BTJ 1.29
Pratandha Karaton Mataram
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 131-137
BTJ 1.29.1
Kala samantên para mantri pamajêgan ing tanah Kêdhu tuwin Pagêlèn sami sumêja lumêbêt sowan dhatêng Pajang, badhe sami angaturakên bulu bêktinipun, lampahipun sami langkung ing Mataram. Wontên ing ngriku sami dipun êndhêg dhatêng Senapati, sinungga sarta binoja krami, sarta sami dipun jak kasukan mangan nginum, lan sami dipun anggêp sadulur tuwin wong atuwa dhatêng Senapati, para mantri pamajêgan wau inggih sakalangkung sami sukanipun. Para garwanipun Senapati sami dipun kèn ambadhaya, sarta sami dipun kèn angladosi, [anglado...] [...si,] amborèhi lan anyumpingi sêkar dhatêng para mantri pamajêgan. Para mantri wau sangsaya sami rumaos kapotangan kasaenan dhatêng Senapati, lajêng sami prasêtya, ing benjing samangsanipun Senapati manggih mêngsah, para mantri wau sami purun yèn kaabêna prang, awit saking kathah kasaenanipun Senapati, botên sagêd amalês. Ingkang badhe kawalêsakên pêcahe kulitipun sarta wutahe gêtihipun. Senapati sarêng mirêng prasêtyanipun para mantri, sakalangkung suka ing galihipun. Pangandikanipun ing galih, ing saiki aku oleh rewang saka pitulunging Allah, kaya-kaya aku bakal bisa angêndhih karaton ing Pajang. Para Mantri Pamajêgan wau lajêng sami dipun ganjar busana kang adi-adi, sadaya waradin. Para Mantri sadaya sakalangkung suka manahipun, sarta sami matur gumarumung, angkat kula saking tanah Kêdhu Pagêlèn rumiyin, sumêja sami ngaturakên bulu bêkti dhatêng ing Pajang, samangke botên siyos. Sakathahe lêladosan kula bulu bêkti katura ing sampeyan sadaya, sabab botên sanes. Ing Pajang inggih ratu, ing Matawis inggih ratu, aturipun para mantri wau sarwi kêplok asênggak-sênggak. Senapati angandika, sakèhe sanakku para mantri kabèh, ya wis padha taktarima prasêtyamu, dene karêpku besuk bae padha sebaa [se...] [...baa] marang Pajang, barêng lan aku, yèn sultan duka aku kang malangi, sabab sabarang ing karsane kangjêng sultan wis ana ing aku, dene sanak-sanakku iki kabèh, yèn ana kang arêp ajênêng dêmang, răngga, ngabèi utawa tumênggung, aku wis dikuwasakake amaringi marang[13] kangjêng sultan. Para mantri wau sarêng mirêng, sangsaya ing sukanipun, anggêpipun sami angratu dhatêng Senapati, para mantri lajêng sami ambêksa sarta sami ngatingalakên ing kadigdayan tuwin katêguhanipun. Wontên ingkang onclang waos, tuwin angumpulakên towok, sarta angumbulakên sela kang bobot sadhacin, udhunipun sami dipun tadhahi dhadha utawi gigir, nanging sadaya botên wontên kang tumama, sabab para mantri wau sakalangkung sami digdaya sarta têguh.
BTJ 1.29.2
Anuntên wontên mantri satunggal anama Ki Bocor, punika sangêt susahe manahipun, aningali solahe kancanipun mantri, ciptaning manahipun. Kapriye kancaku iki kabèh, têka padha kapiluyu kapirare kabèh, padha kêna ing bujuke Senapati, padha arêp anjunjung ratu marang Senapati, ora bisa amatara yèn Senapati iku wong licik, kudu amungsuh ing Pajang, yèn mungguh aku dhewe durung gêlêm kaêrèha marang Senapati, mênawa aku durung angayoni ing kadigdayane, tak kira oraa kulit têmbaga, [tê...] [...mbaga,] lan ora otot kawat. Yèn dhasar ora pasah tak suduk kêrisku prêmati Si Kêbodhêngên iki, aku ya gêlêm angawula. Wondene Panêmbahan Senapati inggih sampun sumêrêp, yèn Ki Bocor badhe angayoni, sabab katawis ing solah, botên purun tumut kasukan. Ciptanipun Senapati, tak kira Si Bocor iku seje lan mantri akèh iki, ora bungah dening boja krama, kudu angayoni marang aku, nanging ya bênêr Si Bocor, aku iki upamane wong cebol, mêksa anggayuh langit. Amêsthi dèn ina, lan aku yèn kadigdayanku ora angungkuli ing wong akèh, măngsa bisaa dadi ratu amêngku ing tanah Jawa kabèh, Panêmbahan Senapati lajêng kondur, para mantri inggih sampun sami amakuwon. Senapati nuntên andhawahi dhatêng balanipun kang sami têngga regol. Ing samangsanipun Kyai Bocor lumêbêt dhatêng ing pura dipun kèndêlna kemawon. Sampun ngantos wontên kang amênging. Sarêng ing wanci dalu Ki Bocor sampun dandos, sumêja nyidra dhatêng Senapati, dhuwungipun cinoba, landhêpipun tinumpangan kapuk dinamonan bablas. Ki Bocor lajêng lumêbêt ing kadhaton ijèn. Sakathahipun tiyang ingkang sami têngga kori api[14] botên uninga, Senapati Ngalaga pinuju dhahar lênggah angungkurakên korining [kori...] [...ning] dalêm. Ki Bocor enggal narajang anyuduki, Senapati botên pasah sarta botên nolèh, eca dhahar kemawon. Pucuking dhuwungipun Ki Bocor ngantos pêpêr, Ki Bocor sayah lajêng dhawah ing siti sadhêku, dhuwungipun tumancêp ing siti, sangêt luma sariranipun. Ki Bocor nuntên ngujung sarta atur tobat. Senapati nolèh sarta ngandika, kakang Bocor, kula êmpun ngapura, sarta pracaya marang dika, Ki Bocor nuntên mantuk. Senapati ing wanci têngah dalu lajêng kesah, ingiring tiyang gangsal, anjujug ing Lipura, ing ngriku wontên sela kumlasa sae warninipun. Senapati lajêng sare wontên ing sela wau. kacariyos Ki Juru Martani ing wanci lingsir dalu wontên dalêmipun, dèrèng karsa sare, enggal kesah dhatêng ing kadhaton.
BTJ 1.29.3
Sumêja kêpanggih kalihan Senapati, sarêng dumugi ing regol pitakèn dhatêng tiyang ingkang têngga, wong tunggu lawang, putraningsun apa isih wungu, tiyang têngga kori amangsuli, Kyai Juru, sabibaring kasukan wau, suruping baskara ginanti padhanging căndra, putra dika lajêng kesah wikana purugipun. Kyai Juru sarêng mirêng ing aturipun tiyang têngga kori, lajêng sumêrêp ing purugipun Senapati, enggal dipun susul dhatêng ing Lipura, dumuginipun ing ngriku Senapati kêpanggih sare ing sela [se...] [...la] gêgilang, Kyai Juru enggal anggugah, wicantênipun. Thole tangia, jarene arêp dadi ratu, têka enak-enak turu bae. Anuntên wontên lintang dhawah saking langit. Mêncorong sakalapa dalasan tabonipun sumèlèh ing ulon-ulonipun cakêt Senapati. Kyai Juru sakalangkung kagèt. Sarta anggugah dhatêng ingkang putra, thole, kêbat tangia, kang mancorong kaya rêmbulan ana ing ulon-ulonmu iku apa. Senapati kagèt nuntên wungu, aningali sarta pitakèn. Sira iku apa, dene mêncorong ana ing dhuwurku turu, sajêgku durung tau wêruh. Lintang enggal sumaur kados manungsa, wruhanira ingsun iki lintang, ênggonira manêngkung[15] ngêningakên paningal, anêgês karsaning Hyang, ing saiki wis tinarima ing Allah, kang sira suwun kêlilan. Sira bakal jumênêng nata amêngku ing rat Jawa, tumurun marang anak putunira, padha jumênêng ratu ana ing Mataram tanpa timbang, kineringan ing mungsuh, sugih êmas lan sêsotya, buyutira besuk kang mêkasi dadi ratu ing Mataram. Nagarane nuli rêngka, kêrêp grahana sasi lan surya, lintang kumukus sabên bêngi katon, gunung padha guntur, udan awu utawa ladhu, iku cirining nagara bakal rusak. Lintang wau sasampuning wicantên makatên lajêng musna. Senapati ngandika salêbêting galih, ing saiki panyuwunku marang Allah wis kêlilan. Ênggonku sumêja dadi ratu anggêntèni ing rama sultan, tumurun marang anak putuku, minăngka damare ing tanah Jawa, wong tanah Jawa padha têluk kabèh. Kyai Juru sumêrêp ing batose kang putra, lajêng wicantên. Senapati, kowe aja ujub riya, amêsthèkake kang durung kêlakon, iku ora bênêr, yèn kowe ngandêl calathuning lintang, iku kowe luput. Sabab iku jênênge swara jais. Wênang goroh lan têmên, ora kêna dicêkêl ilate kaya manungsa, lan ing besuk mênawa kowe kêlakon pêrang karo wong Pajang, amêsthi lintang mau ora kêna kotagih utawa kojaluki tulung, ora wurung aku lan kowe padha angawaki pêrang dhewe, yèn mênang kowe mêsthi jumênêng ratu ana ing Mataram. Mênawa kalah ora wurung padha dadi boyongan. Senapati Ngalaga sarêng mirêng wicantêne kang paman, sakalangkung ênggènipun ngrêrêpa, sarta alon matur, paman, kadospundi kang dados pratikêl sampeyan. Kula inggih badhe amiturut. Kula upaminipun baita, sampeyan kêmudhinipun.