BTJ 1.25

Bebungah Pathi lan Mataram

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 104-112

BTJ 1.25.1

Ing enjingipun nuntên bidhal saking ngriku sumêja sowan ing Sultan Pajang sarta angirit tiyang Jipang kang sami têluk. Sadhatêngipun ing ngarsane Kangjêng sultan, enggal kadangu, Kakang Panjawi Pamanahan, napa dika padha oleh gawe, Ki Pamanahan matur, yèn Arya Panangsang sampun pêjah, amargi prang dipun but kalih, lan Ki Panjawi, sarta angaturakên tiyang Jipang kang sampun sami nungkul. Kangjêng sultan sakalangkung suka, lajêng andangu dhatêng Mantri ing Jipang, Mantri Jipang, Si Arya Panangsang biyèn duwe sadulur nom, jênênge Arya Mataram. Samêngko ana ngêndi. Mantri Jipang matur nêmbah, gusti, kalanipun Arya Panangsang badhe mangkat pêrang, Arya Mataram matur anggêgondhèli, ingkang raka kapurih angêntosana bala, nanging lajêng dipun dukani kathah-kathah dhatêng ingkang raka, Arya Mataram sakit manahipun lajêng kesah, kula botên sumêrêp ing purugipun. Kangjêng sultan ngandika malih dhatêng Ki Pamanahan. Kakang êmpun bangêt tarima kula marang dika lan marang si kakang Panjawi, mungguh ganjaran kula nagara ing Pathi lan Mataram, dika dum dhewe lan Ki Panjawi, sarèhning dika kang tuwa kula lilani yèn miliha dhingin, pundi kang dika sênêngi. Ki Pamanahan matur, sarèhning kula dados sêpuh pantês angawon. Kula milih kang taksih dados wana kemawon. Pun adhi Panjawi anampanana ing Pathi kang sampun dados nagari, sarta kathah tiyangipun. Kula ing Matawis ingkang taksih dados wana. Sultan ngandika malih, yèn êmpun padha narima ing sakarone, si kakang Panjawi tumuli mangkata marang ing Pathi saka ing ngriki kemawon. Nagara ing Pathi dèn tataa kang bêcik. Dene nagara Mataram besuk yèn kula êmpun mulih marang ing Pajang bakal kula wèhake marang si kakang Pamanahan. Lan malihe kakang Pamanahan, dika êmpun mulih barêng lan kula, dika mênyang ing Danaraja dhingin, angaturana uninga marang kakang bok, yèn Si Arya Panangsang êmpun mati dene dika lan Si kakang Panjawi, kakang bok kula aturi luwar anggènipun tapa, tumuli ngagêma sinjang, dika êmpun lawas-lawas, nuli dika mulih. Ki Pamanahan aturipun sandika, lajêng sami mangkat, kangjêng sultan kondur dhatêng Pajang, Ki Panjawi dhatêng ing Pathi, Ki Pamanahan dhatêng ing rêdi Danaraja. Lampahipun Ki Panjawi sampun dumugi ing Pathi, lajêng anama Kyai Agêng Pathi sarta sampun mukti, kala samantên kathahipun têtiyang ing Pathi salêksa.

BTJ 1.25.2

Dene lampahipun Ki Pamanahan inggih sampun dumugi ing rêdi Danaraja, lajêng matur dhatêng Ratu Kalinyamat, [Kalinyama...] [...t,] yèn Arya Panangsang sampun pêjah, amargi pêrang kalihan piyambakipun sarta Panjawi. Ratu Kalinyamat sarêng mirêng sakalangkung bingah manahipun, enggal angagêm sinjang sarta lajêng ngandika, sokur adhi yèn Si Jipang wis mati dening kowe, sarta kowe wis wajib dakngèngèri, ing mêngko nagara Kalinyamat lan ing Prawata tampanana. Ki Pamanahan matur, bakyu, kula sampun dipun ganjar nagari Matawis. Pun adhi Panjawi ing Pathi, dene nagari ing Kalinyamat lan Prawata inggih katura ing rayi sampeyan kangjêng sultan kemawon. Ratu Kalinyamat ngandika malih, adhi, yèn kaya mangkono, rajabranaku iki kabèh bae tampanana, gawenên mragadi ênggonmu bakal andandani nagara Mataram. Ki Pamanahan matur, rajabrana punika kula inggih botên ajêng, sadaya inggih prayogi katur ing kangjêng sultan, amung ingkang nama pusaka kemawon, kenginga kula suwun piyambak ing sampeyan. Ratu Kalinyamat ngandika sarta angulungakên. Ênya adhi, amung rupa ali-ali loro iki pusakaku, kang siji mirah, jênêng Si Mênjanganbang, kang siji intên, jênêng Si Uluk. Ki Pamanahan nampèni sarta matur nuwun. Ratu Kalinyamat ngandika malih, nanging wêkasku adhi, dirêmit ênggonmu angrawati pusaka iku, supaya yayi prabu aja sumurup. Ing samangsane kongsi kawuningan, [kawuninga...] [...n,] amêsthi bakal andadekake ing kaluputanamu, karo dene wong wadon iki tampanana kabèh, iku kabèh tilas sêsêngkêrane kakangmu swargi ing Kalinyamat lan Prawata, aku ngèngèhana kang tuwa-tuwa bae, supaya anaa kang angladèni aku. Ki Pamanahan aturipun sandika, lajêng pamit sarta ambêkta tiyang èstri tuwin, rajabrana, lampahipun Ki Pamanahan mampir ing Sêsela, anantun dhatêng para santananipun, kaajak gêgriya ing Matawis. Para santananipun ing Sêsela wau ingkang sami trêsna inggih lajêng sami tumut, kathahipun kalih bêlah atus. Ki Pamanahan sampun bidhal saking ing Sêsela, dumuginipun ing Pajang lajêng sowan ing kangjêng sultan, angaturakên ênggènipun kautus dhatêng ing rêdi Danaraja, sarta angaturakên rajabrana tuwin tiyang èstri kang saking Kangjêng Ratu ing Kalinyamat. Sultan Pajang ngandika, bangêt panarima kula kakang marang dika, olèh-olèh dika niku dika êpèk dhewe, kula botên ajêng, sabab kêkaya dika marang kula êmpun akèh, patine Si Arya Panangsang sarta sanagarane, amung wong wadon iku kemawon kula pilihane, mênawa ontên kang kula sênêngi bakal kula pundhut. Ki Pamanahan aturipun sakalangkung ing panuwunipun, sarta sawarninipun tiyang èstri wau inggih lajêng sami kasowanakên [kasowanakê...] [...n] ing ngarsanipun kangjêng sultan.

BTJ 1.25.3

Kangjêng sultan inggih nuntên amilih, amung satunggil ingkang dipun sênêngi, nanging taksih alit. Sultan ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Kakang, bocah wadon siji niku kemawon kula pundhut, nanging kula titipake marang dika, dika rêksa kang bêcik, besuk yèn êmpun birahi kula pundhut dika aturake marang kadhaton. Ki Pamanahan aturipun sandika. Kangjêng sultan ngandika malih dhatêng Ki Pamanahan. Kakang, dika mulih kemawon dhingin. Besuk yèn kula miyos sinewaka, tanah Mataram bakal kula paringake marang dika. Ki Pamanahan aturipun sandika inggih lajêng mantuk. Kacariyos sampun langkung saking antawis ing laminipun, kangjêng sultan ing sabên-sabên inggih miyos sinewaka, nanging botên ngandika bab tanah Matawis. Ki Pamanahan sangêt-sangêt ing pangajêng-ajêngipun anggènipun badhe tampi ganjaran tanah ing Matawis. Kyai Juru tansah pitutur akèn sabar, sabab botên wontên adatipun ratu cidra ing pangandikanipun, nanging Ki Pamanahan sampun isin aningali ing tiyang kathah sarta èngêt ing sakiting manahipun dhatêng kangjêng sultan, amargi dipun cidrani. Kala samantên Ki Pamanahan kesah saking nagari adhêdhêkah ing dhusun Kêmbang Lampir amêrtapa wontên ing ngriku, sarêng sampun antawis lami, anuntên Susunan [Su...] [...sunan] Kalijaga têdhak dhatêng Kêmbang Lampir, atêtuwi ing Ki Pamanahan. Ki Pamanahan enggal anyungkêmi ing sukunipun sang pandhita, sampun sami tata lênggah, sang pandhita ngandika, yagene sira têka dhêdhukuh ana ing kene, aninggal marang si thole ing Pajang. Ki Pamanahan matur, kilap punapa sampeyan, ing sadèrèngipun kula matur, amêsthi sampeyan sampun sumêrêp. Sang pandhita mèsêm sarwi ngandika, ingsun ya wis wêruh kang dadi karêpira, sira aja susah tutur, payo sira milua marang ingsun, ingsun sebakake marang si thole ing Pajang, sarèhning sira sadulur tunggal guru karo si thole ing Pajang, ingsun amêsthi patut angrukuna ênggone padha saduluran. Supaya aja ana kang bênggang ing karêp. Sang pandhita wau lajêng mangkat dhatêng Pajang, Ki Pamanahan inggih andhèrèk. Dumarojog dhatêng ing kadhaton, botên mawi larapan. Sultan pinuju lênggah, sarêng aningali sang pandhita dhatêng enggal amêthuk, sarta anyungkêmi sukunipun. Nuntên kabêkta lênggah, sang pandhita ngandika dhatêng kangjêng sultan. Thole sultan, yagene sira cidra ing jangjinira marang kakangira Pamanahan. Sira wis sanggup angganjar tanah Mataram timbangane ing Pathi, kakangira Ki Panjawi wis anampani ing Pathi, Ki Pamanahan durung anampani ing Mataram. Sultan Pajang matur, milanipun [milani...] [...pun] ing Matawis dèrèng kula sukakakên dhatêng kakang Pamanahan, dene taksih cêngkar bana, lan sakêdhik tiyangipun.

BTJ 1.25.4

Sêja kula pun kakang Pamanahan badhe kula sukani nagari sanèsipun, kula pilihakên kang sampun kathah tiyangipun, sarta kang rêja. Sang pandhita sampun sumêrêp ingkang dados pakèwêding galihipun Sultan Pajang, nanging botên purun amêlèhakên. Sang pandhita lajêng ngandika, yagene sultan, Ki Pamanahan badhe sira wèhi nagara liya, wong wis dadi jangjinira dhewe, yèn ing Pathi lan Mataram iku kang măngka ganjaran. Ing samangsane Ki Pamanahan sira wèhi nagara liyane ing Mataram. Dadi sira kêna diarani ratu cidra, ing saiki tumuli ing Mataram paringna marang Ki Pamanahan, supaya aja ana kang marêngut, tulusa ênggonira saduluran. Sultan Pajang dangu anggènipun botên amangsuli dhatêng sang pandhita akèndêl kemawon. Yèn sampuna ajrih ing guru, amêsthi ing Mataram botên siyos kaparingakên dhatêng Ki Pamanahan. Ing wêkasan alon matur, milanipun ing Matawis badhe botên kula sukakakên dhatêng kakang Pamanahan, kula mirêng wirayatipun Sunan Giri, yèn ing Matawis benjing badhe wontên ingkang jumênêng ratu agêng kados kula. Sang pandhita ngandika, yèn kang dadi pakewuhing atinira mangkono, iku gampang bae, kakangira Ki Pamanahan pundhutên prasêtyane, ingsun kang nêksèni, payo thole Pamanahan, sira prasêtyaa marang adhinira sultan. Ingsun kang nêksèni. Ki Pamanahan enggal matur prasêtya, sang pandhita, kula mugi sampeyan sêksèni, mênawi kula gadhah cipta badhe jumênêng ratu wontên ing Matawis, utawi sumêjaa angêndhih karaton ing Pajang, awak kula piyambak mugi sampun manggih wilujêng, wikana ingkang wingking-wingking, sintên ingkang sumêrêp ing karsaning Allah. Sang pandhita ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Wis cukup prasêtyamu iku, ingsun ya wis anêksèni. Wondene Sultan Pajang inggih sampun lêga galihipun, amirêng prasêtyanipun Ki Pamanahan. Nanging botên sumêrêp yèn punika ujar keras. Lajêng ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Dawêg kakang Pamanahan, ing Mataram dika tampani, nanging taksih dados alas. Ki Pamanahan inggih sampun anampèni sarta sangêt ing panuwunipun. Sang pandhita ngadika, thole Pamanahan, sira nuli ngaliha marang Mataram lan saanakbojonira, sarta ingsun dongakake tulusa ênggonira saduluran lan si thole sultan. Wis padha karia ingsun mulih, sang pandhita sampun mangkat. Ki Pamanahan inggih sampun mantuk dhatêng ing griyanipun, lajêng pradandosan. Kacariyos Ki Pamanahan sampun pêputra pitu, pambajêngipun anama Radèn Ngabèi Loring Pasar, kalih Radèn Jambu, tiga Radèn Santri, sakawan Radèn Tompe, gangsal Radèn Kadhawung, nênêm èstri krama angsal Tumênggung Mayang ing Pajang, pitu èstri krama angsal Arya Dhadhaptulis ing Pajang, putra èstri kêkalih wau sami tumut lakinipun, botên tumut dhatêng ing Matawis. Sarêng sampun anggènipun pradandosan, Ki Pamanahan lajêng sowan nyuwun pamit ing sang nata, lan sagarwaputranipun tuwin santananipun sadaya, sadhatênge ing ngarsanipun sultan. Ki Pamanahan anyuwun pamit sarta sêsalaman. kangjêng sultan ngandika, inggih kakang, mugi salamêta ingkang mangkat, ingkang kantun inggih salamêta,