BTJ 2.4
Madura lan Surabaya Nungkul
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 234-237
BTJ 2.4.1
Tumênggung Jasupănta lajêng kaangkat nama Dipati Sujanapura, Dipati Sujanapura nuntên kautus malih, andikakakên ambêdhah ing Madura, sarta kakanthenan bupati pasisir sadaya. Ki Dipati Sujanapura inggih lajêng mangkat lan para bupati pasisir sabalanipun, sami numpak baita mêdal ing sagantên. Wondene Pangeran Madura inggih sampun mirêng pawartos, yèn dipun lurugi saking Matawis. Pangeran Madura lajêng anyuruhi Pangeran Sumênêp, Pangeran Pamêkasan, ing Balega, Pakacangan, tuwin Pangeran Surabaya, sadaya sampun ngalêmpak wontên ing Madura, sami tata baris pinggiring pasisir, anuntên gêgaman ing Matawis dhatêng saking laut, sumêja minggah ing dharatan. Lajêng dipun tadhahi saking dharatan. Arame prangipun, bala ing Matawis kathah kang pêjah dening mêngsah utawi dening toya, bala Matawis mundur anêbihi dharatan. Sarêng wanci bangun enjing bala Matawis sami minggah dhatêng dharatan, arêbat papan. Bala Madura pêngkuh arame prangipun. Bala Matawis tuwin bala Madura kathah kang pêjah, bala Matawis mundur prangipun, sami abêbiting wontên pinggiring pasisir, sarta anglampahakên utusan angaturi uninga ing kangjêng sultan yèn bala Matawis kasoran prangipun, Adipati Sujanapura pêjah. Kangjêng sultan inggih enggal amaringi bantu senapati, anama Panêmbahan Jurukithing putranipun Kyai Jurumartani swargi, Panêmbahan Jurukithing inggih sampun mangkat lan sabalanipun, dumugi ing pabarisan Madura. Sadhatêngipun Ki Jurukithing bala Matawis sami suka manahipun, Ki Jurukithing lajêng anata bala, tiyang kang sami pêjah ing paprangan kalênggahanipun sampun kasalundhingan anak tuwin sadhèrèkipun. Ki Jurukithing nuntên amaringi sarat sêkul. Sami dipun kèn nêdha nyakêpêl, amurih wilujêng salêbêting prang, bala Matawis lajêng sami mêdal kapurunanipun malih, enggal anabuh têngara umangsah ing prang, bala Madura anadhahi, arame prangipun. Mêngsah rewang kathah kang pêjah, wusana tiyang Madura kawon prangipun. Pangeran ing Sumênêp kalih Pangeran Pamêkasan sami pêjah wontên ing paprangan. Pangeran Madura têluk sarta ambêkta tiyang sèwu, sanèsipun saking punika sami lumajêng sadaya, bala Matawis nuntên bodhol mantuk dhatêng ing Matawis, sarta ambêkta Pangeran Madura, kaaturakên ing kangjêng sultan, kangjêng sultan sakalangkung asih dhatêng Pangeran Madura,
BTJ 2.4.2
dipun kramani adhi, kadadosakên wadananipun pulo ing Madura sadaya. Botên antawis lami kangjêng sultan parentah ambêdhah ing Surabaya, ingkang kadhawahan nama Tumênggung Mangunonêng, kakanthèn para bupati măncanagari sadaya, Ki Mangunonêng inggih enggal mangkat. Ing Surabaya lajêng kakêpung kapêpêtan marginipun ngupados têdha, Pangeran Surabaya nuntên têluk, utusan putranipun kang anama Radèn Mas Pêkik, angaturi pratăndha ing panungkulipun dhatêng Mangunonêng. Ki Mangunonêng nuntên anglampahakên utusan angaturi uninga ing kangjêng sultan, yèn Pangeran Surabaya sampun nungkul. Sapêngkêring utusan, Ki Mangunonêng lajêng bidhal, sumêja mantuk dhatêng ing Matawis sarta ambêkta Pangeran Surabaya sagarwaputranipun, kalih Dipati Pajang, tiga Ki Tambakbaya, lampahipun mêdal ing Kadhiri anjog ing Pranaraga, wontên ing Pranaraga nuntên kapêthukakên utusanipun kangjêng sultan. Dhawahipun kangjêng sultan, Ki Tumênggung Sapanjang andikakakên nanêm bupati ing Surabaya, dene Pangeran Surabaya [Suraba...] [...ya] sagarwaputranipun andikakakên nyukani pagriyan sajawining kitha Surabaya, botên kalilan maringi rencang, Adipati Pajang kalih Ki Tambakbaya kapundhut dhatêng ing Matawis. Ki Tumênggung Sapanjang lajêng bidhal dhatêng Surabaya sarta ambêkta Pangeran Surabaya. Ki Mangunonêng bidhal mantuk dhatêng Matawis. Sarêng lampahipun dumugi ing Pajang, kapêthukakên utusanipun ing kangjêng sultan. Ki Tambakbaya andikakakên amêjahi wontên ing ngriku, Ki Tambakbaya wau inggih lajêng binêsta kacêmplungakên ing lèpèn mawi kabandhulan sela, Ki Mangunonêng sampun mantuk dhatêng ing Matawis.