BTJ 1.26

Boyongan Mataram lan Ki Ageng Giring

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 112-120

BTJ 1.26.1

Ki Juru inggih sampun jawab tangan kalihan sang nata, tuwin garwa putranipun Ki Pamanahan sarta santananipun sami angujung gêntos. Radèn Ngabèi Loring Pasar arêrangkulan kalihan putranipun pambajêng kangjêng sultan kang nama Pangeran Banawa, kalih-kalihipun sami ambrêbês mili. Ki Pamanahan lan sagarwaputranipun tuwina[6] santananipun sadaya sampun mangkat saking Pajang, asêlur rêmbatan tuwin gotongan. Sadandosanipun tiyang gêgriya botên kantun. Lampahipun sakalangkung rêmbênipun. Kala samantên sampun dumugi ing Taji, lajêng sami kèndêl alênggah sangandhaping waringin. Kacariyos Ki Agêng ing Karanglo, sampun sumêrêp yèn Ki Pamanahan boyong dhatêng ing Matawis. Ki Agêng Karanglo sumêja asêsêgah sêkul sarta pêcêl pitik jangan mênir, Ki Agêng Karanglo lan garwanipun sampun dumugi ing Taji, lajêng sêsalaman sarta matur dhatêng Ki Pamanahan. Kula angaturi sêsêgah sêkul, sarta pêcêl pitik jangan mênir, supados dadosa jêjampining lêsu. Ki Pamanahan mangsuli, inggih kisanak, sangêt ing panarima kula ing sih jêngandika, Ki Pamanahan lan sagarwaputranipun lajêng sami dhahar, waradin lan sabrayatipun sadaya, sami tuwuk. Ki Pamanahan angandika, bangêt panarima kula adhi, ênggèn kula nêdha lan sabrayat kula sadaya sami eca sarta tuwuk, dados kula rumaos kapotangan dhatêng dika, pintên banggi ing benjing yèn kula sagêd malês. Ki Agêng Karanglo matur nuhun. Ki Pamanahan nuntên mangkat saking ngriku, Ki Agêng Karanglo inggih andhèrèk, sumêja ngatêrakên dumugi ing Matawis. Ing samargi-margi tansah ênggènipun minta sih, supados ing têmbe wingking sagêda tumut mukti. Kala samantên lampahipun sampun dumugi ing lèpèn Ompak.[7] Susunan Kalijaga pinuju siram, wontên ing ngriku, Ki Pamanahan lan Karanglo enggal sami amurugi dhatêng sang pandhita, Ki Pamanahan angosoki [ango...] [...soki] sukunipun sang pandhita kang têngên. Ki Karanglo suku kang kiwa. Sang pandhita alon ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Wêruhanamu ing besuk turune Ki Karanglo iki bakal milu mukti ing turunmu, nanging ora wênang kasêbut mas utawa radèn. Lan ora wênang nunggang jêmpana utawi tandhu, wis padha bacuta lakumu. Ki Pamanahan sarta Ki Agêng Karanglo inggih lajêng mangkat, sampun dumugi ing Matawis, lajêng atata pemahan wontên ing ngriku, kala samantên sinêngkalan 1532.

BTJ 1.26.2

Kacariyos ing Matawis, punika sitinipun radin, sarta kathah toya, kathah wowohan, pala gumantung, pala kapêndhêm, pala kasimpar, tulus kang sarwa tinandur. Kalangênan ing toya lan ing dharat inggih kathah, sawarnining sumbêr toyanipun sakalangkung bêning, tiyang gêgramèn inggih kathah, wontên ingkang lajêng agêgriya ing ngriku, Ki Pamanahan sampun angalih nama Ki Agêng Matawis, sarta sampun mukti sakulawangsanipun sadaya, nanging Ki Agêng Matawis wau tansah ambantêr ing tapanipun, sabab sumêrêp ing wirayatipun Sunan Giri, yèn ing Mataram benjing badhe wontên kang jumênêng ratu agêng angrèh ing tanah Jawi sadaya, ciptanipun Ki Agêng Matawis yèn sayêktos wirayat wau sampun liya saking turunipun. Milanipun Ki Agêng wau botên pêgat [pê...] [...gat] ênggènipun tapa utawi tirakat dhatêng ing wana sarta ing rêdi. Kala samantên Ki Pamanahan kesah tirakat ijèn, sarta sumêja anuwèni sadhèrèkanipun[8] ing tanah rêdi Kidul anama Kyai Agêng Giring utawi Ki Agêng Paderesan. Anggènipun sadherekan kalihan Ki Agêng Matawis sakalangkung sae, sampun kados sadulur tunggil rama ibu. Kacariyos Ki Agêng Giring wau inggih sangêt anggènipun tapa, pandamêlanipun andèrès. Ing wanci enjing Ki Agêng anginggahi paderesanipun. Ing ngriku wontên tirisan satunggil, cakêt lan kang sawêk dipun inggahi Ki Agêng, tirisan wau salaminipun dèrèng nate awoh, ing dintên punika wontên wohipun satunggil, dawêgan. Ki Agêng sawêg atrap bumbung wontên ing nginggil tirisan. Anuntên mirêng swara, prênahipun ing swara wontên ing dawêgan satunggil wau, ujaring swara, Ki Agêng Giring, wruhanamu, sapa kang ngombe banyu dêgan iki, yèn kongsi êntèk, iku saturun-turune bakal dadi ratu gêdhe, amêngku ing tanah Jawa kabèh. Ki Agêng Giring sarêng mirêng swara makatên, enggal mudhun saking anggènipun andèrès. Wontên ngandhap sampun sèlèh bonjor, lajêng amènèk dawêgan satunggil wau, sampun kapêndhêt binêkta mudhun. Dene deresanipun botên dipun manah, namung dawêgan [da...] [...wêgan] kang pinêlêng binêkta mantuk. Sadhatêngipun ing griya lajêng dipun parasi, nanging botên lajêng dipun unjuk. Mila makatên pamanahipun Ki Agêng, sarèhning taksih enjing dados kakintên botên têlas yèn dipun unjuka, sabab dèrèng ngêlak. Karsanipun Ki Agêng badhe babad dhatêng wana rumiyin adamêl ngêlak.

BTJ 1.26.3

Dawêgan lajêng kasinggahakên ing paga sanginggiling pawon. Ing sadintên punika Ki Agêng botên angopèni padamêlanipun anggodhog lêgèn adamêl gêndhis. Amung manah dawêgan kemawon. Ki Agêng Giring nuntên kesah dhatêng ing wana sumêja babad. Ing sapêngkêripun Ki Agêng Giring Ki Agêng ing Matawis dhatêng wontên ing ngriku, sarta pitaken dhatêng semahipun Ki Agêng Giring, bakyu, wakane dhatêng pundi, dene botên wontên kêtingal. Nyai Giring sumaur, raka dika kesah dhatêng wana ucal kajêng. Ki Agêng Matawis lajêng lumêbêt ing pawon, sumêja ngunjuk kilang, sarêng aningali ing pawon sêpên. Botên wontên kilang utawi lêgèn, amung dawêgan satunggil ingkang wontên tumumpang ing paga, enggal kapêndhêt dhatêng Ki Agêng Matawis, kabêkta lumêbêt ing griya, lênggah ing ambèn, sarta ambolong dawêgan. Sumêja dipun unjuk toyanipun, sarta wicantên dhatêng Nyai Giring, bakyu, punapaa dene botên anggodhog lêgèn. Kula dhatêng [dha...] [...têng] pawon ajêng ngombe, ngupados lêgèn botên angsal. Nyai Giring sumaur, inggih amung sadintên punika towong, karsane raka aso, Nyai Giring kagèt aningali dawêgan badhe dipun unjuk dhatêng Ki Agêng Matawis, enggal wicantên. Adhi, dawêgan niku êmpun dika unjuk, wêlinge raka dika wantos-wantos, yèn siyos dika unjuk, amêsthi kula digitiki marang raka dika, Ki Agêng Matawis sumhur, bakyu, êmpun maras ati dika, dika sanjang yèn kula kang mêksa, sabab ngêlak kula sangêt, pinujunipun wontên dawêgan ing pawon, botên susah mènèk piyambak. Ki Agêng lajêng ngunjuk dawêgan, têlas sami sakal. Botên kantun sacêrêt-cêrêta, sakalangkung nikmat raosipun. Botên antawis dangu Ki Agêng Giring dhatêng sarta angrêmbat kajêng, anjujug ing pawon. Kajêng sampun kasèlèhakên. Karsanipun Ki Agêng Giring badhe lajêng ngunjuk dawêgan. Sarêng dipun tingali ing paga dawêgan botên wontên, Ki Agêng enggal lumêbêt ing griya amanggihi Ki Agêng Matawis, sarta pitakèn dhatêng semahipun. Wong wadon, dawêganaku kang takdokok ing paga mau ana ing ngêndi, semahipun amangsuli, rayi dika niku kang mêndhêt, kula pênging botên kenging, wicantêne saking ngêlake, lajêng dipun unjuk. Kyai [Kya...] [...i] Agêng Matawis sumambung, inggih sayêktos kula kakang, kang ngombe dawêgan. Tiyang sangêt ênggèn kula ngêlak. Sampeyan dukani inggih sumăngga. Ki Agêng Giring sarêng mirêng wicantênipun Ki Pamanahan, sangêt ênggènipun gêtun, dangu ênggènipun kèndêl. Bawaning tiyang sampun linuwih, dados sumêrêp ing takdir, yèn sampun pinêsthi karsa Allah, Ki Agêng Matawis badhe anurunakên ratu kang mêngku ing tanah Jawi.

BTJ 1.26.4

Ki Agêng Giring lajêng ambêlakakakên swara kang saking dawêgan sarta agadhah panêdha dhatêng Ki Agêng Matawis. Adhi, panêdha kula mêkatên kemawon. Sarèhning dawêgan sampun dika ombe, angsal kula anjaluk kadospundi, amung turun kula kemawon benjing kenginga gêgêntosan lan turun dika, turun dika sapisan, nuntên kagêntosan turun kula. Ki Pamanahan botên suka, panêdhanipun Ki Agêng Giring makatên wau ngantos ping nêm. Ki Agêng Matawis inggih botên suka, nuntên nêdha gêntos turun kaping pitu. Ki Agêng Matawis sumaur, adhi Allahu alam, sok sukaa ing wingking, kula botên nguningani. Ki Agêng Matawis lajêng pamit mantuk dhatêng ing Matawis. Sarêng sampun antawis lami putranipun Ki Agêng Matawis kang nama Radèn Ngabèi Loring Pasar angrêmêni tiyang èstri sêsêngkêranipun Sultan Pajang kang saking Kalinyamat. Ingkang dipun titipakên dhatêng Ki Agêng Matawis. Dhawahipun [Dhawah...] [...ipun] sultan, lare èstri wau samangsanipun sampun birai andikakakên ngaturakên dhatêng kangjêng sultan. Măngka ing mangke sampun birai, nanging lajêng dipun rêmêni dhatêng Radèn Ngabèi, mila Ki Agêng Matawis sangêt ênggènipun prihatos. Botên wande angsal dukanipun kangjêng sultan. Kala samantên Ki Agêng Matawis mangkat dhatêng Pajang sumêja ngaturakên ing kalêpatanipun. Radèn Ngabèi inggih binêkta, sadhatêngipun ing Pajang lajêng sowan lumêbêt ing kadhaton, sampun sêsalaman kalihan kangjêng sultan. Ki Agêng Mataram matur, sowan kula punika, kula angaturakên pêjah gêsangipun putra sampeyan Radèn Ngabèi Loring Pasar, amargi agêng kalêpatanipun ing panjênêngan sampeyan. Sultan Pajang mirêng aturipun Ki Pamanahan sakalangkung kagèt, sarta ngandika, kakang, Si Ngabèi dosanipun punapa, dene dika aturake pati uripe, wong êmpun kula pèk anak pambarêp. Dika êmpun botên milu anguwasani marang Si Ngabèi, Ki Agêng Matawis matur malih, milanipun pun Ngabèi kula aturakên makatên, sabab angrumiyini karsa sampeyan, akaronsih kalihan lare èstri ingkang kagadhuhakên dhatêng kula kang saking Kalinyamat rumiyin. Inggih saking tiwasipun anggèn kula rumêksa. kangjêng sultan nuntên ngandêka,[9] kakang, yèn kaluputane Si Ngabèi mêngkotên [mêngko...] [...tên] mawon, kula ênggih êmpun ngapura, sarta banjur dika ningkahake, kula êmpun lila, nanging wêkas kula, bocah wadon wau yèn besuk êmpun botên kanggo êmpun disiya-siya, kalih dene dika kula tutuh ênggon dika momong marang Si Ngabèi kurang ati-ati, bênêre bocah êmpun diwasa mêngkotên rak dika rabèkake, utawa dika wèhi sêlir, supaya êmpun kongsi nêrak kaluputan. Ki Agêng Matawis sakalangkung ênggènipun ngrêrêpa, angraos yèn kadukan ing batos. Sarêng kangjêng sultan sampun kendêl ênggènipun ngandika, Ki Agêng Matawis sarta Radèn Ngabèi nuntên pamit mantuk dhatêng ing Matawis. Sadhatêngipun ing Matawis Radèn Ngabèi inggih lajêng kêpanggih kalihan lare èstri wau, ing lami-lami sampun apêputra jalêr satunggil abagus warninipun, kanamanan Radèn Răngga, ingkang rama ibu sakalangkung asih.