingan nama Radèn Ngabèi Saloring Pasar, sarta kadadosakên lurahipun prajurit tamtama. Bala ing Pajang sarêng sampun samêkta, Sultan Pajang lajêng bidhal lan sabalanipun, nanging Sultan Pajang lampahipun angrumiyini kalihan bala kang sami numpak kapal. Dene bala kang sami dharat lumampah ing wingking, ingkang anindhihi pêpatih ing Pajang, kang nama Tumênggung Măncanagara. Lampahipun Sultan Pajang sampun dumugi ing Kudus, kandhêg wontên ing alun-alun. Sampun angaturi uninga têng[23] Sunan Kudus. Sunan Kudus lajêng andhawahi Pangeran Arya Panangsang, êndikakakên manggihi ing Sultan Pajang, sami pinaraka wontên ing pasowan, angêntosana miyosipun Sunan Kudus dhatêng ing pasowan. Arya Panangsang inggih sampun dandos angatos-atos, nuntên mêdal pinarak ing pasowan, sabalanipun tiyang pêpilihan sami wontên ing wingkingipun.
BTJ 1.22.2
Karsanipun Arya Panangsang, samangsanipun Sultan Pajang dhatêng badhe dipun tingali dhuwungipun, lajêng kasudukakên, rencangipun lajêng sami tumut angêrocok. Dene Sultan Pajang wau inggih sampun dipun dhawahi dhatêng utusanipun Sunan Kudus, andikakakên pinarak wontên ing pasowan kalihan Arya Panangsang, Sultan Pajang inggih lajêng pinarak wontên ing pasowan. Ki Panjawi lan Ki Pamanahan sarta Radèn Ngabèi Saloring Pasar sami angampingi kiwa têngên ragi wingking sarta sami angatos-atos. Sultan Pajang lênggah ajêng-ajêngan lan Arya Panangsang, sami sawang-sinawang, Arya Panangsang nuntên pitaken dhatêng Sultan Pajang, adhi, sampun lami kula botên kêpanggih kalihan sampeyan, sapunika asêsarêngan sowan wontên ing ngriki, mênggah kang sampeyan agêm punika dhuwung ingkang pundi. Sultan Pajang amangsuli, dhuwung kula lami. Arya Panangsang wicantên malih, pundi adhi, kula badhe ningali ing dhuwung sampeyan. Wangkingan lajêng dipun unus, Ki Pamanahan enggal anjawil. Sultan Pajang igraita,[1] wangkingan sampun kaulungakên dhatêng Arya Panangsang, Sultan Pajang enggal anarik cothèn sarwi wicantên. Kakang Arya Panangsang, taksih sae dhuwung kula punika, angungkuli kang sampeyan tingali puniku, Arya Panangsang mèsêm sarwi wicantên. Tingal kula kang kula cêpêngi punika inggih sae. Sultan Pajang sumaur, ingkang kula cêpêng punika nama Kyai Carubuk, sanajan sami sae taksih [ta...] [...ksih] ampuh pun Carubuk, luwangipun kang sampun kalampahan sok bucêka mêsthi pêjah. Kasaru wêdalipun Sunan Kudus, aningali kang sami lênggah angliga dhuwung, Sunan Kudus enggal anyêlaki sarwi ngandika, iki ana apa dene padha angliga kris. Apa arêp balantikan, apa arêp ijol kêris, kêbat padha wrangkakna, ora bêcik didêlok ing wong akèh. Dhuwung inggih lajêng kawangsulakên dhatêng Sultan Pajang sarta sampun sami kasarungakên. Arya Panangsang wicantên, layak durung pêsthine ênggonku bakal gawe răndha. Sultan Pajang inggih wicantên. Baya durung pêsthine ênggonku bakal awèh pakaning gagak. Sunan Kudus ngandika, wis aja padha kodawakake cêlathumu iku, padha atuta ênggonmu padha duwe sadulur, samêngko wis padha muliha marang pasanggrahamu dhewe-dhewe, besuk samangsane para bupati wis padha pêpak, kowe padha daktimbali. Sultan Pajang sarta Arya Panangsang lajêng sami mantuk dhatêng pasanggrahanipun piyambak-piyambak. Arya Panangsang pasanggrahanipun sawetan bêngawan Sore, Sultan Pajang pasanggrahanipun sakilèn bêngawan Sore, utawi bala ing Pajang ingkang sami lumampah ing wingking inggih sampun sami dhatêng.