BTJ 1.38
Bang Wetan Nglawan Mataram
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 195-203
BTJ 1.38.1
Senapati Ngalaga lajêng bidhal sabalanipun. Sumêja ambêdhah ing Pasuruan. Garwanipun putri ing Madiun inggih binêkta, lampahipun sampun dumugi watêse nagari Pasuruan. Lajêng masanggrahan wontên ing ngriku. Kacariyos Dipati Pasuruan sampun mirêng pawartos. Yèn nagarinipun badhe kabêdhah dhatêng Senapati, Dipati Pasuruan sangêt ajrih, sumêja nungkul kemawon. Sampun acawis rajabrana, badhe kaaturakên [kaatur...] [...akên] kang minăngka pratăndha ing panungkulipun. Anuntên wontên kalerehanipun bupati satunggil, anama Kanitèn. Punika sagah amêthukakên prangipun Senapati, atandhing sami ijèn. Inggih sampun dipun kèn mangkat dhatêng Dipati Pasuruan. Ki Kanitèn inggih lajêng mangkat, ingiring bala sawêtawis. Wondene Senapati inggih sampun sumêrêp, yèn wontên tiyang kang badhe mêthukakên prangipun. Senapati nuntên bidhal saking pasanggrahan, angagêm busana sarwa wulung sarta numpak kapal. Amung ambêkta bala kawan dasa, inggih sami ngangge sarwa wulung, asikêp waos sadaya. Wontên ing margi nuntên kêpêthuk kalihan Ki Kanitèn. Sarta dipun takèni, wangsulanipun Senapati, angakên lurah prajurit numbak cêmêng abdinipun Senapati, kautus amêthukakên prangipun Ki Kanitèn. Ki Kanitèn inggih pitados kemawon. Lajêng sami prang ijèn sarta numpak kapal. Balanipun sami nyuraki kemawon. Dangu anggènipun sami prang waos. Senapati nuntên andêdonga ing Allah, supados sagêda angawonakên pêrangipun Ki Kanitèn. Senapati nuntên amaos. Ki Kanitèn kenging gandhunipun botên pasah nanging lajêng dhawah saking kapal. Sarta lajêng kumpuh,[2] karosanipun ical. Ki Kanitèn nuntên dipun tumpakakên [tumpa...] [...kakên] kapal èstri lêlagaran pincang kêndhangsulipun dhadhung, kaantukakên dhatêng kitha Pasuruan. Ingiringakên tiyang kawan dasa wau, Senapati wangsul dhatêng pasanggrahanipun. Wondene Ki Kanitèn inggih sampun dhatêng ngarsanipun sang Dipati Pasuruan. Matur yèn sampun kawon prangipun kalihan lurah numbak cêmêng ing Matawis. Sang Dipati Pasuruan ngandika, yèn kowe ora sumurup. Baturmu prang mau ya ika Senapati, Ki Kanitèn matur malih, upami yèn kula wau sumêrapa, kang prang kalihan kula punika Senapati, amêsthi kula botên purun mantuk. Kula pilalah pêjah. Sang dipati mirêng atur mêkatên lajêng duka, Ki Kanitèn andikakakên madung gulunipun. Wadungipun ngantos tugêl. Ki Kanitèn botên pasah, lajêng dipun soki worworan timah cangkêmipun, Ki Kanitèn sampun pêjah. Sang dipati nuntên angganjar dhatêng tiyang kawan dasa abdinipun Senapati wau, sarta anglampahakên utusan angaturakên panungkul rajabrana warni-warni, lan angaturakên nagari ing Pasuruan. Utusan inggih lajêng mangkat. Sampun kêpanggih kalihan Senapati, sarta angaturakên bêbêktanipun sadaya. Senapati sakalangkung suka ing galihipun, sarta ngandika, kongkonan, matura marang gustimu, aku banjur mulih marang Mataram.
BTJ 1.38.2
Gustimu têtêpa ana nagarane bae, dene yèn ana parentahe para bupati ing bang wetan kene, ya dituruta bae, aja ambêngkalahi. Senapati lan sabalanipun lajêng bidhal kondur dhatêng ing Matawis. Kacariyos tiyang kang sami kawon prang kalihan Senapati wau, kathah kang sami ngungsi dhatêng Surabaya, punapa dene putranipun jalêr Panêmbahan Madiun kang nama Mas Calonthang, inggih angungsi dhatêng Surabaya, sampun kapundhut mantu dhatêng Pangeran Surabaya, lajêng kadadosakên bupati wontên ing Japan. Ing Wirasaba inggih katanêman bupati, anama Răngga Pramana, dene ing Kadhiri ingkang dados bupati anama Pangeran Mas. Gadhah sadhèrèk sakawan. Satunggil nama Senapati ing Kadhiri, kalih Saradipa, tiga Kenthol Jajanggu, sakawan nama Kartimasa. Ing sasedanipun Pangeran Mas wau lajêng dipun tanêmi bupati saking Pangeran Surabaya, anama Ratu Jalu. Senapati ing Kadhiri lan sasêdhèrèkipun sami sakit manahipun. Lajêng anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng ing Matawis, sumêja têluk sarta angabdi dhatêng Panêmbahan Senapati ing Matawis. Ingkang dipun utus anama Nayakarti, sêrat sampun kaaturakên ing Panêmbahan. Lajêng winaos. Panêmbahan Senapati, sasampuning maos sêrat sangêt suka ing galihipun. Lajêng ngandika dhatêng Pangeran Wiramênggala, Wiramênggala, sira mênyanga ing Kadhiri, amapaga Si Senapati, sira sun kanthèni Si Tumênggung Alap-alap, lan mantri pamajêgan. Sarta Bupati Pajang, ing Dêmak. Jagaraga lan sabalane kabèh, Si Tumênggung Alap-alap dadia kamituwaning laku andhèrèka ing sira, kongkonan ing Kadhiri iku sira anggawaa[3] barêng, manawa Senapati Kadhiri wis kumpul lan sira, nuli gawanên mulih marang Mataram. Si Tumênggung Alap-alap lan Bupati Dêmak, ing Pajang sira kon abacuk ambêdhah ing Ngrawa. Pangeran Wiramênggala lan ingkang sami kadhawahan wau sadaya aturipun sandika, lajêng sami mangkat. Sampun dumugi ing Kadhiri, amasanggrahan ing dhusun Pakuncèn sakilèning kitha Kadhiri. Wondene Bupati ing Kadhiri kang nama Ratu Jalu inggih sampun amêpak bala, sumêja mêthuk ing prang, sarêng ing wanci dalu, Senapati Kadhiri lan sasadhèrèkipun tuwin putra garwanipun lajêng sami lolos sakulawangsanipun antawis tiyang kalih atus. Sumêja kumpul kalihan tiyang Mataram. Sarêng Ratu Jalu sumêrêp nuntên dipun tututi, sumêja katumpês. Kacandhak wontên ing Krakal. Lajêng sami prang, bala Matawis enggal anulungi, arame prangipun namung sakêdhap. Balanipun Ratu [Ra...] [...tu] Jalu kêplajêng, lajêng tutup lawanging biting, tiyang Matawis botên anututi, putranipun mantu Senapati Kadhiri, anama Mas Balimbing kataton. Wondene Pangeran Wiramênggala inggih lajêng bidhal sumêja kondur, sarta ambêkta senapati, kèndêl wontên ing Jagaraga. Ki Tumênggung Alap-Alap lajêng dhatêng Ngrawa, ing Ngrawa inggih sampun bêdhah, èstrinipun binoyongan. Rajabrana tuwin rajakaya jinarahan.
BTJ 1.38.3
Ki Tumênggung Alap-alap nuntên bidhal dhatêng Jagaraga, sampun kumpul kalihan Pangeran Wiramênggala, lajêng bidhal dhatêng ing Matawis. Jarahan tuwin boyongan punapa dene senapati ing Kadhiri lan sakulawangsanipun inggih sampun katur ing Panêmbahan Senapati, senapati ing Kadhiri sampun pinaringan padalêman sasadhèrèkipun sadaya, sarta sami ginanjar busana kang sae-sae. Senapati Kadhiri wau pinundhut putra pambajêng dhatêng Panêmbahan, sarta sakalangkung dipun sihi, sampun pinaringan lêlênggah siti dhusun kalih bêlah èwu karya, sadhèrèkipun inggih sami dipun paringi siti dhusun sapantêsipun. Kala samantên Panêmbahan arsa adamêl pagêr banon kitha, ingkang dipun angge banon abrit lan banon pêthak. Ingkang anjênêngi nyambut damêl senapati Kadhiri, botên lami nuntên dados kutha bacingah, sakalangkung [saka...] [...langkung] prayogi, sinêngkalan 1509. Panêmbahan ngandika dhatêng Senapati, yagenea kutha iki ora sira dokoki lompongan pirantining bêdhil. Aturipun senapati Kadhiri, bilih wontên mêngsah dhatêng, sumêja kula pêthukakên sajawining nagari Matawis. Sampun ngantos mriki. Panêmbahan ngandika malih, ingsun ngrungu wirayat. Yèn ing Mataram iki besuk bakal rinusak marang wong bang wetan. Wong Mataram bakal kalah prange, iku sira apa ngrungu wirayat mêngkono, senapati matur, yèn taksih gêsang kula, kados botên badhe kêlampahan. Sabab kula ingkang sagah numpês tiyang bang wetan. Panêmbahan sakalangkung suka galihipun. Kacariyos para bupati bang wetan sami kaklêmpakan wontên ing Madiun. Sumêja ambêdhah ing Matawis. Ingkang dados pangagênging bupati anama Dipati Gêndhing kalih Dipati Pasagi, anuntên sami mangkat. Lampahing gêgaman dados kêkalih, Dipati Gêndhing nindhihi gêgaman sapalih, lampahipun mêdal salère rêdi Lawu, Dipati Pasagi sarta gêgaman sapalih mêdal sakiduling rêdi Lawu, sakalangkung agêng gêgamanipun. Wondene Panêmbahan Senapati inggih sampun ingaturan uninga dhatêng têlikipun, yèn bupati măncanagara bang wetan sumêja ambêdhah ing Matawis. [Matawi...] [...s.] Lampahing gêgaman maju ro. Panêmbahan lajêng amêpak bala, para putra santana tuwin para bupati Matawis sampun sami pêpak. Senapati Kadhiri nyuwun dados têtindhihing prang, Panêmbahan sampun ngantos têdhak piyambak. Panêmbahan inggih anuruti, gêgaman agêng sampun budhal. Têtindhihipun senapati Kadhiri, sarêng dumugi ing Taji gêgaman kapalih, Pangeran Purbaya angirit gêgaman sapalih, badhe amêthukakên mêngsah kang saking lèr, senapati Kadhiri angirid gêgaman kang sapalih, badhe amêthukakên mêngsah kang saking kidul. Anjog ing dhusun Ngutêr. Anuntên sarêng mangkat. Sampun sami kêpêthuk kalihan mêngsah, lajêng sami prang rame, bala bang wetan kathah kang pêjah, bala Matawis amung sakêdhik kang pêjah, senapati Kadhiri prang ijèn kalihan pamanipun kang nama Dipati Pasagi wau, awit sampun lami anggènipun sêsatron. Kalih-kalihipun sarêng pêjah sampyuh, para santana Matawis sarêng sumêrêp enggal sami ngamuk. Tiyang bang wetan kathah kang pêjah, lajêng dhadhal larut sadaya. Têtiyang Matawis sami ambêbandhang, nuntên bidhal mantuk. Sarta ambêkta jisimipun senapati, lan angrumiyinakên utusan angaturi uninga ing Panêmbahan, yèn senapati pêjah. Panêmbahan sangêt ngungun. Jisimipun senapati andikakakên mêtak ing dhusun Wêdhi, bala Matawis sampun [sa...] [...mpun] sami mantuk dhatêng ing Matawis. Panêmbahan lajêng anggêganjar ing balanipun sadaya kang sami mênang prang. Wondene adhinipun senapati kang nama Saradipa lajêng kaangkat dados bupati anama Martalaya, Ki Jajanggu kaangkat nama Dipati Supănta, Ki Kartimasa kaangkat nama Saradipa, Ki Mas Sari kadadosakên Dipati Dêmak. Utawi sanèsipun kang sami jinunjung lênggah.