BTJ 2.5

Pambalikipun Adipati Pragola ing Pathi

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 237-242

BTJ 2.5.1

Kacariyos Adipati Pragola ing Pathi sumêja balela mêngsah ing Matawis, sampun anêluk-nêlukakên nagari kang cakêt-cakêt ing ngriku, sarta sampun adamêl bupati nênêm. Satunggil anama Mangunjaya, kalih Kandhuruwan, tiga Rajamênggala, sakawan Tohpati, gangsal Sawunggaling, nênêm Sindurêja, sadaya wau sampun sami prasêtya sarêng pêjah, namung Ki Mangunjaya kang agêgendholi, nanging sang dipati botên keguh, ing sadintên-dintên tansah angrakit gêgamaning prang sarta sampun kathah balanipun. Wondene kangjêng sultan ing Matawis sampun mirêng ing pawartos, yèn sang dipati ing Pathi

BTJ 2.5.2

ambalik. Sumêja mêngsah ing Matawis. Kangjêng sultan enggal parentah angrakit gêgaman. Sarêng sampun samêkta kangjêng sultan bidhal. Lampahing bala amindha gunung lêlampah, gêgaman awarni-warni, sampun dumugi têpiswiring ing Pathi, bala Matawis sami ambêbahaki padhusunan. Kangjêng sultan lajêng masanggrahan wontên ing ngriku, sang dipati ing Pathi sampun ingaturan uninga dhatêng balanipun. Yèn gêgaman ing Mataram dhatêng, têtindhihipun kangjêng sultan piyambak. Para bupati tuwin para santana sami andhèrèk sadaya, sang dipati ing Pathi enggal parentah ambidhalakên gêgaman, sumêja mêthuk prang sajawining kitha, sang dipati nuntên mangkat lan sabalanipun, sampun dumugi sajawining kitha, ajêng-ajêngan kalihan baris ing Matawis. Sang dipati andangu dhatêng balanipun. Panggonaning kangmas sultan ana ing ngêndi, ingkang dipun dangu matur, raka jêngandika panggenanipun lindhuk wontên ing wingking, sang dipati ngandika malih, hèh balaku kabèh, aja angopèni ing liyane, mung panggonane kangmas sultan bae tênggêlên, sanajan aku matia ana ngarsane kangmas sultan. Sang dipati lajêng anabuh têngara umangsah ing prang, bala Matawis anadhahi, arame prangipun. Bala ing Pathi agolong pangamukipun. Bala Matawis măncanagari tuwin pasisir kathah kang pêjah, sami lumajêng angungsi wingkingipun sang prabu, pangamukipun bala ing Pathi sami riwut, dhasar sami wantêr, sampun cakêt kalihan panggenanipun kangjêng sultan. Para santana ing Matawis enggal sami nadhahi, para bupati ing Pathi inggih têtumpêsan. Pangamukipun sang dipati sampun dumugi ngarsanipun sang nata, nuntên wontên abdinipun sang nata kapêdhak, kang angampil agêm dalêm waos Kyai Baru, anama Nayadarma, anyuwun lilanipun sang nata badhe amêthukakên pangamukipun sang dipati, awit bala kang sami wontên ngarsanipun kangjêng sultan sampun sami lumajêng. Sang nata inggih anglilani, Ki Nayadarma enggal mangsah ajêng-ajêngan lan sang dipati ragi kapering, waos Kyai Baru katamakakên. Sang dipati kenging lambungipun pasah lajêng pêjah aniba ing siti, balanipun kang sami kacêpêng gêsang sami anyuwun pêjah, inggih sampun sami kapêjahan. Dados balanipun sang dipati ingkang sami

BTJ 2.5.3

tumut prang wau sampun sami tumpês sadaya, amung Ki Mangunjaya piyambak ingkang taksih gêsang, lumajêng mantuk dhatêng ing Pathi, bala ing Matawis sami matur ing kangjêng sultan, yèn Dipati Pathi sampun pêjah, sarta sami rêbat angangkên mêjahi, kangjêng sultan lan mariksa waos Kyai Baru, sarêng katingal Kyai Baru gupak rah, kangjêng sultan ngandika, Si Nayadarma kang matèni adhi mas, pratandhane agêm ingsun tumbak Kyai Baru gupak gêtih, kangjêng sultan ngandika malih dhatêng Ki Tumênggung Alap-alap. Alap-alap, sira mênyanga [mênyang...] [...a] ing Pathi, lan Si Jagabaya, Arya Panular, Ngabèi Wirapati sarta mantri Mataram kabèh, sira amboyongana ing saisine nagara Pathi, yèn ana kang băngga patenana, sira anggawaa joli, bojone para prayayi padha tunggangana ing tandhu, poma sarupaning wong wadon utawa rajabrana aja ana kang kaliwatan. Tiyang sakawan aturipun sandika, nuntên mangkat sabalanipun. Kangjêng sultan inggih lajêng kondur dhatêng ing Matawis.

BTJ 2.5.4

Kacariyos palajêngipun Ki Mangunjaya sampun dumugi ing Pathi, angaturi uninga dhatêng garwanipun sang dipati, yèn ingkang raka seda wontên ing paprangan, balanipun tumpês. Sang rêtna lajêng anjêrit lan tiyang sadalêm sadaya, Ki Mangunjaya wau lajêng asuka pariksa dhatêng mantri sakawan ingkang tinanggênah têngga dalêm. Anama Suraprameya, kalih Răngga Jaladra, tiga Suraantaka, sakawan Pangalasan. Tiyang sakawan sarêng mirêng yèn gustinipun tumpês sabala sadaya, lajêng sami anangis. Sarta sami sumêja bela pêjahing gustinipun. Nuntên parentah dhatêng tiyang ing Pathi sakantunipun antawis kalih atus, dipun kèn sami angatos-atos. Botên dangu gêgaman Matawis dhatêng sarta sampun sami sumêrêp, yèn lêlampahipun badhe wontên kang malangi. Gêgaman Matawis sampun dumugi alun-alun Pathi, [Pa...] [...thi,] lajêng kapêthukakên prang rame, tiyang Matawis kathah kang pêjah, tiyang ing Pathi sarta mantri sakawan wau sampun sami pêjah sadaya, kantun Ki Mangunjaya piyambak lumajêng, angaturi uninga ing garwanipun sang dipati, tiyang sadalêm sangsaya sangêt panangisipun. Ki Mangunjaya enggal ngupadosi putranipun jalêr sang dipati, taksih alit, anama Radèn Răngga, sarêng kêpanggih lajêng kabêkta kesah, mêdal kori bêbutulan wingking, kabêkta ngungsi dhatêng ing rêdi Prawata, bêdhahing Pathi sinêngkalan 1570. Ki Tumênggung Alap-alap sakancanipun nuntên sami lumêbêt ing kadhaton, anacahakên sarta amboyongi sawarnining rajabrana tuwin

BTJ 2.5.5

tiyang èstri, garwanipun sang dipati ingaturan nitih joli, para sêlir kalihan garwanipun para priyantun katumpakakên ing tandhu, swaraning tangis gumuruh pating jalêrit, sami sêsambat gustinipun kang sampun seda, Ki Tumênggung Alap-alap lajêng bidhal saking kitha andhèrèkakên sawarnining bêboyongan. Lampahipun arêreyongan. Sampun dumugi ing Matawis. Garwanipun sang dipati sarta bêboyongan sadaya lajêng kalêbêtakên ing kadhaton. Kangjêng sultan enggal andangu dhatêng garwanipun sang dipati, purwaning pambalikipun têmah amêngsah sang prabu, aturipun ingkang garwa sang dipati, yèn awit saking Ki Tumênggung Endranata ing Dêmak, ingkang angadon-adoni awon. Sang nata sarêng mirêng atur makatên sangêt duka, enjingipun anuntên miyos sinewaka wontên ing sitinggil. Bala ing Matawis pêpak sadaya, sang nata ngandika sêru dhatêng abdi Martalulut lan Singanagara, hèh wong Martalulut lan Singanagara, enggal sudukana Si Endranata ana ing pagêlaran bae, dikongsi mati. Martalulut lan Singanagara inggih enggal sami anyuduki dhatêng Tumênggung Endranata sampun pêjah, ususipun kadamêl tontonan wontên ing pêkên.