BTJ 1.30
Senapati lan Rara Kidul
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 137-143
BTJ 1.30.1
Kyai Juru angandika, thole, yèn kowe wis miturut, ayo padha nyênyuwun ing Gusti Allah, sakèhe kang angèl muga ginampangna, ayo padha andum gawe, kowe mênyanga ing sagara kidul. Aku tak munggah [mung...] [...gah] marang ing gunung Marapi, padha anyatakake karsaning Allah, ayo barêng mangkat. Kyai Juru lajêng mangkat dhatêng ing rêdi Marapi, Senapati Ngalaga mangkat ngetan lêrês. Anjog ing lèpèn Umpak, ambyur ing toya, nglangi ambathang anut ilining toya. Kacariyos wontên ulam laut, anama olor, punika kala rumiyin Senapati kalangênan dhatêng ing lèpèn Samas, anjala, ngrakat, tuwin ancolan susug. Kathah pirantosipun tiyang amêndhêt ulam. Utawi angsalipun ulam inggih kathah, anuntên ulam olor wau kacêpêng ing tiyang kathah, agêngipun anglangkungi, lajêng kabêkta mêntas kaaturakên Panêmbahan Senapati, Senapati sakalangkung suka aningali, ulam olor lajêng binusanan sarwa mas, pinaringan nama pun Tunggul Wulung, nuntên inguculakên dhatêng ing toya malih, ulam olor wau rumaos kapotangan gêsang dhatêng Senapati. Ing nalika punika ulam olor wau sumêrêp yèn Senapati angèli ing lèpèn anjog ing sawangan sagantên. Ulam olor lajêng angambang amêthukakên dhatêng Senapati, supados Senapati anitiha ing gigiripun, nanging Senapati botên karsa anitih, lajêng mêntas, jumênêng sapinggiring sagantên, sarta andêdonga ing Allah, anuntên prahara dhatêng, barat awor jawah, kêkajêngan kathah sêmpal tuwin sol. Alun sagantên agêngipun sarêdi-rêdi, swaranipun anggêgirisi, sarta toyanipun panas kados wedang, ulam kathah ingkang kaplêsat kabêntus ing karang têmahan sami pêjah wontên ing dharatan. Punika saking prabawanipun Panêmbahan Senapati ênggènipun andêdonga ing Allah. Kacariyos ing sagantên kidul ngriku wontên ingkang jumênêng ratu, wanodya anglangkungi ayunipun. Ing sajagad botên wontên ingkang nyamèni, anama Rara Kidul, angrèh sawarnine lêlêmbut ing tanah Jawi sadaya, kala samantên Rara Kidul pinuju wontên ing dalêm, pinarak ing kathil mas, tinarètès ing sêsotya, ingadhêp para jim pêri prayangan.
BTJ 1.30.2
Rara Kidul kagèt aningali gègèripun ulam ing sagantên. Sarta toyanipun panas kados ginodhog. Swaraning sagantên anggêgirisi. Rara Kidul wicantên salêbêting galih, salawasku urip aku durung andêlêng sagara kaya iki, kiye ya genea, apa kêna ing gara-gara, apa srêngenge runtuh bakal dina kiyamat. Nyai Kidul lajêng mêdal ing jawi, jumênêng wontên sanginggiling toya, aningali jagad padhang, botên wontên punapa-punapa, amung tiyang linuwih satunggil jumênêng wontên sapinggiring sagantên, angêningakên paningal nênêdha ing Allah, Nyai Kidul wicantên piyambak. Iku layake kang agawe gara-gara ing sagara, sarta lajêng sumêrêp ing saciptanipun Senapati, Rara Kidul enggal amurugi, lajêng nyêmbah anyungkêmi sukunipun Senapati sarta matur angrêrêpa, mugi sampeyan icalakên susahing galih sampeyan, supados sirnaa gara-gara punika, tumuntên mulyaa saisining sagantên kang sami risak kenging ing gara-gara, sampeyan mugi wêlasa dhatêng ing kula, sabab sagantên punika kula kang angrêksa, dene anggèn sampeyan anyênyuwun ing Gusti Allah samangke sampun angsal. Sampeyan lan satêdhak-têdhak sampeyan sadaya amêsthi jumênêng ratu, angrèh ing tanah Jawi tanpa timbang, utawi jim pêri prayangan ing tanah Jawi sadaya inggih karèh ing sampeyan. Upami ing benjing sampeyan amanggih mêngsah, sadaya inggih sami amitulungi, ing sakarsa sampeyan sadaya anut. Sabab sampeyan kang minăngka bapa babuning para ratu ing tanah Jawi. Senapati Ngalaga sarêng mirêng ature Nyai Kidul, sakalangkung suka ing galihipun. Sarta gara-gara wau inggih sampun sirna, utawi ulam ingkang sami pêjah inggih sampun gêsang malih. Nyai Kidul nyêmbah sarwi angujiwati, lumampah kondur dhatêng satêngahing sagantên. Senapati Ngalaga sangêt kasmaranipun, lajêng anut wingking [wing...] [...king] dhatêng Rara Kidul. Senapati lumampah sanginggiling toya kados angambah dharatan. Sadhatêngipun ing kadhaton sagantên lajêng sami pinarak ing kathil mas sakalihan, ingadhêp para pêri prayangan. Senapati Ngalaga eram aningali kadhatonipun Nyai Kidul, anglangkungi sae, ingkang kadamêl griya utawi pagêr banonipun sadaya mas sarta salaka, karikilipun ing palataran mirah, intên utawi sawarnine pêpêthetan ing pataman inggih sakalangkung sae, wowohan sarta sêsêkaranipun adi-adi sadaya, ing dharatan botên wontên sêsaminipun.
BTJ 1.30.3
Senapati wau ênggènipun pinarak adhêdhepelan kemawon lan Nyai Kidul. Sarta tansah anyantosakakên ing galih, emut yèn dede jinis. Wondene Nyai Kidul inggih anampèni ing sêmunipun Senapati, sarta tansah angujiwati Senapati Ngalaga mèsêm sarwi ngandika dhatêng Rara Kidul. Nimas ingsun arêp wêruh ing pasareanira, kaya apa rakite. Nyai Kidul matur, sumăngga botên wontên pakèwêdipun. Kula darmi têngga, sampeyan ingkang kagungan. Senapati astane lajêng dipun kanthi, kabêkta lumêbêt dhatêng ing pasarean, sami pinarak. Senapati alon ngandika, nimas, ingsun bangêt eram andêlêng paturonira, layake caritaning [cari...] [...taning] suwargan iya kaya iki, sajêg aku durung wêruh pêpajangan kaya iki, sêmbada lan kang duwe, dhasar ayu bisa angrêrakit. Ingsun aras-arasên mulih marang Mataram. Bakal katrêm ana ing kene, nanging cacade mung siji, dene ora nana wonge lanang, yèn ana wonge lanang kang bagus iba bêcike. Aturipun Nyai Rara Kidul. Sae lamban, jumênêng ratu èstri kemawon. Ing sakajêng-kajêng botên wontên kang amarentah. Senapati mèsêm sarwi ngandika, nimas, ingsun muga paringana tămba, ênggon ingsun kaedanan marang sira. Rara Kidul matur sarwi malerok. Kula botên sagêd ngaturi jêjampi, sabab kula dede dhukun, sampeyan ratu agêng, măngsa kiranga wanodya kang ngungkuli ing kula. Senapati manahipun kados dèn unggar, Rara Kidul lajêng pinondhong andumugèkakên karsanipun. Kacariyos Senapati anggènipun wontên sagantên kidul tigang dintên tigang dalu, tansah sih-sinisihan kalihan Rara Kidul. Senapati wau ing sabên dintên dipun wêjang ing ngèlmunipun tiyang umadêg ratu, ingkang ngèdhêpakên sakathahe manungsa lan jim pêri. Senapati angandika, bangêt panarimaningsun, ing sakèhe wurukira, lan ingsun ya pracaya, balikaning besuk. Yèn ingsun anêmu mungsuh, kang sun kongkon ngaturi ing sira sapa, wong ing Mataram amêsthi ora ana kang wêruh marang ing sira. Rara Kidul matur, makatên punika gampil kemawon. Bilih sampeyan karsa animbali dhatêng kula, sêdhakêp suku tunggal, nuntên tumêngaa ing awang-awang, amêsthi kula enggal dhatêng, sarta kula ambêkta bala jim pêri prayangan lan sadêdamêling prang. Senapati ngandika malih, nimas, ingsun pamit mulih marang ing Mataram. Wêwêkasira kabèh ya bakal ingsun èstokakên. Senapati sampun mangkat, angambah toya sagantên kados angambah dharatan. Sarêng dumugi ing Parangtritis kagèt aningali dhatêng sang pandhita Sunan Kalijaga lênggah pitêkur wontên sangandhaping Parangtritis. Senapati enggal angujungi, sarta angrêrêpa nyuwun pangapuntên, amargi ênggèning ngatingalakên kasaktènipun angambah sagantên botên têlês.