BTJ 2.3

Pambalikipun Pajang lan Bêdhahing Tuban

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 231-234

BTJ 2.3.1

Kacariyos Adipati Pajang sumêja balela, sampun kait kalihan Pangeran Mandurarêja bupati ing Matawis, kantun angupados jalaranipun kemawon. Wondene kangjêng sultan inggih sampun sumêrêp bab mêkatên wau. Anuntên kangjêng sultan mirêng wêwartos, yèn Ngabèi Tambakbaya mantri ing Pajang adarbe kapal, agêng inggil sarta bagus. Pantês yèn kaagêma ing kangjêng sultan. Kangjêng sultan lajêng utusan dhatêng Pajang, amundhut [amu...] [...ndhut] kapal wau, utusan inggih sampun dumugi ing Pajang, andhawahakên timbalan dalêm dhatêng Adipati Pajang, Adipati Pajang enggal animbali mantrinipun kang nama Tambakbaya, sarta ambêktaa gadhahanipun kapal. Ki Tambakbaya inggih sampun dhatêng sarta ambêkta kapalipun. Adipati Pajang lajêng dhawah amundhut kapal, awit kakarsakakên ing kangjêng sultan. Atur wangsulanipun Ki Tambakbaya botên suka, Ki Tambakbaya nuntên anumpaki kapalipun, kakitêrakên wontên ing ngriku, sarta amandhi waos, wicantênipun asêru, dene eman-eman jaranku dijaluk ing wong liya, kulitku iki mungguh tak gawe prang isih kanggo têlung sasi. Tambakbaya anjèwèr kulitipun sarta onclang waos. Utusan Matawis sarêng mirêng wicantênipun Ki Tambakbaya enggal mantuk tanpa pamit. Sadhatêngipun ing Matawis lajêng sowan ing

BTJ 2.3.2

kangjêng sultan, punapa ing sawicantênipun Tambakbaya inggih sampun kaaturakên sadaya. Kangjêng sultan lajêng parentah dhatêng para bupati tuwin para santana sadaya andikakakên êmbêdhah ing Pajang, ingkang kadadosakên senapatining prang Pangeran Mandurarêja, gêgaman agêng sampun bidhal. Pangeran Mandurarêja sangêt pakèwêd ing manahipun, dene kadadosakên senapati, anggènipun gadhah kaniyatan ambalik samangke botên siyos. Wondene adipati ing Pajang inggih sampun sumêrêp yèn dipun lurugi saking Matawis. Adipati Pajang sampun angatos-atos, sumêja mêthuk prang, ingkang minăngka andêl-andêlipun Ki Tambakbaya, ecaning manahipun dene sampun kait lan Pangeran Mandurarêja jangji badhe ngamuk saking ing wingking, botên nyana yèn cidra ing jangji, gêgaman Pajang sampun tata baris sajawining kitha. Botên dangu gêgaman Matawis dhatêng, lajêng campuh prang rame, bala ing Pajang kathah kang pêjah, Ki Tambakbaya angamuk kados banthăng kataton, nanging bala ing Pajang kêkathahên mêngsah, lajêng dhadhal lumajêng sadaya sarta sami amêmisuh dhatêng parentah Mandurarêja, dene dados wiwitaning nalar prang wusana cidra ing jangji. Palajêngipun Dipati Pajang kalihan Ki Tambakbaya mangetan lêrês, sampun nyabrang bêngawan Sêmanggi, sumêja ngungsi dhatêng Surabaya, bala ing Matawis lajêng anjarah sarta ambêboyongi, kapalipun Ki Tambakbaya kang nama pun Domba inggih sampun kabandhang dhatêng bala ing Matawis. Gêgaman sarêng sampun bidhal mantuk dhatêng ing Matawis. Kapal pun Domba utawi jarahan sanèsipun inggih sampun kaaturakên ing kangjêng sultan. Wondene palajêngipun Dipati Pajang kalihan Ki Tambakbaya inggih sampun dumugi sarta sampun katur ing Pangeran Surabaya, Ki Tambakbaya wau lajêng kathah umbagipun. Pangeran Surabaya sarêng mirêng umbagipun [umbagipu...] [...n] Tambakbaya sakalangkung nêpsu, Ki Tambakbaya dipun sanjata kamimisan kancana, Ki Tambakbaya botên pasah, mimis kancana gèpèng, Ki Tambakbaya lajêng kapundhut mantu, kaparingan nama Dipati Sanjata sarta sakalangkung dipun sihi, kadamêl andêl-andêling prang. Kala samantên kangjêng sultan parentah dhatêng Tumênggung Jasupănta andikakakên ambêdhah ing Tuban. Inggih sampun kalampahan. Ing Tuban rajabrananipun jinarahan. Èstri binoyongan, sami kabêkta dhatêng ing Matawis.