BTJ 1.23
Rencana Nglawan Jipang
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 87-93
BTJ 1.23.1
Ing wanci dalu Sultan Pajang pinarak kalihan Ki Pamanahan sarta Ki Panjawi, Ki Pamanahan matur, kula mirêng wartos, [war...] [...tos,] ing sasedanipun Sunan Prawata lan raka jêngandika ing Kalinyamat, punika bok ayu jêngandika ing Kalinyamat sangêt ênggènipun prihatos, amartapa wontên ing rêdi Danaraja sarta awêwuda, pangandikanipun botên karsa ngagêm sinjang yèn Arya Panangsang dèrèng pêjah, mênawi sampeyan karsa, sumăngga sami têtuwi. Sultan Pajang anurut ing aturipun Ki Pamanahan. Inggih lajêng lumampah dhatêng ing rêdi Danaraja ing wanci dalu, ingkang andhèrèk Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Radèn Ngabèi Loring Pasar, dhatêngipun ing rêdi Danaraja kandhêg wontên ing paregolan, sampun kaaturakên dhatêng Ratu Kalinyamat, yèn Sultan Pajang badhe kêpanggih, dhawahipun Ratu Kalinyamat. Enggal aturana, nanging surupêna dhingin, yèn aku ora bisa anêmoni sap mata, aturana lênggah sajabaning kobongan bae, abdi ingkang kadhawahan wau inggih enggal angaturi ing Sultan Pajang, Sultan Pajang lan rencangipun têtiga inggih sampun sami lumêbêt, alênggah sajawining kobongan. Ratu Kalinyamat alon ngandika, yayi prabu, apa ingkang dadi karsamu, dene kowe tilik mrene, Sultan Pajang matur, bakyu, sowan kula mriki, awit kula mirêng pawartos, yèn sampeyan tilar nagari atapa wontên ing rêdi Danaraja ngriki sarta botên karsa [kar...] [...sa] ngagêm sinjang, punika punapa ingkang dados prihatos sampeyan. Mênggah sedanipun kakang ing Kalinyamat tiyang sampun pinêsthi karsa Allah, mênawi parêng mugi sampeyan bucal ênggèn sampeyan prihatos. Ratu Kalinyamat ngandika, bangêt panrimaku yayi, ênggonmu amituturi marang aku, nanging wong ujarku wis katrucut kapriye, aku ora nganggo tapih yèn Si Arya Jipang durung mati, sanajan aku kongsia tumêka ing pati, ya daklakoni, malah têkamu mrene iku bangêt ênggonku bungah, sarèhning aku wong wadon, sapa kang dakjaluki pitulung angilangi prihatinku, kajabane kowe, sabab aku wis ora duwe sadulur manèh, yèn kowe bisa amatèni Si Arya Panangsang, nagara ing Kalinyamat lan ing Prawata utawa rajabranaku kabèh kaduwea marang kowe, sarta aku angèngèr marang kowe. Sultan Pajang matur, bakyu, kula ajrih amêngsah pun Arya Jipang, sabab sangêt ênggènipun sakti sarta têguh. Ratu Kalinyamat ngandika, adhi, sapa kang daktêtangisi liyane têka[2] kowe, dadi ênggonmu tilik mrene iku tanpa gawe. Ki Pamanahan matur bisik-bisik ing Sultan Pajang, mênawi pikajêngan kula prayogi dipun pikir rumiyin.
BTJ 1.23.2
Sampeyan sumadosa ing sadalu mangke karêmbag. Benjing enjing [e...] [...njing] sumăngga sami wangsul. Sultan Pajang inggih anurut, lajêng matur kamanah ing sadalu mangke, Ratu Kalinyamat ngandika, iya adhi, sesuk balia mrene têmênan, aku angarêp-arêp. Sultan Pajang sampun pamit mantuk dhatêng pasanggrahan, Ki Pamanahan tumut andhèrèk konduripun Sultan Pajang, nanging nuntên wangsul kêpanggih lan Ratu Kalinyamat, sarta lajêng tinakenan. Adhi Pamanahan, apa ana gawemu dene kowe bali mrene, Ki Pamanahan matur, bakyu, kula badhe ngaturi pratikêl dhatêng ing sampeyan, bab anggèn sampeyan mundhut pitulung dhumatêng Sultan Pajang, kala wau kula ningali abdi sampeyan èstri kêkalih, sami ayu warninipun. Punika benjing-enjing sami sampeyan paèsi, yèn Sultan Pajang dhatêng mriki sampeyan kèn linggih cakêt kobongan ngriki, mila makatên, watêkipun Sultan Pajang yèn aningali tiyang èstri ayu lajêng gadhah kakêndêlan, amêsthi lajêng sagah amêjahi dhatêng Arya Jipang, yèn tiyang èstri wau sampeyan paringakên. Amung punika ênggèn kula prêlu wangsul mriki, Ratu Kalinyamat mèsêm sarwi ngandika, bangêt panarimaku adhi, ênggonmu awèh pratikêl mêngkono iku, sarta bakal tak turuti. Ki Pamanahan sampun pamit mantuk dhatêng ing pasanggrahan. Ing enjingipun Sultan Pajang apirêmbagan kalihan Ki Panjawi [Pa...] [...njawi] lan Pamanahan. Sultan Pajang ngandika, kadospundi kang dados rêmbag dika prakawis pamundhute pitulung kakang bok ing Kalinyamat. Ki Pamanahan matur, ing pamanah kula prayogi dipun sagahi, sabab ingkang kawajiban têtulung amung sampeyan. Sampeyan măngsa kêkirangana budi, abdi sampeyan para bupati sapangandhap sami tinantun, sintên kang sagêd amêjahi Arya Jipang, sampeyan êbang kaganjar nagari tuwin rajabrana, mokal yèn botên wontêna kang sagah. Sultan sarêng mirêng ature Ki Pamanahan sakalangkung lêga galihipun. Lajêng ngandika, kakang mangke dalu sawêg sami wangsul.
BTJ 1.23.3
Kakang bok mêsakake, supados mantuna susahipun. Sarêng ing wanci dalu lajêng sami mangkat dhatêng ing rêdi Danaraja, sadhatêngipun ing ngriku Sultan Pajang kagèt aningali tiyang èstri ayu kêkalih, sami alênggah sakiwa têngêning kobongan. Sultan sangêt kagimir ing galihipun, lajêng nolih pitakèn dhatêng Ki Pamanahan. Kakang, tiyang ayu kalih punika bojone sintên. Dene rupine ayu têmên. Kula dèrèng nate tumon. Ki Pamanahan matur, pandugi kula kalangênanipun raka jêngandika ing Prawata suwargi, Sultan Pajang ngandika malih, upaminipun kula suwun, kakang bok punapa parêng, Ki Pamanahan matur, pangandikanipun bok ayu jêngandika rumiyin. sampun [sampu...] [...n] ingkang warni tiyang èstri, sanajan sanèsipun inggih parêng, yèn sampeyan sagêd anglêgani ing pamundhutipun. Ratu Kalinyamat nuntên andangu dhatêng Sultan Pajang, kêpriye adhi, têkamu mrene iku apa wis olèh pikir kang prayoga ing panjalukku wingi. Sultan Pajang matur, bakyu, sampeyan sampun kuwatos, ingkang eca kemawon galih sampeyan. Kula kang sagah mêjahi pun Arya Panangsang, nanging tiyang èstri kêkalih punika kula suwun, kang sami lênggah cakêt kobongan. Ratu Kalinyamat ngandika, adhi, aja sing wong wadon iku yèn ora dakwèhêna, sanajan nagara Kalinyamat lan ing Prawata utawa rajabranaku kabèh ya dak wènèhake, sok uga kowe anglêganana ing panjalukku, èstri kêkalih wau lajêng kaparingakên, êndikakakên sami lênggah ing ngarsanipun sultan. Inggih sampun sami majêng alênggah tumungkul. Mênggah èstri kêkalih punika sayêktosipun taksih gadhah laki, semahipun kajinêman ing Prawata. Sultan Pajang sarêng sampun tampi èstri kêkalih lajêng matur, bakyu, sampun sumêlang galih sampeyan. Pun Arya Jipang amêsthi pêjah dening kula. Ratu Kalinyamat ngandika, iya adhi, sapa kang dakandêlake kajabane kowe. Sultan Pajang sampun pamit kondur dhatêng pasanggrahan, sarta ambêkta èstri kêkalih. [kêka...] [...lih.] Wondene kajinêman ingkang gadhah bojo wau ing wanci dalu sami anyidra dhatêng Sultan Pajang, sarta ambêkta prikancanipun kajinêman tiga dados tiyang sakawan. Sultan pinuju sare, lajêng dipun suduki dhatêng kajinêman sakawan, nanging botên pasah, ing sawungunipun sultan, kajinêman sakawan sami angaturakên tobat. Sultan inggih aparing pangapuntên sarta sami kalilan mantuk, lan sampun anglilakakên bojonipun.