BTJ 1.24

Pati Arya Panangsang

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 93-104

BTJ 1.24.1

Ing enjingipun Sultan Pajang andhawahakên parentah dhatêng abdinipun sadaya, sintên ingkang purun amêngsah sarta sagêd amêjahi dhatêng Arya Jipang, Sultan badhe angganjar nagari ing Pathi lan ing Mataram. Nanging para bupati tuwin mantri botên wontên ingkang sagah, sabab sami ajrih dhatêng Arya Panangsang. Sultan Pajang nuntên dhawah angundhangakên dhatêng sawarninipun tiyang ing nagari tuwin tiyang dhusun. Sanajan tiyang pangarit, yèn sagêd amêjahi Arya Panangsang, amêsthi kaganjar nagari ing Pathi lan Mataram. Kacariyos Ki Panjawi lan Ki Pamanahan, tiga Ki Juru Martani, sakawan Radèn Ngabèi Loring Pasar, pinuju sami kalêmpakan wontên griyanipun Ki Pamanahan. Ki Juru pitakèn wartos. Ki Pamanahan sumaur, kala wau sang nata andhawahakên sayêmbara, sintên tiyang [ti...] [...yang] ingkang amêjahi Arya Panangsang, amêsthi dipun ganjar nagari ing Pathi lan Mataram. Nanging para bupati tuwin mantri sami ajrih sadaya, dados dèrèng wontên tiyang ingkang gadhah kasagahan. Ki Juru wicantên malih, rêmbag kula prayogi sampeyan sagah tiyang kêkalih lan Ki Panjawi, sabab nagari ing Pathi lan Mataram wau eman sangêt yèn ngantosa kenging ing tiyang sanès. Ki Pamanahan sumaur, ki ipe, gampil yèn tiyang tampi ganjaran mêkatên, balik ênggènipun mêjahi Arya Panangsang kadospundi. Ki Juru Martani wicantên malih, upami tiyang ngabên sawung, yèn botohipun sagêd, amêsthi sawungipun inggih mênang, makatên malih tiyang pêpêrangan, yèn dhasar sagêd anggènipun angreka senapatinipun, amêsthi pêrangipun inggih mênang, sarèhning kula sampun sumêrêp ing watêkipun Arya Panangsang, sangêt ing wantêripun sarta panasbaran. Pikajêngan kula, Arya Panangsang wau badhe kula kintuni sêrat panantang, kula purih dhatênga piyambak, sampun ambêkta bala, yèn sampun dhatêng lajêng kula karubut lan santana kula sadaya, amêsthi inggih pêjah, bilih sampeyan sampun marêngi ing pirêmbag kula punika benjing-enjing sumăngga sami sowan. Ki Pamanahan lan Ki Panjawi inggih sami miturut ing pirêmbag wau. Sarêng enjing tiyang sakawan lajêng samai sowan. Para bupati [bu...] [...pati] mantri inggih sampun pêpak sami sowan. Sultan andangu dhatêng para bupati, sapa kang sanggup amungsuh sarta amatèni marang Arya Panangsang, aturipun para bupati botên wontên ingkang sagah. Ki Pamanahan matur, kula kalihan pun adhi Panjawi ingkang sagah amêngsah prang lan pun Arya Jipang, panjênêngan dalêm aningalana saking katêbihan kemawon.

BTJ 1.24.2

Ingkang anadhahi pêrangipun kula piyambak lan santana kula, mila makatên, samangsanipun panjênêngan dalêm katingal dhatêng pun Arya Panangsang, amêsthi panjênêngan dalêm kemawon kang dipun têmpuh, botên angopèni ing tiyang kathah. Sultan Pajang sarêng mirêng sakalangkung suka sarwi ngandika, sokur kakang, dika piyambak ingkang sagah amêngsah pun Arya Jipang, nagari ing Pathi lan Mataram êmpun kaliya, lan reka dika kadipundi. Ki Pamanahan matur, benjing-enjing bala ing Pajang sadaya sami angrakita gêgaman. Nanging wontêna ing pasanggrahan kemawon. Kula lan sasantana kula piyambak ingkang lumampah prang. Sultan inggih anuruti ing aturipun Ki Pamanahan. Sarêng enjing Ki Pamanahan lan Panjawi, tiga Ki Juru Martani, sakawan Radèn Ngabèi Loring Pasar sarta sakulawangsanipun sadaya, watawis tiyang kalih atus. Lajêng sami mangkat dhatêng sakilèning banawi cakêt, sarta sampun sami angatos-atos. Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Ki Jurumartani, lajêng sami kesah tanpa bala, anjujug panggenan pangaritan, angupados pakathik ngarit. Nuntên wontên pakathik mêncil satunggal. Lajêng dipun pitakèni dhatêng Ki Pamanahan. Kowe iki pangarite sapa, ki pakathik sumaur, kula gamêlipun Adipati Jipang, ingkang angêritakên titihanipun anama Gagak Rimang, Ki Panjawi sarêng mirêng yèn punika gamêlipun Arya Panangsang, enggal dipun tubruk dhatêng Ki Panjawi, pakathik botên sagêd polah. Ki Pamanahan wicantên sarta mèsêm. Ki sanak, kula nêdha maklum dika, kuping dika niku kula jaluke sisih kemawon. Ki pakathik sumaur, ah puniku dede padu, kuping ajêng dika jaluk. Angur dika mundhuta kranjang sarta arit, pêsthi kula sukakakên. Ki Pamanahan wicantên malih, yèn dika botên awèh kula jaluk, ênggih bakal kula tuku, sapintên rêgane. Ki pakathik sumaur, sanajan dika tukua kula inggih botên awèh, kula botên melik yatra, lan saumur kula dèrèng nate wade kuping. Ki Pamanahan wicantên malih, angur êndi kowe tak tuwêk. Pakathik inggih lajêng nyumanggakakên kupingipun. Nuntên dipun paringi yatra gangsal wêlas reyal, kupingipun pinêrung sasisih, ingkang sasisih kinanthilan sêrat panantang, dipun kèn ngaturakên ing gustinipun. Ki pakathik [pa...] [...kathik] nuntên lumajêng mantuk dhatêng wetan banawi, sadhatêngipun ing pasanggrahan anêrak abdinipun Arya Panangsang kang sami sowan. Pêpatih ing Jipang anama Ki Mataun sakalangkung kagèt, aningali pakathikipun sang dipati agubras rah, kupingipun pinêrung sasisih sarta kakalung sêrat, lumajêng sumêja sowan ing gustinipun.

BTJ 1.24.3

Nuntên dipun kèn nyêpêng dhatêng Ki Mataun, badhe dipun pitakèni, ki pakathik budi, kêdah lumêbêt sowan ing gustinipun. Kala samantên Arya Panangsang pinuju dhahar, kagèt mirêng rame ing jawi, lajêng akèn nimbali Ki Mataun. Arya Panangsang ngandika, Mataun, apa kang dadi rame-rame ing jaba iku, Ki Mataun matur, bêndara, mugi sampeyan dumugèkakên ênggèn sampeyan dhahar, mangke kemawon kula matur, sabab wartos botên sae. Mila Ki Mataun matur makatên, sabab sumêrêp watêking gustinipun, yèn sangêt panasbaran sarta kêndêl. Samangsanipun sampun sumêrêp ing wartos wau botên wande nuntên mangkat atilar bala. Arya Jipang ngandika, Mataun enggal tutura marang aku aja anganggo wêdi, Ki Mataun inggih dèrèng purun, matur kèndêl kemawon. Nuntên pakathik wau ucul ênggènipun sami nyêpêngi, lumêbêb[3] sowan ing ngarsanipun sang adipati. Arya Jipang enggal andangu, iku wong apa dene awake gubras gêtih. Ki Mataun matur sarwi nêmbah, inggih punika ingkang dados gumêdêr ing jawi wau, gamêl sampeyan dipun pêrung kupingipun sasisih, sarta kinalungan sêrat. Sêrat lajêng pinundhut tinampèn ing asta kiwa, astanipun têngên taksih angêpêl sêkul. Sêrat winaos, ungêlipun, pèngêt, layang ingsun Kangjêng Sultan Pajang, tumêkaa marang Arya Panangsang, liring layang, yèn sira nyata wong lanang sarta kêndêl, payo prang ijèn, aja anggawa bala, nyabranga marang sakulon bêngawan saiki, sun êntèni ing kono. Arya Panangsang sasampuning maos sêrat sakalangkung dukanipun. Wadananipun dados rah, ambêngipun kabithi sarwi angêpêl sêkul. Panjang ambêng sigar dados kêkalih, Arya Panangsang enggal jumênêng angrasuk busananing prang, sarta akèn ngambili titihanipun anama Gagak Rimang, nuntên nitih titihan sarwi mandhi waos anama Dhandhang Mungsuh, Ki Mataun matur, bêndara, sampeyan kèndêla sakêdhap, angêntosana bala, mila makatên, sampeyan punika mêsthi badhe kenging ing gêlar utawi paekan. Arya Panangsang botên amirêngakên aturipun Ki Mataun, malah sangsaya sangêt dukanipun kados dipun unggar-unggar. Nuntên wontên saduluripun nèm Arya Panangsang anama Arya Mataram, enggal murugi sarta matur, kakang, sampeyan kèndêl rumiyin, [rumiyi...] [...n,] angêntosana bala. Arya Panangsang ngandika, wis mênênga, aja carèwèt, aku ora wêdi, wis jamake wong prang iku dikarubut ing akèh. Ingkang rayi taksih matur kathah-kathah. Arya Panangsang ngandika bêngis. Wis lungaa, aku ora ngajak kowe, sabab kowe sadulurku seje biyung, amêsthi ora kêndêl kaya aku, Arya Panangsang anyèmêthi kudanipun sampun nyandêr ijèn.

BTJ 1.24.4

Arya Mataram mantuk sangêt sakit manahipun. Ki Mataun nututi botên kacandhak. Sabab sampun sêpuh sarta gadhah sakit mêngi. Lampahipun Arya Panangsang sampun dumugi sawetaning bêngawan sore cakêt. Kacariyos wêwalêripun tiyang ingkang rumiyin-rumiyin, yèn tiyang ajêng-ajêngan badhe pêrang, sintên ingkang nyabrang bênawi punika amêsthi apês pêrangipun. Wondene Ki Pamanahan, kalih Ki Panjawi, tiga Ki Juru, sakawan Radèn Ngabèi, lan sabalanipun sadaya inggih sampun sami mirantos wontên sakilèn bênawi cakêt. Sampun sami aningali yèn Arya Panangsang dhatêng ijèn. Tiyang Sêsela sami suka ing manahipun. Arya Panangsang wicantên sêru, hèh wong Pajang, sapa kang awèh layang panantang marang aku, dikêbat nyabranga mangetan, aku karubutên ing akèh, lan wis dhêdhêmênaku yèn prang dikarubut ing akèh. Tiyang ing Sêsela sami sumaur, iya gustiku Sultan Pajang kang awèh layang nyang kowe, yèn kowe nyata kêndêl nyabranga mangulon dikêbat, dak kêmbari padha siji. Arya Panangsang mirêng sêsumbar makatên talinganipun kados sinuwèk. Sangêt ing nêpsunipun. Titihanipun enggal dipun gêbrag sarta cinamêthi, kagêbyurakên ing toya, kuda inggih lajêng anglangi, gigiripun botên têlês. Panglangining titihanipun Arya Panangsang sampun dumugi ing pinggir kilèn. Lajêng sami dipun sanjatani, tuwin binêngkolang dhatêng tiyang Sêsela, wontên kang nalorong waos, nanging botên kenging. Titihanipun Arya Panangsang nuntên cinamêthi malumpat saking toya, dumugi satêngahe barisipun tiyang Sêsela, kathah kang rêbah katunjang ing titihanipun Arya Panangsang, kapal lajêng anyepaki sarta ambrakot. Ingkang nitih inggih angamuk kalihan waos. Tiyang Sêsela kathah kang tatu tuwin pêjah. Arya Panangsang ngamuk sarwi wicantên. Si Karèbèt ana ngêndi, kang sanggup angêmbari prang karo aku, dene ora nana katon. Arya Panangsang dangune ngamuk tansah amungsêng ngupadosi ing Sultan Pajang kemawon. Arya Panangsang nuntên kinarubut ing kathah, dipun tumbaki saking kiwa têngên tuwin ngajêng wingking, Arya Panangsang sampun tatu lambungipun têngên, ususipun mêdal. Lajêng kasampirakên [kasampira...] [...kên] ing ukiraning dhuwung, sarta sangsaya riwut pangamukipun, botên nêja gêsang, tiyang ing Sêsela tuwin tiyang tamtana sangsaya kathah kang tatu tuwin pêjah, Radèn Ngabèi Loring Pasar enggal badhe amêthukakên pêrangipun Arya Panangsang anitih bêlo, bêbathilan surinipun, sarta amandhi waos nama Kyai Plèrèd. Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Ki Juru sami anjagèni ing wingkingipun, sampun ajêng-ajêngan lan Arya Panangsang. Kyai Juru enggal anguculakên kuda èstri, kudanipun Arya Panangsang sarêng aningali kuda èstri lajêng bigar thakur-thakur, mobat-mabit, nujah-nujah, titihanipun Radèn Ngabèi lajêng bandhang ngantos sapambalang têbihipun.

BTJ 1.24.5

Radèn Ngabèi mèh dhawah lajêng angrangkul guluning kapal. Sarêng kapal sampun kèndêl, Radèn Ngabèi enggal tumurun sarta anuntun kapal. Radèn Ngabèi andhawahakên prasapa, besuk ing saturunku, yèn pêrang, aja ana kang nunggang jaran bêbathilan. Sabab bakal anêniwasi. Kapal sampun kasukakakên ing rencangipun, Radèn Ngabèi umangsah dharat, sarta amandhi waos Kyai Plèrèd. Sampun ajêng-ajêngan lan Arya Panangsang. Arya Panangsang wicantên. Sapa jênêngmu wong nonoman amapagake pêrangku, angur mundura, eman mênawa mati, Si Pajang undangên kang sanggup prang ijèn karo aku, nanging titihanipun Arya [Ar...] [...ya] Panangsang wau taksih mobat-mabit sarta thakur-thakur dados botên kaur[4] [ka...] [...ur] mapanakên waosipun. Lajêng dipun waos dhatêng Radèn Ngabèi dhadha têrus ing gigir, kapalipun inggih sampun pêjah karampog, jisimipun lajêng dipun saèni dhatêng têtiyang ing Sela, Radèn Ngabèi waosipun pugut sabêras. Botên antawis dangu Ki Mataun dhatêng angamuk, tinadhahan karampog ing têtiyang kathah sampun pêjah, sirahipun kakêthok lajêng dipun panjêr sapinggiring lèpèn. Kala samantên sinangkalan 1471, anuntên bala ing Jipang dhatêng sagêgamanipun sakalangkung kathah, kandhêg sapinggiring lèpèn, sampun sami kamirêngan yèn gustinipun sarta Ki Mataun sampun pêjah, Radèn Ngabèi enggal ngandika sarta astanipun angawe saking pinggir kilèn bênawi, hèh wong Jipang yèn kowe durunga[5] sumurup, bêndaramu sarta pêpatihe wis padha mati, êndhase tak panjêr iki dêlêngên. Kang bakal korêbut apa, luwih bêcik padha nungkula bae marang aku, sabab kowe wong cilik. Amêsthi ora sumurup apa-apa, dene Ki Mataun patut yèn belaa mati, awit milu mukti ing bêndarane. Tiyang ing Jipang sadaya sarêng mirêng nuntên sami sumêja nungkul. Sampun sami ambongkoki gêgaman, lajêng sami anyabrang mangilèn, asowan ing Radèn Ngabèi, sampun kabêkta dhatêng ing pasanggrahan. Sarêng ing wanci dalu Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Ki Juru, sakawan Radèn Ngabèi, sami pirêmbagan bab ingkang amêjahi Arya Panangsang, Ki Juru wicantên dhatêng Ki Pamanahan. Kadospundi pamikir sampeyan. Sarèhning kang mêjahi Arya Panangsang Radèn Ngabèi, punapa badhe sampeyan aturakên ing sayêktosipun dhatêng kangjêng sultan. Ki Pamanahan amangsuli, ki ipe, tiyang dhasar punika ingkang mêjahi Arya Panangsang, kula inggih badhe matur ing sayêktosipun kemawon. Kyai Juru wicantên malih, ing pamanah kula prayogi sampeyan kang angangkênana mêjahi dhatêng Arya Panangsang, kalih Ki Panjawi, mila makatên, ing samangsanipun sampeyan aturakên Radèn Ngabèi kang mêjahi Arya Panangsang, botên wande badhe dipun ganjar busana kang adi-adi kemawon sapanunggilanipun. Mêsthi badhe botên kaganjar nagari, sabab Radèn Ngabèi punika taksih lare, amêsthi rêmên ing busana kang sae-sae, kaping kalihipun sampun kapundhut putra pambajêng ing kangjêng sultan. Amêsthi kangjêng sultan kenging angganjar ing sakarsa-karsanipun kemawon. Bilih sampeyan kang ngangkêni, sarta Ki Panjawi, inggih badhe siyos tampi ganjaran nagari ing Pathi lan Mataram. Ki Pamanahan lan Panjawi sarêng mirêng wicantênipun Ki Juru salangkung bingah manahipun, sarta amiturut. Utawi Radèn Ngabèi inggih sampun miturut ing pirêmbag wau sarta lajêng dipun umumakên dhatêng balanipun sadaya, yèn ingkang amêjahi Arya Panangsang Ki Pamanahan lan Ki Panjawi.