BTJ 1.27
Pamanahan, Giri, lan Warisan Mataram
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 120-125
BTJ 1.27.1
Kacariyos Sultan Pajang bidhal dhatêng ing Giri lan sabalanipun sadaya, Ki Agêng Matawis inggih andhèrèk. Sumêja nyuwun idi anggènipun jumênêng sultan dhatêng Sunan Parapèn. Kala samantên para bupati ing bang wetan sami pêpak wontên ing ngriku sadaya, ing Japan, Wirasaba, Kadhiri, Surabaya, Pasuruan, ing Madura, Sadayu, Lasêm, Tuban, ing Pathi, sarta sami damêl pasanggrahan wontên ing ngriku. Ing satunggil dintên Sunan Parapèn miyos siniwaka, Sultan Pajang sarta para dipati sami lênggah jèjèr, balanipun sami linggih ing wingkinge gustine piyambak-piyambak. Sultan Pajang nuntên katimbalan lênggah cakêt lan sang pandhita, sarta kamupakatakên anggènipun jumênêng sultan amêngku nagari ing Pajang ajêjuluk Sultan Prabu Awijaya,[10] utawi sang pandhita inggih sampun angidèni, kala samantên sinêngkalan 1503. Anuntên pêpundhutan dhahar mêdal, lumintu saking kadhaton. Sunan Parapèn lan Sultan Pajang sarta para bupati sami dhahar, sang pandhita ngandika, anak ingsun para bupati kabèh, diatut ênggonira padha saduluran, aja ana kang sulaya ing budi, dipadha ati raharja, sokura ing Allah ing salungguhe dhewe-dhewe, kang tinitah dadi gêdhe, lan kang tinitah dadi cilik. Iku wis pêsthine dhewe-dhewe, ingsun têdha ing Allah, anak putuningsun kabèh padha salamêta ing donya ngakherat. Para bupati sadaya asaur pêksi. Para bupati sarêng sampun anggènipun sami dhahar, nuntên kalorodakên dhatêng para abdi, para abdi inggih lajêng sami nêdha, Sunan Giri sangêt anggènipun mandêng dhatêng Ki Agêng Matawis, sabab Sunan Giri wau sumêrêp ing sadèrènge winarah, nuntên andangu dhatêng Sultan [Sulta...] [...n] Pajang, thole, baturmu kang mangan ngèrèni iku jênênge sapa, Sultan Pajang matur, punika rencang kula patinggi ing Matawis, ingkang dipun rèh siti wolung atus karya, raja pandhita ngandika malih, timbalana maju, konên linggih jèjèr lan para dipati. Ki Agêng Matawis inggih sampun majêng, raja pandhita ngandika dhatêng para bupati, anak ingsun para dipati kabèh, wruhanamu turune Ki Agêng Matawis iku besuk bakal angrèh wong satanah Jawa kabèh, sanajan ing Giri kene besuk iya ngidhêp marang ing Mataram. Ki Agêng ing Matawis sarêng mirêng pangandikanipun sang pandhita lajêng sujud ing siti, sakalangkung nuhun dhatêng sang pandhita, nuntên angaturi dhuwung satunggil ing sang pandhita, nanging botên tinampèn.
BTJ 1.27.2
Para dipati sami rêsêp aningali dhatêng Ki Agêng Matawis. Raja pandhita lajêng parentah adamêl têlaga dhatêng para dipati, balanipun para Bupati inggih enggal tumandang dhudhuk-dhudhuk. Têlaga sampun dados, sakalangkung sae, sarta kanamanan têlaga Patut dhatêng sang pandhita. Sultan Pajang sarta para Bupati sampun sami kalilan mantuk dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Tuwin Ki Agêng Matawis inggih sampun mantuk dhatêng ing Matawis. Sultan Pajang sarawuhe nagarinipun lajêng ngandika wêwartos dhatêng putra tuwin balanipun sadaya punapa ing sawirayatipun [sawiraya...] [...tipun] Sunan Giri, para bupati, mantri sarêng sami mirêng wirayat makatên sakalangkung kagèt. Putranipun sultan kang nama Pangeran Banawa matur, rama prabu, mênawi wirayatipun Sunan Giri sayêktos, ing Mataram punika kula upamèkakên latu sapêlik. Prayogi tumuntên kasiram ing toya, supados sampun ngantos ngămbra-ămbra, yèn panjênêngan dalêm parêng, ing Mataram badhe kula risak saking pêrang, para bupati gumarumung sami ambiyantoni ing aturipun Pangeran Banawa. Sultan Pajang alon ngandika, kulup, aturira iku iya bênêr, găndra pira ing Mataram, sira gêcaka ya amêsthi bêdhah, nanging pêpêsthèning Allah iku ora kêna yèn dipikira ing manungsa, lan ingsun wêdi ing wêwalêre Sunan Giri, sapa kang miwiti amêsthi bakal ora salamêt. Pangeran Banawa sarta para punggawa sami mênggah manahipun. Kacariyos Ki Agêng Matawis pinuju lênggah ingadhêp para putra tuwin kulawangsanipun sadaya, Ki Agêng Matawis ngandika, anakku lan sanak-sanakku kabèh, sarèhning aku dicêtha marang Sunan Giri, yèn turunku ing besuk bakal amêngku ing tanah Jawa, iku wêkasku, yèn ing besuk kowe anglurug marang bang wetan, anuruta ing dina kalane aku andhèrèkmarang sultan seba marang ing Giri, ing dina Jumungah Paing sasi Mukaram, poma padha wuri-wurinên. Dene yèn dilurugi, ênggonmu mapagake pêrang aja kongsi angliwati gunung Kêndhêng, sabab bakal apês pêrangmu, lan maninge turun-turunku besuk yèn agawe bupati, aja liya turune wong Mataram iki kabèh, sabab iku padha milu lara, yèn turune besuk duwe dosa mati, laranana bae, yèn dosa lara apuranên. Akathah-kathah wêwêlingipun Ki Agêng wau dhatêng ingkang para putra tuwin santana.
BTJ 1.27.3
Kala samantên nagari Matawis sampun gêmah raharja, mirah sandhang sarta pangan. Anuntên Ki Agêng Matawis gêrah sangêt, amêmêling dhatêng Ki Juru Martani, ki ipe, sarèhning kula bakal tinêkakake ing jangji, măngsa bodhoa ênggon dika momong marang anak-anak kula kabèh, dene kang kula lilani anggêntèni ing kula, Si Ngabèi Loring Pasar, Ki Agêng ngandika dhatêng kang para putra, anak-anakku kabèh, kowe padha mituruta marang pamanmu Ki Juru Martani, Ki Agêng tumuntên seda, layon sampun binêrsihan kasarèkakên sakilèning masjid, sinêngkalan 1535. Ing sanèsing dintên Kyai Juru Martani mangkat dhatêng Pajang sarta putranipun Ki Agêng Matawis sadaya, sumêja ngaturi uninga ing kangjêng sultan. Lampahipun sampun dumugi ing Pajang, Sultan pinuju miyos sinewaka, Kyai [Kya...] [...i] Juru sarta kapenakanipun lajêng sami pepe sakiduling waringin kurung, sarêng katingalan ing kangjêng sultan, enggal kapariksa sarta sami tinimbalan. Sampun sami sowan wontên ing ngarsa dalêm. Kyai Juru tumuntên matur, angaturi uninga yèn patinggi ing Mataram pêjah, sarta angaturakên têtilaranipun anak jalêr gangsal, pundi ingkang kakarsakakên anggêntosi, kangjêng sultan sarêng mirêng yèn patinggi Mataram pêjah, sakalangkung ngungun, lajêng ngandika, kakang Juru Martani, kang ingsun gêntèkake ana ing Mataram, anak ingsun Si Ngabèi Loring Pasar, sarta ingsun paringi jênêng Senapati ing Ngalaga, Sayidin Panatagama, lan maninge kakang Juru Martani, sira kang sun pasrahi momong marang putraningsun Senapati, ing dalêm sataun iki ora ingsun lilani seba marang Pajang, anataa nagarane sarta angrasakna mukti ana ing Mataram. Yèn wis sataun tumuli sebaa aja kongsi kasèp. Kyai Juru sarta Senapati aturipun sandika, sarta sami ngujung ing kangjêng sultan. Tumuntên nyuwun pamitipun[11] dhatêng ing Mataram. Ing Mataram sangsaya wêwah-wêwah tiyangipun, sarta sakalangkung rêjanipun. Senapati Ngalaga sampun amukti, lajêng parentah anyithak banon dhatêng tiyang ing Mataram, badhe sumêja kadamêl kitha.