BTJ 1.39

Pragola Pathi lan Pungkasaning Senapati

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 203-209

BTJ 1.39.1

Kacariyos bupati ing Pathi sumêja balela badhe amêngsah ing Matawis. Dipun ampah dhatêng para santananipun botên kenging, lajêng utusan dhatêng Matawis, anyuwun ngêrèh siti dhusun salère rêdi Kêndhêng sadaya, sarta anyuwun waos salandheyanipun, kathahipun satus. Utusan inggih sampun mangkat. Sampun kêpanggih kalihan Panêmbahan. Sarta angaturakên ing panyuwunipun ingkang rayi. Panêmbahan inggih lajêng amaringakên siti dhusun salère rêdi Kêndhêng sadaya, wondene waos inggih kaparingakên. Ananging waos kemawon, botên mawi landheyan. Utusan lajêng mantuk. Ing sapungkuring utusan, Panêmbahan ngandika wêwartos dhatêng Dipati Măndaraka, yèn dipati ing Pathi badhe ambalik. Ki Dipati Măndaraka sakalangkung ngungun. Wondene utusan ing Pathi wau inggih sampun matur dhatêng sang dipati lajêng parentah ambêbahak anêlukakên tiyang siti dhusun salère rêdi Kêndhêng, [Kê...] [...ndhêng,] sadaya inggih sampun sami nungkul. Amung nagari Dêmak ingkang băangga, amapag prang muwêr salêbêting biting. Adipati Pragola ing Pathi sarêng sampun kathah balanipun lajêng bidhal. Anglurug dhatêng Matawis, lan sabalanipun. Lampahing gêgaman sakalangkung rêsah, samargi-margi tansah anjarah ambêboyong, Adipati Pajang enggal ngaturi uninga dhatêng ing Matawis, yèn Dipati Pathi sumêja ambêdhah ing Matawis. Panêmbahan sarêng mirêng aturipun Dipati Pajang lajêng ngandika dhatêng putranipun ingkang nama Pangeran Dipati Anom. Thole, kowe mangkata lan wong Mataram kabèh, amapagna pamanmu ing Pathi, nanging aja kolawani prang, elingna bae, ewadene yèn mêksa lali iya ladenana, tumbakku iki ênggonên. Dipati Măndaraka sumambung, kapriye dene anakmu bae kang kokongkon mapag prang, takkira ora kêlar anadhahi prange Dipati Pathi. Panêmbahan amangsuli, paman, mila wayah sampeyan kemawon kang kula kèn mêthukakên. Pun adhi ing Pathi kula purih èngêta, lan măngsa kolua amêngsah prang kalihan anak kula. Ki Dipati Măndaraka inggih lajêng kèndêl. Pangeran dipati wau nuntên bidhal lan sabalanipun, kèndêl wontên ing Prambanan. Wondene gêgaman agêng ing Pathi sampun dumugi ing Kêmalon. Arêrêb wontên ing ngriku, sarêng enjingipun [e...] [...njingipun] lajêng bidhal majêng, pangeran dipati ing Matawis inggih nuntên bidhal. Amung ambêkta bala kang angampil upacara kemawon. Balanipun ingkang kathah sami katilar wontên ing Prambanan.

BTJ 1.39.2

Botên dangu nuntên kêpêthuk gêgaman ing Pathi, Sang Dipati Pathi kagèt aningali wontên priyantun amêthukakên lampahipun amung kairing ing upacara, dangu-dangu sang dipati botên pandung yèn ingkang putra kapenakan. Sang dipati sangêt kanggêg galihipun, sarta lingsêm. Enggal amurugi taksih numpak kapal sarta pitakèn, thole, bapakmu ana ngêndi, lan kowe mrene iku gawemu apa. Pangeran dipati matur taksih numpak kapal. Raka jêngandika taksih wontên ing wingking, kula dipun utus matur dhatêng sampeyan. Mênggah êggèn sampeyan badhe dhatêng Matawis punika damêlipun punapa, yèn badhe ngrêbat nagari ing Matawis punika tiyang kagungan sampeyan piyambak, sami ugi lan ing Pathi, sampeyan andikakakên wangsul kemawon. Sang Dipati Pragola ngandika sarta malengos. Aku wong wis sumurup watêke bapakmu iku, mung sok ngenaki ati bae, saiki kowe balia, bapakmu konên mrene, anêmonana aku padha tuwa. Pangeran dipati matur, bilih sampeyan botên karsa wangsul, sarta botên karsa èngêt anggèn sampeyan gadhah sadhèrèk [sa...] [...dhèrèk] dhatêng kangjêng rama, kula andikakakên angladosi ing sakarsa sampeyan. Sang dipati sarêng mirêng sangêt duka, sarta wicantên. Bapakmu iku bangêt ênggone mêjanani marang aku, kowe dudu tandhingku prang, kang dakancam-ancam bapakmu, bakal dakjak ngadu karosan sarta katêguhan. Kowe măngsa kêlara anadhahi prangku, kêbat balia bae, ngundanga bapakmu. Pangeran dipati mirêng wicantên sakalangkung duka, ingkang paman lajêng dipun tumbak. Sang dipati sangêt anjola, nanging botên pasah, sarta wicantên. Kowe iki bocah ora kêna digawe bêcik. Wis dikêbat balia, bapakmu bae konên mrene, pangeran dipati mêksa numbaki, sang dipati kraos sakit, nanging botên pasah, enggal nyandhak tumbak. Ingkang putra dipun buntar kenging jajanipun, aniba saking kapal karungkêb ing siti botên emut. Nuntên karêbat dhatêng balanipun, kabêkta dhatêng pasanggrahan Prambanan. Sarta sami ngaturi uninga dhatêng Panêmbahan. Dene sang dipati ing Pathi inggih lajêng kèndêl lan sabalanipun wontên ing ngriku cakêt lèpèn Dêngkèng sarta abêbiting, kang dipun damêl galugu. Panêmbahan Senapati sarêng dipun aturi uninga yèn ingkang putra katèmpêr, sangêt anggènipun kagèt. Lajêng angandika dhatêng garwanipun kang saking Pathi, bakyunipun dening Sang Dipati Pathi, nimas, adhimu wis lali têmênan.

BTJ 1.39.3

Pratandhane dene kolu anumbak kaponakane. Ingkang garwa matur, yèn mêngkatên kula inggih sampun lila pêjahipun rayi sampeyan, sabab sampun awon. Panêmbahan lajêng dandos. Sarêng sampun samêkta nuntên bidhalan bala kêkapal sadaya, lampahipun asêsandêran. Dumuginipun ing pasanggrahan Prambanan sampun dalu. Panêmbahan kèndêl sakêdhap anata bala, sarêng sampun tata lajêng bidhal wanci lingsir dalu, Ki Dipati Măndaraka botên kantun. Lampahing baris sampun cakêt lan bitingipun dipati, bala Matawis sami surak, bêndhe Kyai Bicak tinabuh, swaranipun angungkung, bala ing Pathi gègèr sami lumajêng ing sapurug-purug. Panêmbahan badhe lumêbêt ing biting botên pinanggih marginipun. Ki Dipati Măndaraka enggal anarik dhuwungipun. Anama Kyai Culik. Lajêng kapancasakên ing bètèng galugu, rantas têtiga, Kyai Măndaraka adêdah margi dhatêng ingkang putra, Panêmbahan enggal lumêbêt sakapalipun sarta bala ing Matawis. Lajêng sami ngamuk. Bala ing Pathi botên wontên kang sagêd malês. Kathah ingkang pêjah, Sang Dipati Pathi sarta balanipun kang taksih gêsang sami lumajêng atilar biting, kasarêngan lèpèn Dêngkèng banjir ladhu, bala ing Pathi sami ambyur, kathah kang pêjah dening toya, palajêngipun sang dipati [di...] [...pati] lan sabalanipun sumêja mantuk dhatêng ing Pathi, Panêmbahan lan sabalanipun anglud. Sang dipati sarêng dumugi ing nagarinipun, enggal utusan anêdha bantu dhatêng para bupati kang cêlak-cêlak ing Pathi, para bupati wau inggih sami ambantoni prajurit. Lajêng sami tata baris wontên ing Pathi. Panêmbahan inggih nuntên dhatêng lan sabalanipun, lajêng prang, tiyang ing Pathi kawon. Kathah kang pêjah, sami lumajêng ambyur ing lèpèn banjir, kathah kang pêjah dening toya, sang dipati ing Pathi botên kantênan pêjah tuwin gêsangipun. Bala Matawis sami angrêrayah, sarta ambêboyongi, bêdhahing Pathi sinêngkalan 1551. Panêmbahan nuntên kondur dhatêng Matawis lan sabalanipun. Kala samantên Panêmbahan Senapati sampun tulus anggènipun jumênêng ratu, nagari Matawis sakalangkung gêmah raharja, Ki Dipati Măndaraka matur, Panêmbahan dipun aturi anggêbag nagari bang wetan kang dèrèng nungkul. Wangsulanipun Panêmbahan, paman, sapunika dèrèng mangsanipun. Benjing putu kula kang anêlukakên tiyang tanah Jawi sadaya, jumênêng ratu agêng tanpa timbang, kula punika amung abêbadhe kemawon, kalih dene benjing yèn kula sampun tinêkakakên ing jaji,[4] kang kula lilani anggêntosi kula jumênêng ratu ing Matawis, anak kula pun Jolang, sanajan anèm. [anè...] [...m.] Sabab badhe anurunakên, wiji anak-anak kula sadaya, bilih wontên kang botên angestokakên ing wêwêling kula punika, sami kenginga bêbênduning Allah, sampeyan sarta pun adhi Mangkubumi ingkang sami anjumênêngêna ratu ing wayah sampeyan. Ki Dipati Măndaraka matur sandika. Kala samantên Panêmbahan Senapati anggènipun jumênêng ratu sampun tigang taun. Panêmbahan lajêng gêrah sangêt andadosakên sedanipun. Kasarèkakên sakilèning masjid, ing dagane kang rama, sinêngkalan 1552.