BTJ 2.6

Pangeran Pêkik lan Wangsit Wanakarta

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 242-247

BTJ 2.6.1

Ing antawis lami sang nata apirêmbagan akalihan ingkang uwa Panêmbahan Purbaya, uwa Purbaya, sarèhning kula mirêng pawartos yèn Pangeran Surabaya samangke sampun pêjah atilar putra jalêr satunggil, anama Radèn Mas Pêkik, punika ingkang dados pikajêngan kula, Radèn Mas Pêkik badhe kula timbali, kula kèn gêgriya ing Matawis. Panêmbahan jumurung, sang nata nuntên utusan dhatêng Surabaya amondhongi Pangeran Pêkik. Utusan inggih sampun lumampah dhatêng Surabaya, kêpanggih kalihan Pangeran Pêkik andhawahakên timbalan dalêm. Aturipun Pangeran Pêkik sandika, enggal apradangdosan sagarwa tuwin brayatipun sadaya. Utusan Matawis wau lajêng andhawahi Tumênggu[5] Sapanjang, andhèrèka lampahipun Pangeran Pêkik. Dipun rêksaa lampahipun wontên ing margi, dhaharipun sampun ngantos kêkirangan. Ki Tumênggung Sapanjang aturipun sandika, nuntên bidhal andhèrèkakên Pangeran Pêkik. Lampahipun alon-alon. Sampun dumugi ing dhusun Butuh angujung ing astana, ing dalu lajêng sare adêdagan. Ing wanci lingsir dalu Pangeran Pêkik mirêng swara, ujaring swara, Ki Pêkik, wruhanamu, kowe besuk duwe putu lanang jumênêng ratu gêdhe, kadhatone ing alas Wanakarta, kaprênah sakuloning Pajang abêbala bacingah, jêjuluk Sunan Mangkurat. Pangeran Pêkik kagèt lajêng wungu, ing wanci enjing nuntên andika wartos dhatêng juru kunci ing ngriku, ki juru kunci sarêng mirêng pangandikanipun Pangeran Pêkik sakalangkung bingah sarta sokur ing Allah. Pangeran Pêkik anuntên bidhal. Lampahipun alon-lonan. Sarêng ngajêngakên dumugi Matawis, utusanipun sang prabu ingkang animbali wau angrumiyini angaturi uninga ing sang prabu, yèn pangeran sampun wontên ing margi, sang nata sakalangkung suka, nuntên miyos siniwaka wontên ing sitinggil. Bala ing Matawis pêpak sadaya, sang nata alon ngandika dhatêng Panêmbahan Purbaya, uwa, kadospundi ing prayoginipun, bilih Pangeran Pêkik ing mangke [mang...] [...ke] dhatêng, punapa kula kang ngabêkti, punapa piyambakipun ingkang ngabêkti dhatêng ing kula, panêmbahan amangsuli alon. Sinuhun, ing pamanah kula prayogi Pangeran Surabaya ingkang ngabêktia, mila makatên ing kalênggahanipun agêng panjênêngan dalêm, ing Surabaya taksih nama pangeran kemawon. Panjênêngan dalêm sampun jumênêng sultan. Kalih dene katimbalan dhatêng Matawis samangke inggih sowan. Sang prabu sakalangkung suka ing galih amirêng aturipun Panêmbahan Purbaya, botên dangu Pangeran Pêkik dhatêng wontên ing alun-alun, lajêng pepe sakiduling waringin kêmbar lan sakulawangsanipun sadaya. Sarêng sang nata ningali, nuntên andikakakên nimbali, Pangeran Pêkik tumuntên sowan minggah ing sitinggil. Sadhatêngipun ing ngarsane sang prabu, dhuwung kasèlèhakên ing siti nuntên angujung, sarwi matur anyêmbah, gusti, kula angaturakên ing pêjah gêsang kawula, amargi saking agêngipun ing kalêpatan kula, dene botên tumuntên sowan ing panjênêngan dalêm, angantos katimbalan. Ing mangke kula nyumanggakakên badan kula lan sabrayat kula sadaya, akathah-kathah aturipun Pangeran Pêkik. Sang nata sarêng mirêng aturipun Pangeran Pêkik sakalangkung suka ing galihipun sarta rêsêp aningali ing warninipun, abagus taksih neneman, mèh kêmbar kalihan sang prabu, kangjêng sultan alon ngandika, yayi ing Surabaya, mulane sira sun timbali, wus pinêsthi karsaning Allah, sêsotya iku tumrap ing êmbanan. Upamane ingsun

BTJ 2.6.2

pancuran, sira kang minăngka têlaga, upamane ingsun isi, sira kang minăngka wadhahe, dene têgêse, wus pinêsthi karsaning Allah, yèn sira bakal milu anurunake para ratu ing tanah Jawa, ananging sira kang urun wadon, ingsun kang urun lanang, dene karsaningsun ing saiki sira wismaa ana ing Mataram, ngênggonana ing kadipatèn. Nagara ing Surabaya iya ingsun paringakên ing sira maneh, mungguh panguwasanira iya misiha kaya kang wus kêlakon. Sira ana ing Mataram kene yayi aja taha-taha, ya ing Mataram, ya ing Surabaya, panganggêpmu padhanên bae. Pangeran Pêkik aturipun sandika, lajêng kaprênahakên adalêm ing kadipatèn. Botên antawis lami Pangeran Pêkik lajêng katariman ingkang rayi sang prabu, kang nama Ratu Pandhansari, atut ênggènira apalakrama, Pangeran Pêkik taksih sinisihan kalihan ingkang garwa. Sarêng sampun antawis lami, kangjêng sultan pinuju pinarak wontên ing dalêm. Nuntên utusan animbali Kangjêng Ratu Pandhansari. Pawongan inggih enggal lumampah dhatêng kadipatèn Surabayan. Garwanipun Pangeran Pêkik inggih [ing...] [...gih] sampun kairit dhatêng cèthi, malêbêt ing kadhaton. Sadhatêngipun ing ngarsane kangjêng sultan, Ratu Pandhanasari matur, kakang prabu, panjênêngan dalêm gêrah punapa, dene ênggènipun animbali ing kula enggal-enggalan. Kangjêng sultan alon angandika, laraningsun panggonane ing ati, adhi ajêng, larane atiningsun angluwihi bangêt. Dene ana pandhita siji durung nungkul marang ingsun, omahe ing Giri, liyane iku wong tanah Jawa wis padha nungkul kabèh, sira tutura marang lakinira, ing Giri sun têmpuhakên marang dhèwèke, supaya bisaa anungkul marang ingsun. Kang prayoga angrusak ing Giri amung lakinira, karana padha trahing pandhita. Ratu Pandhan matur sandika, nuntên lèngsèr saking ngarsaning kangjêng sultan. Sarawuhing dalêm inggih lajêng matur dhatêng ingkang jalêr punapa ing sadhawuhipun kangjêng sultan. Pangeran Pêkik angandika, yèn karsane kangjêng sultan kudu angrusak ing Giri, pinrih angidhêp marang Mataram, ing Giri wus prasasat kagêgêm ana ing tanganku, ya aku kang anyaguhi bêdhahe pratapan Giri, payo padha seba marang kadhaton, nyuwun pamit ing kangjêng sultan. Lajêng mangkat sarimbit.

BTJ 2.6.3

Kangjêng sultan sarêng aningali ingkang rayi sowan sarimbit, enggal katimbalan lênggah cakêt. Sang nata angandika, yayi ing Surabaya, kaya kapriye karêpira. Pangeran Surabaya matur nêmbah, kula sandika anglampahi ing sadhawuh dalêm anggêcak ing Giri, sanajan mintaa sraya ing nagari sanès, kula botên ajrih, kawula nyuwun pamit badhe mangkat. Sang nata inggih anglilani, garwanipun dikakakên ambêkta, ingkang rayi sakalihan nuntên ngujung, kangjêng sultan andêdonga, mugi salamêta sarta unggula yudanipun ingkang rayi. Pangeran Pêkik lan kang garwa sampun mundur saking ngarsane kangjêng sultan, sarawuhe ing dalêm apradandosan. Nuntên bidhal lan sabalanipun anjujug ing Surabaya, atata-tata wontên ing griku, sarêng sampun samêkta lajêng bidhal anglurug dhatêng Giri.