BTJ 1.28

Senapati Ora Sowan Pajang

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 125-131

BTJ 1.28.1

Kala samantên sampun kêlangkung sataun, Senapati dèrèng sowan dhatêng Pajang, Kyai Juru inggih tansah angatag sowan. Wangsulanipun Senapati, benjing mênawi Sultan utusan nimbali kemawon kula sowan. Kacariyos Sultan Pajang miyos sinewaka, pinarak ing dhampar mas tinatrapan ing sêsotya, sangandhaping dhampar linemekan babut, sinêbaran sêkar, para bupati, mantri, răngga, dêmang sampun pêpak sowan sadaya, cahyanipun kajêng[12] sultan kados wulan purnama, kangjêng sultan alon andangu dhatêng para abdi kang sami sowan. Bocah ingsun kabèh, apa sira padha ngrungu wartane putraningsun Senapati, dene wis kêliwat sataun ora nana sowan marang Pajang, apa awit sumurup wirayate Sunan Giri ênggone ora gêlêm seba marang ingsun. Ing samêngko wirayate Sunan Giri mèh anêtêpi, yèn upamia kêmbang misih kudhup, ing saiki mangsane mêkar, Sultan Pajang sampun kacariyos yèn ratu digdaya sêkti linuwih sugih bala, botên wangwang yèn sumêja angrisak ing Matawis, nanging kados wontên kang mambêngi ing karsanipun. Para Bupati sami matur, kawula inggih amirêng pawartos. Putra dalêm Senapati Ngalaga badhe mirong, sampun akèn nyithak banon badhe adamêl kitha. Sultan Pajang nuntên ngandika dhatêng Ngabèi Wuragil lan Ngabèi Wilamarta, [Wilamar...] [...ta,] sira wong loro mênyanga ing Mataram, waspadakna pratingkahe Senapati. Ki Wuragil lan Wilamarta aturipun sandika, lajêng mangkat sami numpak kapal. Lampahipun sampun dumugi ing Matawis. Senapati botên pinanggih ing dalêmipun, amêng-amêng dhatêng ing Lipura sarta numpak kapal. Utusan kêkalih anjujul. Dumuginipun ing Lipura sampun aningali dhatêng Senapati pinuju têtêgar, Ki Wuragil wicantên dhatêng Ki Wilamarta, dawêk sami mudhun, lajêng sami andhawahakên timbalane kangjêng sultan. Ki Wilamarta sumaur, yèn dika mudhuna saking kapal rumiyin, dados botên angluhurakên kang angutus. Sabab utusan wau kalane andhawahakên pangandika, inggih prasasat kang angutus. Măngka kang dèn dhawahi taksih numpak kapal, dados dika angêsorakên Panjênêngane kangjêng sultan, dika kêna dèn arani utusan nistha, kalih dene pandugi kula Senapati puniku sampun sumêrêp, yèn dika lan kula diutus ing kangjêng sultan, dhasar anjarag botên purun mudhun. Ki Wuragil wicantên malih, makatên punika dèrèng kantênan, pamanah kula ing samangsane dika sanjang yèn kautus ing kangjêng sultan, amêsthi enggal mudhun. Tiyang kêkalih wau lajêng sami mudhun saking kapal, sarta amurugi dhatêng Senapati,

BTJ 1.28.2

Senapati enggal pitakèn sarta numpak [numpa...] [...k] kapal. Ki Wuragil lan Wilamarta, pênapa dika diutus ing sultan. Ki Wilamarta wicantên dhatêng Ki Wuragil. Lah botên linyok ujar kula, Senapati dhasar anjarag botên purun mudhun, dika lan kula puniki sampun têtêp utusan nistha, Ki Wuragil enggal sumaur dhatêng Senapati, inggih tiyang kêkalih puniki sami dipun utus ing kangjêng sultan. Sampeyan kadhawahan mantuni ênggèn sampeyan asring suka-suka sarta mangan nginum, lan acukura rambut sarta nuntên sebaa dhatêng Pajang. Senapati sumaur taksih manggung wontên sanginggiling kapal. Dika matura ing kangjêng sultan. Kula andikakake marèni mangan nginum, kula taksih doyan. Kula kapurih cukur rambut, wong rambut thukul piyambak kadospundi anggèn kula ngulapi, kula kadhawahan sowan inggih purun. Yèn sultan sampun mantuni anggènipun ngalap dho garwa sarta amantuni anggènipun asring mundhut bojo tuwin anake wadon para abdinipun, amung makatên kemawon wangsulan kula. Utusan kêkalih lajêng pamit mantuk. Sampun dumugi ing Pajang, nanging sami adamêl dora sêmbada, aturipun ing kangjêng sultan. Kula kautus animbali putra dalêm Senapati, aturipun inggih sandika, nanging kula dipun kèn mantuk rumiyin, putra dalêm badhe tumuntên nusul. Kangjêng sultan inggih lajêng kèndêl, [kè...] [...ndêl,] botên karsa andangu kathah-kathah. Kacariyos Senapati pinuju lênggah wontên ing dalêmipun kalihan Ki Jurumartani, Kyai Juru wicantên. Thole, kapriye karêpmu, kowe tinimbalan ing ramakmu sultan têka ora gêlêm seba, kangjêng sultan amêsthi duka, ora wurung kowe bakal mêmungsuhan lan kangjêng sultan. Yèn kowe mêmungsuhana kang koandêlake apa, balamu mung sathithik. Măngsa wania kodu lan bala Pajang, sanajan waniya bakal mêsthi tumpês. Karodene Sultan Pajang iku wis misuwur yèn ratu angluwihi digdaya, kinèringan marang para ratu liya nagara, dhèk biyèn dicidra ing maling, sultan pinuju sare amujung kampuh, maling banjur anyuduki, pangrasane kangjêng sultan kaya diencoki lalêr, kêmule bae ora pasah, iku kowe sumurupa ing katêguhane kangjêng sultan.

BTJ 1.28.3

Karo dene yèn kowe mungsuha karo sultan kang koandêlake apa, yèn kowe ngêndêlna kasêktènmu, ênggonmu angambah banyu ora têlês, malêbu gêni ora kobong, utawa digdaya katêguhanamu, pintêrmu mêngkono iku kabèh ya têka pamuruke kangjêng sultan. Sabab kowe pinundhut putra pambarêp cilik mula, sarta bangêt sihe, wis kaya putrane dhewe, barêng kowe wis diwasa banjur diwuruk sakèhing ngèlmu sarta kasaktèn [kasa...] [...ktèn] lan katêguhan, lan banjur dimuktèkake ana ing Mataram. Samono iku kang kowalêsake bae apa marang ing sihe kangjêng sultan, dadi kaluputamu iku têlung prakara, kang dhingin mungsuh gusti, ping pindho mungsuh bapa, kaping têlu mungsuh guru, iba guyune wong kang padha sêngit. Cêlathune mêngkene, Senapati iku ênggone wani prang wong mungsuh bapakne dhewe, yèn mungsuh karo wong liyane wêdi. Lan aku iki bangêt isinku andêlêng marang wong Pajang, sabab kêna diarani wong ora wêruh ing kabêcikan. Angur kowe mungsuha karo wong nagara liya, angluwihi ing Pajang gêdhene, aku ora wêdi. Akathah-kathah panêtahipun Kyai Juru wau. Senapati Ngalaga sarêng mirêng anangis salêbêting manahipun, rumaos yèn kalêpatan, angrêrêpa sarwi alon matur, paman, kadospundi pratikêl sampeyan. Sarèhning kula sampun katrucut wicantên botên purun sowan dhatêng kangjêng sultan. Supados sampun ngantos dados dukanipun kangjêng sultan. Têtêpa anggèn kula wontên ing Matawis, sarta kula sagêda amêngku tiyang ing tanah Jawi sadaya, tumuruna ing anak putu kula. Kyai Juru angandika, yèn kang dadi kêkarêpanamu kaya mêngkono, bêcik suwunên ing Allah bae dèn mantêp. Kang supaya yèn kangjêng sultan wis seda kowe bisaa anggêntèni karatone, lan kowe aja pisan yèn duwea cipta bakal mungsuh ing kangjêng sultan, malah ing batin mung nêja amalês ing kabêcikane kangjêng sultan marang ing kowe, ênggonmu dipundhut putra lan ênggonmu dimuktèkake, sarta ênggone mulang akèh-akèh marang kowe, ing samangsane bangêt panyuwunmu marang Allah kaya mêngkono, amêsthi kangjêng sultan ya isih bangêt sihe ing batin marang kowe, sarta ing batin ya bakal lila karatone kogêntèni. Senapati Ngalaga sakalangkung panuwunipun, sarta amiturut ing wulangipun ingkang paman. Kyai Juru Martani lajêng mantuk dhatêng griyanipun. Senapati Ngalaga wau rintên dalu inggih botên pêgat panyuwunipun ing Allah.