BTJ 1.37
Madiun lan Retna Jumilah
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 185-195
BTJ 1.37.1
Wondene Panêmbahan Senapati inggih sampun ingaturan pariksa dhatêng abdinipun têlik yèn Panêmbahan Madiun akanthi bupati kathah, badhe anggêbag ing Matawis. Panêmbahan Senapati enggal angundhangi balanipun. Angrakit gêgamaning prang, lan angêrigi nagari kang sampun sami kaêrèh. Sarêng sampun sami ngalêmpak pinuju ing wulan Mukaram. Panêmbahan Senapati lajêng budhal sabalanipun. Kyai Dipati Măndaraka inggih tumut. Lampahipun sampun dumugi sakilèning kitha Madiun. Amasanggrahan ing dhusun Kalidhadhung, sakilèning bangawan Madiun, ajêng-ajêngan kalihan mêngsah, nanging êlêt banawi. Panêmbahan Senapati sarêng sumêrêp mêngsahipun sakalangkung kathah, balanipun piyambak amung sakêdhik. Lajêng pirêmbagan kalihan Ki Dipati Măndaraka angupados akal. Sarêng sampun angsal akal, senapati nuntên ngandika dhatêng abdinipun èstri, anama Adisara, sakalangkung ayu warninipun. Adisara, kowe mênyanga kutha Madiun. Layangku iki aturna marang Panêmbahan Madiun. Unine layang iki, aku asêngadi têluk. Kang supaya ilanga pangati-atine, utawa ambubarna bêbarisane, kajabane nglayang măngsa bodhoa kowe gonmu murih lunture sihe marang aku, lan sira anganggo-anggoa sarta pêpaesa kang bêcik, sarta anungganga jolang, dene kang mikul jolangmu lan kang anggawa upacaramu prajuritku Jayataka wong patang puluh iku, yèn kowe dèn ganggu-ganggu marang para santana ing Madiun, ya ladenana sajabane paremana, naging aja nganti anjêroni. Bok Adisara aturipun sêndika, lajêng dandos busana kang sae-sae, sarta apêpaès. Warninipun sakalangkung ayu, kang aningali sami kasmaran. Nuntên mangkat anumpak jolang, sarta pinayungan, ingiring upacara amindha putri, lampahipun anêrak bêbarisan agêng ing Madiun. Tiyang ingkang bêbarisan [bê...] [...barisan] botên wontên kang nyujanani, sabab sami sumêrêp yèn kang dèn dhèrèk priyantun èstri, malah sami ningali sarta pitakèn, punika sintên. Wangsulanipun tiyang Matawis. Punika raja kula ing Mataram angaturi panungkul. Tiyang ing bêbarisan sarêng mirêng sakalangkung sami suka manahipun, anyipta yèn botên siyos prang. Kacariyos Panêmbahan Madiun punika putranipun Sultan Dêmak. Ingkang nanêm bupatos Sultan Pajang swargi. Panêmbahan Madiun sampun pêputra kêkalih, èstri satunggil, jalêr satunggil, pambajêngipun èstri sakalangkung ayu warninipun sarta sampun diwasa, anama Rêtna Jumilah, ingkang rayi anama Mas Lonthang,
BTJ 1.37.2
Rêtna Jumilah wau dipun taros krama botên purun. Wangsulanipun, inggih badhe purun krama yèn wontên marasêpuh anyêmbah dhatêng mantunipun, lan gadhah pêpanggil lading panyukur, ing saupami tiyang jalêr kapêrang ing lading, panyukur botên pasah, Rêtna Jumilah inggih purun kapêndhet garwa, yèn botên makatên inggih botên purun krama ing salaminipun. Kala sêmantên Panêmbahan Madiun pinuju lênggah wontên ing dalêmipun, ingadhêp para santana tuwin putrinipun. Kagèt aningali dhatêngipun Bok Adisara, dumrojog tanpa larapan. Lajêng anyungkêmi sukunipun panêmbahan. [panêmbaha...] [...n.] Panêmbahan alon andangu, kowe iki wong saka ngêndi lan jênêngmu sapa. Bok Adisara matur nêmbah, kula kengkenanipun abdi sampeyan Senapati ing Mataram. Nama kula pun Adisara, kula dipun utus angaturakên sêrat panungkul ing sampeyan. Sêrat lajêng tinampèn sarta winaos. Ungêling sêrat, Senapati anungkul sarta nêja ngawula, lan angaturakên nagari ing Matawis. Panêmbahan sasampuning maos sêrat lajêng ngandika, Adisara, kowe tutura marang anakku Senapati, aku ora niyat mungsuh marang dhèwèke, para bupati akèh iku kang bakal mungsuh marang Senapati, aku lan sabalaku dhewe ora milu-milu, sêrèhning bêndaramu wis sumêja nungkul marang aku mêngkono, para bupati akèh iku ya dakbubarne, sênajan padha abakal mungsuh marang Senapati aja pakumpulan ing nagara kene. Panêmbahan inggih lajêng angutus santananipun, andikakakên andhawahi para bupati ambibarna barisipun, sarta amisuwurakên yèn Senapati sampun têluk. Para bupati lan sabalanipun wau inggih lajêng wontên ingkang bibar, wontên ingkang taksih kantun wontên ing ngriku. Wondene bok Adisara wau sarêng mirêng pangandikanipun Panêmbahan Madiun, sakalangkung suka manahipun sarta matur, gusti, abdi [a...] [...bdi] sampeyan Senapati anyuwun kêkolohe pada sampeyan. Badhe dipun unjuk sarta kadamêl adus, supados andadosna kawilujêngan katêguhanipun. Akathah-kathah aturipun Bok Adisara wau gènipun amurih lunture sihipun panêmbahan dhatêng Senapati. Panêmbahan inggih lajêng anuruh padanipun ing toya, Adisara anadhahi ing bokor salaka, panêmbahan sarwi ngandika, Adisara, bêndaramu takpèk anak. Taksadulurake lan anakku loro, wadon siji, lanang siji, Adisara sakalangkung panuwunipun.
BTJ 1.37.3
Lajêng pamit mantuk dhatêng pasanggrahan. Senapati Ngalaga sarêng aningali Adisara taksih sae paèsipun, sakalangkung suka ing galihipun, lajêng andangu, Bok Adisara inggih matur ing wiwitan dumugi wêkasan, sarta matur yèn Panêmbahan Madiun darbe putra èstri, botên purun krama yèn botên wontên marasêpuh anyêmbah dhatêng mantunipun, sarta gadhah pêpanggil lading panyukur, Panêmbahan Senapati mirêng aturipun Bok Adisara sangêt suka ing galihipun. Sarta anggunggung dhatêng bok Adisara. Ki Dipati Măndaraka ngandika dhatêng Senapati, thole, sarèhning kowe sumêja dadi ratu, amêngku ing tanah Jawa kabèh, bêcike kowe sebaa ing Sunan [Su...] [...nan] Kalijaga ing Ngadilangu, anyuwuna kagungane rasukan, Kangjêng Kyai Gundhil atawa Kyai Ăntakusuma, dene caritane Kyai Gundhil mau mangkene, nalikane para wali padha angêdêgake masjid Dêmak, iku banjur padha dhikir ana sajroning masjid. Nuli ana buntêlan tiba saka ing dhuwur, kang kabênêr anduwèni Sunan Kalijaga, buntêlan mau barêng didêlêng rupa walulang wêdhus. Pasujudane Kangjêng Nabi Mukhammad. Sarta rupa jarit sal agême Kangjêng Rasul. Banjur digawe klambi marang Sunan Kalijaga. Sunan Bonang takon sababe digawe klambi, Sunan Kalijaga amangsuli, mulane digawe klambi, sabab bakal dadi panganggone para ratu kang angrèh ing tanah Jawa. Kang iku Senapati, yèn kulambi mau kosuwun diparingake, bakal andadekake pratăndha, yèn kowe bakal tulus dadi ratu ana ing Mataram, tumurun ing anak putumu, yèn ora diparingake, ya bakal ora tulus ênggonmu dadi ratu. Senapati Ngalaga sarêng mirêng pangandikane kang paman sakalangkung suka manahipun. Lajêng mangkat amung ambêkta rencang sawatawis sami kêkapalan sadaya, ikang têngga bêbarisan Ki Dipati Măndaraka. Sadhatêngipun ing Ngadilangu inggih sampun kêpanggih kalihan sang pandhita, Senapati matur nyuwun saratipun tiyang prang, sampun ngantos [nganto...] [...s] kadhawahan mimis supados wiyanaa, sang pandhita inggih lajêng amaringi rasukan kang nama Kyai Gundhil utawi Ăntakusuma wau. Senapati inggih nuntên wangsul dhatêng bêbarisan malih. Sarêng sanèsing dintên malih Senapati Ngalaga sumêrêp, yèn barisan ing Madiun salong bibar, ingkang taksih kantun sangêt weya, Senapati lajêng parentah anata balanipun kapara tiga, sumêja anggêbag bêbarisan Madiun,
BTJ 1.37.4
sampun sami jangji, ing wanci byar sampuna sami dumugi sawetan banawi, sarêng sampun sami samêkta, gêgaman agêng ing dalu lajêng sami nyabrang mangetan. Ing wanci byar sampun sami dumugi sabrang wetan. Lajêng sarêng umangsah ing prang, gumuruh swaraning surak. Sarta anitir bêndhe, sarwi ambêsmèni griya. Bala kang sami bêbarisan ing Madiun kagèt. Gugup ênggènipun nadhahi, lajêng prang rame, kathah kang sami pêjah. Senapati anitih kapal napas madu anama Puspakancana, sarta ngagêm rasukan Ăntakusuma, lajêng ngamuk kalihan waos. Bala bang wetan kathah kang pêjah, bala bang kilèn sakêdhik kang pêjah, lajêng dhadhal ing sapurug-purug. Sarêng wanci lingsir wetan titihanipun Senapati pêjah, amargi kataton. Nanging taksih kenging kadamêl prang, sarêng ing wanci lingsir kilèn Kyai Dipati Măndaraka sumêrêp sarta pitakèn. [pita...] [...kèn.] Senapati, jaranmu iku wis mati, kok isih kotunggangi, kapal wau inggih lajêng rêbah, Senapati malumpat sarwi wicantên. Paman, sampeyan punika dahwèn. Kapal kula punika gènipun pêjah kala lingsir wetan. Sawêk ambruk sapuniki. Senapati lajêng ngandika prasapa, besuk saturunku aja ana kang nunggang jaran napas, manawa ora kaya aku, Senapati lajêng lampahipun sumêja lumêbêt kadhaton Madiun. Kacariyos Panêmbahan Madiun sampun ingaturan uninga dhatêng balanipun, yèn Senapati anggêbag ing prang, ênggènipun ngaturi sêrat panungkul rumiyin kadamêl samudana kemawon. Balanipun para Bupati bang wetan tuwin bala Madiun sampun kathah kang pêjah, ingkang taksih sami gêsang sampun sami lumajêng sadaya, kantun tiyang salêbêting kadhaton punika, sajawining kadhaton sampun sami dipun jarah rayah dhatêng bala Matawis. Panêmbahan sarêng mirêng sakalangkung gêtun, sarwi ngandika, aku ora nyana yèn kaya mêngkene karêpe Senapati, dadi kêna dijênêngake Martawisa, marta lahire, batine wisa. Panêmbahan lajêng parentah dandos dhatêng garwa tuwin putranipun jalêr, sumêja kabêkta lolos. Nuntên ngandika dhatêng putranipun èstri kang nama Rêtna Jumilah, anakku ni putri, kowe [ko...] [...we] kèria tunggu kadhatonmu, sabab wis lumrahe yèn wong kalah pêrang iku dirayah sabarang duweke, lan diboyong putrine, karo dene yèn kowe ora sumurup, mulane Senapati iku kapati-pati ambêdhah nagaraku, ya kowe kang dirêbut. Rêtna Jumilah sarêng mirêng dhawahipun ingkang rama, lajêng anangis sarta aniba ing siti botên emut.
BTJ 1.37.5
Ingkang ibu tuwin para abdi inggih tumut nangis sadaya. Panêmbahan ngandika dhatêng êmban tuwin inyanipun sang putri punapa dene abdi èstri ingkang badhe katilar, kowe padha kèria atunggu gustimu, ora-orane kowe nêmu pati, lan gustimu yèn mêngko wis eling, krisku wasiyat iki wèhêna, jênênge Si Gumarang. Dhuwung sampun katampèn dhatêng êmbanipun sang putri, panêmbahan lajêng bidhal. Garwa tuwin putranipun jalêr botên kantun. Lampahipun mangetan, sumêja dhatêng Wirasaba. Wondene sang putri ingkang katilar wau inggih sampun emut saking anggènipun kantaka, êmban angaturakên dhuwung, sang putri sarêng sampun nampèni dhuwung anyipta sarênga pêjah kalihan Senapati, sang putri nuntên dandos cara jalêr, angagêm dhuwung, anyothe pistul, anyanthing sarampang, lajêng lênggah satêngahing dalêm. Senapati Ngalaga inggih sampun sumêrêp ing wartos. [war...] [...tos.] Yèn Panêmbahan Madiun sampun atilar nagari, putranipun èstri katilar wontên kadhaton. Senapati sakalangkung suka manahipun. Enggal lumêbêt ing kadhaton. Sarêng dumugi palataraning dalêm, lajêng dipun pistul dhatêng sang putri, nuntên kasawat ing sarampang, Senapati kenging jajanipun botên pasah, eca anggènipun lumampah kemawon. Sang putri enggal narik dhuwungipun wasiyat, sarta wicantên. Yèn kowe ora pasah taksuduk kêrisku iki nyata yèn têguh. Senapati sarêng aningali sang putri angunus dhuwungipun wasiyat, ajrih anyêlaki, nuntên kèndêl jumênêng wontên korining dalêm. sarta wicantên angrêrêpa aminta sihipun sang putri, akathah-kathah wicantênipun Senapati wau, amurih sang putri asiha dhatêng piyambakipun. Sang rêtna sarêng mirêng lajêng ical dukanipun. Karaos ing galihipun. Sariranipun lêsu, lênggah sarwi mengo, panyêpêngipun dhuwung rêntah botên sumêrêp. panêmbahan enggal amurugi, dhuwung sampun kapêndhêt kawrangkakakên lajêng cinêngkêlit.[1] Senapati lênggah nyandhing sang putri sarwi angungrum dhatêng sang putri, sang rêtna wicantên, Senapati, pêpanggilku kèri siji, yèn kowe ora pasah dakprang ladingku panyukur iki, aku ya gêlêm kopotha-potha, Senapati inggih lajêng dipun prang, lading panyukur ngantos melot [me...] [...lot] landhêpipun. Senapati botên pasah, sang putri enggal pinodhong dhatêng pasarean, andumugèkakên karsanipun. Sang putri wau sampun kapundhut garwa dhatêng Senapati, dhuwung wasiyatipun sang putri kaêlih nama Kyai Gupita. Ing enjingipun Senapati miyos sinewaka ing balanipun, tuwin para bupati ingkang sami sampun kaêrèh inggih sowan sadaya, Dipati ing Pathi sumêrêp yèn Senapati amêndhêt garwa, sangêt sakite manahipun. Lajêng pamit mantuk asêngadi nagarinipun kadhatêngan mêngsah, dipun ampah botên kenging, amêksa mantuk, sampun bidhal. Sapêngkêripun Dipati Pathi Senapati ngandika dhatêng Ki Măndaraka, paman, yèn sampeyan botên sumêrêp, pun adhi ing Pathi badhe ambalik. Sumêja amêngsah ing kula, Ki Dipati Măndaraka sangêt anggènipun gêtun.